Amos
9 Aku ndelok Yéhuwah+ ngadeg ing cedhak mézbah lan kandha, ”Gebugen pucuké tugu kuwi sing banter bèn tugu kuwi goyang. Potongen pucuké tugu kuwi. Wong-wong sing isih urip bakal Tak patèni nganggo pedhang bèn ora ana sing isa lolos.+
2 Nèk wong-wong kuwi nggali tanah bèn isa dienggo ndhelik ing Kuburan,*
Tangan-Ku bakal ngangkat wong-wong kuwi saka kono.
Nèk wong-wong kuwi munggah ing langit,
Wong-wong kuwi bakal Tak edhunké.
3 Nèk wong-wong kuwi ndhelik ing puncak Karmèl,
Aku bakal nggolèki lan nggawa wong-wong kuwi saka kono.+
Nèk wong-wong kuwi ndhelik ing dhasar laut,
Aku bakal mréntahké ula bèn nyokot wong-wong kuwi.
4 Nèk wong-wong kuwi ditawan mungsuh-mungsuhé,
Aku bakal matèni wong-wong kuwi nganggo pedhang.+
Aku bakal ngukum lan ora mberkahi wong-wong kuwi.+
5 Gusti sing Mahakuwasa, Yéhuwah pemimpiné pasukan, sing ngukum* tanah iki
Supaya tanah iki goncang+ lan kabèh penduduké sedhih.+
Wong-wong kuwi bakal bingung kaya banyuné Kali Nil ing Mesir pas banjir,+
Lan kaya banyuné Kali Nil sing mbludag.’
6 ’Dhèwèké sing mbangun dalan munggah menyang langit,
Sing nggawé kubah sing nutupi bumi,
Sing nglumpukké banyu saka laut
Bèn isa diesokké ing bumi,+
Yéhuwah kuwi jenengé.’+
7 Yéhuwah kandha, ’Hé wong Israèl, kanggoku kowé kaya keturunané wong Kus.
Aku nggawa kowé metu saka Mesir+
Lan nggawa wong Filistin metu saka Kréta+ lan wong Siria saka Kir.’+
8 ’Aku, Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, wis ngamati kerajaan sing kebak dosa iki,
Lan Aku bakal nyingkirké kerajaan iki saka bumi.+
Ning, ora kabèh keturunané Yakub bakal Tak singkirké,’+ kandhané Yéhuwah.
9 ’Sebab Aku mènèhi préntah,
Nèk wong Israèl kudu diayak ing antarané kabèh bangsa,+
Kaya wong sing nggoyang-nggoyangké ayakan,
Lan ora ana krikil sing tiba.
10 Kabèh wong dosa ing antarané umat-Ku bakal dipatèni nganggo pedhang,
Yaiku wong-wong sing kandha, ”Awaké dhéwé ora bakal kena bencana.”’
11 ’Wektu kuwi, Aku bakal mbangun manèh pondoké Daud+ sing ambruk.
Bagéané sing jebol bakal Tak dandani,
Lan reruntuhané bakal Tak bangun manèh.
Kuwi kabèh bakal Tak bangun lan bakal dadi kaya mbiyèné,+
12 Bèn umat-Ku isa ngrebut apa sing isih ana ing Édom+
Lan ing kabèh bangsa sing disebut nganggo jeneng-Ku,’ kandhané Yéhuwah, sing nindakké iki kabèh.
13 Yéhuwah kandha, ’Sukmbèn, sakdurungé rampung manèn, umat-Ku wis kudu mbajak,
Lan sakdurungé rampung ngidak-idak anggur, umat-Ku wis kudu nyebar benih.+
14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+
Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+
Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+
Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+
15 ’Aku bakal nandur wong-wong kuwi ing tanahé,
Yaiku tanah sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi ora bakal dicabut manèh saka kono,’+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahmu.”