Januari
Kemis, 1 Januari
Kowé kudu mikir kaya wong sing wis gedhé.—1 Kor. 14:20.
Pas anaké lair, wong tuwa mesthi seneng banget. Tapi, nèk bayiné kuwi ora ndang gedhé-gedhé, wong tuwané mesthi ya kuwatir. Meskipun bayiné kuwi lucu, wong tuwané mesthi péngin bayi kuwi terus bertumbuh. Padha kaya ngono, Yéhuwah seneng pas awaké dhéwé mulai sinau Alkitab. Tapi, Dhèwèké ya péngin awaké dhéwé terus maju. (1 Kor. 3:1) Yéhuwah ngomong nèk awaké dhéwé kudu dadi wong Kristen sing déwasa. Ing Alkitab, kata Yunani ”déwasa” ya isa berarti nduwé sifat-sifat sing luwih apik. (Éf. 4:13, cathetan ngisor) Kaya bayi sing terus bertumbuh dadi déwasa, hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah ya kudu terus tambah akrab. Bahkan nèk wis akrab, ya kudu terus nggawé kemajuan.—1 Tim. 4:15. w24.04 2 ¶1, 3
Jumat, 2 Januari
Kémah-Ku bakal ana ing antarané wong-wong kuwi. Aku bakal dadi Gusti Allahé.—Yèh. 37:27.
Selama iki, njenengan nganggep Yéhuwah kuwi apa? Ana sing nganggep Yéhuwah kuwi Bapak, Gusti Allah, utawa Kanca. Tapi, apa njenengan tau mikir nèk Yéhuwah kuwi kaya Tuan Rumah sing ngundang njenengan dadi tamuné? Ing Mazmur 15:1, Raja Daud nyebutké nèk Yéhuwah ngundang umaté sing setya dadi tamuné. Daud ngomong, ”Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu? Sapa sing éntuk manggon ing gunung-Mu sing suci?” Saka kata-katané Daud kuwi, awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé isa dadi tamuné Yéhuwah, utawa dadi sahabaté. Sakdurungé nyiptakké kabèh, Yéhuwah dhèwèkan. Tapi bar nyiptakké Anaké sing pertama, Yéhuwah dadi Tuan Rumah sing nyambut tamuné sing pertama ing kémahé. Menurut Alkitab, Yéhuwah ”seneng” banget karo Anaké. Anaké ya ”terus ngrasa seneng ing ngarepé” Yéhuwah.—WB. 8:30. w24.06 2 ¶1-3
Setu, 3 Januari
Zadok [kuwi] wong lanang enom sing hébat lan kendel.—1 Bb. 12:28.
Bayangna peristiwané. Wektu kuwi, ana luwih saka 340.000 wong lagi ngumpul ing bukit cedhak Hébron kanggo ndadèkké Daud dadi raja Israèl. Selama telung dina, meréka seneng-seneng, nyanyi-nyanyi, lan muji Yéhuwah. (1 Bb. 12:39) Ing antarané wong akèh kuwi, ana cah lanang enom sing jenengé Zadok. Mungkin wektu kuwi dhèwèké ora pati menonjol. Tapi, Yéhuwah nggatèkké dhèwèké lan péngin awaké dhéwé ngerti soal dhèwèké. (1 Bb. 12:22, 26-28) Zadok kuwi imam sing akrab karo Imam Agung Abiatar. Zadok ya dikèki kawicaksanan lan kesanggupan saka Gusti Allah bèn isa ngerti karepé Gusti Allah. (2 Sam. 15:27) Zadok kuwi wongé ya kendel. Ing akhir jaman iki, serangané Sétan saya suwé saya medèni. (1 Ptr. 5:8) Makané, sakdurungé Yéhuwah nyingkirké Sétan lan balané, awaké dhéwé kudu kendel. (Mzm. 31:24) Awaké dhéwé isa niru Zadok sing kendel. w24.07 2 ¶1-3
Minggu, 4 Januari
Umuré Adam 930 taun, terus dhèwèké mati.—PD. 5:5.
Wektu nyiptakké pasangan manungsa sing pertama, Yéhuwah pénginé meréka bahagia. Meréka dikon manggon ing Taman Èden sing apik banget lan dikèki tugas sing nyenengké. Bar nikah, meréka nduwé keturunan sing bakalé ngebaki bumi lan nggawé seluruh bumi dadi Firdaus. Yéhuwah mung ngekèki préntah siji thok. Nèk meréka sengaja nglanggar préntah kuwi, berarti meréka dosa. Yéhuwah wis ngélikké nèk akibaté dosa kuwi mati. Bar kuwi, ana malaékat jahat sing ora sayang karo Yéhuwah lan manungsa, ngojok-ojoki Adam lan Hawa bèn nglanggar préntahé Yéhuwah. Sayangé, Adam lan Hawa manut Sétan. Meréka ora percaya karo Yéhuwah sing wis sayang banget karo meréka. Omongané Yéhuwah dadi kenyataan. Merga ora manut, Adam karo Hawa suwé-suwé dadi tuwa lan akhiré mati.—PD. 1:28, 29; 2:8, 9, 16-18; 3:1-6, 17-19, 24. w24.08 3 ¶3
Senèn, 5 Januari
Tumindakmu kudu sesuai karo omongané Gusti Allah, aja mung ngrungokké thok.—Yak. 1:22.
Yéhuwah lan Yésus péngin awaké dhéwé bahagia. Ing Mazmur 119:2 ditulis, ”Wong sing manut karo peraturané lan saktulusé ati nggolèki tuntunané kuwi bahagia.” Yésus ya ngomong, ”Wong sing bahagia kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké omongané Gusti Allah.” (Luk. 11:28) Umaté Yéhuwah kuwi wong sing bahagia merga meréka saben dina maca Alkitab lan berupaya ngetrapké sing wis dipelajari. (Yak. 1:22-25) Kuwi isa nggawé Yéhuwah seneng. (Pkh. 12:13) Nèk manut naséhat ing Alkitab, mengko hubungané awaké dhéwé karo keluarga lan sedulur seiman ya dadi luwih apik. Terus, awaké dhéwé ya terhindar saka masalah-masalah sing isa waé muncul nèk ora manut préntahé Yéhuwah. Kuwi cocog karo sing disebutké Raja Daud ing laguné. Bar nyebutké soal hukum, petunjuk, lan keputusané Yéhuwah, Daud ngomong, ”Nèk manut, mesthi bakal éntuk akèh berkah.”—Mzm. 19:7-11. w24.09 2 ¶1-3
Selasa, 6 Januari
Dhèwèké nambani wong sing lara ati. Luka-lukané wong kuwi diperban.—Mzm. 147:3.
Saka swarga, Yéhuwah nggatèkké umaté. Dhèwèké ngerti wektu umaté lagi sedhih utawa seneng. (Mzm. 37:18) Wektu ndelok umaté berjuang bèn tetep setya meskipun lagi sedhih, kecéwa, utawa lara ati, Yéhuwah seneng. Tapi ora mung seneng, Dhèwèké ya péngin menghibur, nguwatké, lan nyemangati umaté. Ana gambaran sing apik soal carané Yéhuwah nggatèkké wong sing atiné wis luka. Ing Mazmur 147:3 disebutké nèk ”luka-lukané wong kuwi diperban”. Nah, piyé bèn isa éntuk manfaat saka kepeduliané Yéhuwah? Gambarané ngéné: Dokter sing berpengalaman ngerti akèh cara kanggo nambani wong sing terluka. Tapi bèn isa mari, wong sing terluka kuwi kudu manut omongané dokter. Nah ing Alkitab, Yéhuwah ya tau ngomong karo wong-wong sing atiné wis luka lan ngekèki petunjuk. w24.10 6 ¶1-2
Rebo, 7 Januari
Kabèh kuwi disingkirké saka bumi.—PD. 7:23.
Mbiyèn ing publikasi tau dibahas soal piyé Yéhuwah ngadili wong-wong sing ora bener. Wektu kuwi dijelaské nèk wong-wong sing dihukum Yéhuwah ora bakal diuripké manèh. Ing Alkitab ana beberapa kisah sing nyritakké piyé Yéhuwah ngadili wong-wong sing ora bener. Misalé, pas jamané Nuh, Yéhuwah ngukum kabèh wong kecuali Nuh lan keluargané nganggo Banjir Gedhé. Yéhuwah ya mbantu bangsa Israèl ngalahké pitu bangsa ing tanah Kanaan. Terus, Yéhuwah ya tau ngongkon malaékat siji matèni 185.000 tentara Asiria. (PT. 7:1-3; Yés. 37:36, 37) Apa berarti wong-wong kuwi bakal mati saklawasé lan ora bakal diuripké manèh? Awaké dhéwé ora ngerti. Soalé, ing Alkitab ora ana keterangan sing isa dadi dhasar kanggo nyimpulké kuwi. Ana hal-hal sing awaké dhéwé ora ngerti. Ing kisah-kisah sing disebutké mau, awaké dhéwé ora ngerti Yéhuwah ngadiliné saben wong kuwi piyé. Awaké dhéwé ya ora ngerti apa wong-wong sing wis mati kuwi tau éntuk kesempatan kenal Yéhuwah lan bertobat. w24.05 3 ¶5-7
Kemis, 8 Januari
Kalahna kejahatan nganggo apa sing apik.—Rm. 12:21.
Pas jamané Yésus, ana akèh wong sing diperlakukan ora adil. Makané, wektu Yésus nyritakké perumpamaan soal randha, sing bola-bali njaluk karo hakim bèn nggawèkké keputusan sing adil kanggo dhèwèké, para murid isa ngerti perasaané randha kuwi. (Luk. 18:1-5) Awaké dhéwé mesthi ya tau diperlakukan ora adil, makané mesthi isa memahami perasaané randha kuwi. Akèh wong saiki seneng mbédak-mbédakké, jahat, lan srakah. Makané, awaké dhéwé isa waé diperlakukan ora adil. (Pkh. 5:8) Nèk sing memperlakukan kaya ngono sedulur seiman, mesthi rasané lara banget. Tapi élinga nèk para sedulur kuwi ora sempurna. Dadi mesthi meréka ora sengaja. Wektu diperlakukan ora adil karo para penentang, Yésus tetep sabar. Awaké dhéwé péngin niru Yésus. Nèk karo para penentang waé kudu sabar, apamanèh karo sedulur seiman. w24.11 2 ¶1-2
Jumat, 9 Januari
Ing endi ya awaké dhéwé isa tuku roti bèn isa mènèhi wong-wong kuwi mangan?—Yoh. 6:5.
Makanan utamané wong-wong ing jaman Alkitab kuwi roti. (PD. 14:18; Luk. 4:4, cathetan ngisor) Malah saking umumé, kata ”panganan” ing Alkitab kuwi biasané maksudé roti. (Mat. 6:11, cathetan ngisor) Loro mukjijaté Yésus sing terkenal kuwi ya soal roti. (Mat. 16:9, 10) Salah sijiné ditulis ing Yohanes bab 6. Bar nginjil ing endi-endi, Yésus ngejak rasul-rasulé numpak kapal nyebrangi Laut Galiléa bèn isa istirahat. (Mrk. 6:7, 30-32; Luk. 9:10) Meréka tekan ing panggonan sing sepi ing cedhak Bètsaida. Tapi ora suwé bar kuwi, ana éwonan wong sing teka nggolèki Yésus. Yésus gelem nyambut meréka. Dhèwèké gelem nyedhiakké wektu kanggo mulang meréka soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké sing lara. Pas wis soré, para rasul mulai mikir nèk wong-wong kuwi butuh mangan. Mungkin ana sing wis nggawa sangu, tapi akèh-akèhé kudu lunga ing désa-désa cedhak kono kanggo tuku panganan.—Mat. 14:15. w24.12 2 ¶1-2
Setu, 10 Januari
Hadiahé Gusti Allah kuwi urip saklawasé liwat Kristus Yésus Gustiné awaké dhéwé.—Rm. 6:23.
Wong tuwané awaké dhéwé sing pertama, Adam karo Hawa, mauné sempurna lan manggon ing Firdaus. (PD. 1:27; 2:7-9) Meréka uripé kecukupan lan isa urip saklawasé. Tapi, Adam karo Hawa nggawé dosa. Akibaté, Yéhuwah ngusir meréka saka Taman Èden lan meréka ora isa urip saklawasé. Terus, keturunané éntuk warisan apa? Ing Alkitab disebutké, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji [Adam], lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati merga kabèh wong wis dosa.” (Rm. 5:12) Sing diwariské Adam kanggo keturunané kuwi dosa sing marakké kematian. Dosa warisan iki kaya utang sing gedhé banget, lan ora ana keturunané Adam sing isa nglunasi utang kuwi. (Mzm. 49:8) Yésus madhakké dosa kaya ”utang”. (Mat. 6:12; Luk. 11:4, cathetan ngisor, lan keterangan tambahan) Merga dosa, awaké dhéwé seolah-olah nduwé utang karo Yéhuwah. Utang kuwi kudu dibayar. Nèk ora dibayar, awaké dhéwé kudu mati kanggo nglunasi dosa kuwi.—Rm. 6:7. w25.02 2-3 ¶2-3
Minggu, 11 Januari
Aku wis nduduhké jeneng-Mu marang wong-wong.—Yoh. 17:26.
Awaké dhéwé dikèki tugas nyritakké soal Kerajaané Gusti Allah. Tugas iki istiméwa soalé ora kabèh wong dikèki tugas iki. Mbiyèn pas ing bumi, Yésus ora ngéntukké roh-roh jahat nyritakké soal dhèwèké. (Luk. 4:41) Saiki, wong sing péngin nginjil karo Seksi Yéhuwah ya kudu memenuhi syarat-syarat sing wis ditentokké. Nèk nganggep tugas iki istiméwa, awaké dhéwé mesthi bakal martakké kabar apik ing endi waé lan kapan waé. Kaya Yésus, awaké dhéwé péngin ngupaya sing paling apik kanggo nginjil lan mulang wong-wong soal Alkitab. (Mat. 13:3, 23; 1 Kor. 3:6) Merga niru Yésus, organisasiné Yéhuwah ya berupaya bèn akèh wong isa ngerti jenengé Gusti Allah. Salah siji buktiné kuwi liwat Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar. Ing kono, jenengé Gusti Allah diterjemahké sesuai karo naskah asliné. Saiki, terjemahan Alkitab kuwi wis ana lengkap utawa sebagian ing luwih saka 270 basa. w24.04 9 ¶8-9
Senèn, 12 Januari
Anak-anaké ngadeg lan muji dhèwèké.—WB. 31:28.
Sedulur-sedulur lanang sing saben dina biasa nduduhké nèk sayang bojoné, isa menikmati perkawinan sing bahagia. (1 Yoh. 3:18) Cara nduduhkéné isa liwat hal-hal sing sederhana. Misalé, meluk utawa nggandhèng tangané bojoné. Dhèwèké mungkin ya isa ngirimi chat kanggo takon piyé perasaané bojoné dina kuwi, utawa ngomong nèk kangen. Kadhang-kadhang, dhèwèké isa nduduhké rasa sayangé kuwi nèk ngekèki kertu, kembang, utawa hadiah. Nèk melakukan kuwi, wong lanang mbuktèkké nèk ngajèni bojoné lan meréka bakal tambah saling menyayangi. Wong lanang sing ngajèni bojoné bakal berupaya bèn bojoné ngrasa disayangi lan dihargai. Salah siji carané, aja lali ngomong ”maturnuwun” kanggo apa sing wis dilakukan bojoné. (Kol. 3:15) Nèk wong lanang tulus wektu muji bojoné, sing wédok bakal ngrasa ayem, disayangi, lan diajèni. w25.01 11 ¶15; 13 ¶16
Selasa, 13 Januari
Aku Yéhuwah Gusti Allahmu, . . . sing nuntun kowé bèn kowé ngerti apa sing kudu mbok tindakké.—Yés. 48:17.
Ing akhir Mazmur 15 ana janji, ”Wong sing nindakké kabèh kuwi bakal tetep kukuh.” Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia. Makané, Dhèwèké ngongkon awaké dhéwé ngupayakké hal-hal sing disebutké ing Mazmur 15. Nèk manut Yéhuwah, awaké dhéwé bakal éntuk akèh berkah lan dilindhungi Yéhuwah. Wong-wong sing dadi tamuné Yéhuwah nduwé harapan sing nyenengké. Kanggo wong-wong pilihan, Yésus wis nyiapké ”akèh panggonan” ing swarga. (Yoh. 14:2) Terus, sing nduwé harapan ing bumi bakal ngrasakké wektu janji ing Wahyu 21:3 kelakon. Isa diundang dadi tamu ing kémahé Yéhuwah lan dadi sahabaté nganti saklawasé kuwi bener-bener kesempatan sing istiméwa banget.—Mzm. 15:1-5. w24.06 13 ¶19-20
Rebo, 14 Januari
Luhurna Yéhuwah merga jenengé.—Mzm. 96:8.
Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing hébat lan luar biasa. Beberapa hari sakwisé mbébaské bangsa Israèl saka Mesir, ing Gunung Sinai, Yéhuwah nduduhké nèk Dhèwèké mémang pantes diluhurké. Bayangna situasiné: Jutaan wong Israèl ngumpul arep ngrungokké omongané Yéhuwah. Ngerti-ngerti, ana awan sing peteng banget sing nutupi Gunung Sinai. Bar kuwi ana gempa bumi, kilat, bledhèg, lan swara trompèt sing banter banget. (Pa. 19:16-18; 24:17; Mzm. 68:8) Bangsa Israèl mesthi takjub banget ndelok kehébatané Yéhuwah. Saiki, awaké dhéwé ya isa ngluhurké Yéhuwah. Carané, nyritakké soal kuwasané sing gedhé lan sifat-sifaté sing nentremké. Terus wektu berhasil melakukan sesuatu, ya berupaya bèn sing dipuji kuwi Yéhuwah.—Yés. 26:12. w25.01 2 ¶2-3
Kemis, 15 Januari
Aku diutus Yéhuwah.—Wi. 16:28.
Wektu kuwi, pas lagi perjalanan arep ing Tanah Perjanjian, ana wong-wong lanang penting sing nantang Musa lan ora trima nèk Musa sing dipilih Yéhuwah kanggo mimpin. Meréka ngomong, ”Bangsa iki [ora mung Musa] suci lan Yéhuwah ana ing tengah-tengahé bangsa iki.” (Wi. 16:1-3) Ya mémang, menurut Yéhuwah ”bangsa” kuwi suci. Tapi, sing wis dipilih Yéhuwah kanggo mimpin kuwi Musa. Dadi sakjané, wektu meréka protès karo Musa, kuwi padha karo protès karo Yéhuwah. Meréka kuduné mikirké karepé Yéhuwah, tapi meréka malah mikirké karepé dhéwé. Meréka péngin nduwé kekuasaan lan dianggep penting. Akhiré, wong-wong sing mbrontak kuwi karo para pendhukungé dipatèni Yéhuwah. (Wi. 16:30-35, 41, 49) Saiki, Yéhuwah ya ora seneng karo wong-wong sing ngrèmèhké arahan organisasiné. w24.07 11 ¶11
Jumat, 16 Januari
Wahyu iki bakal kelakon nurut wektu sing wis ditentokké.—Hab. 2:3.
Saiki, akèh-akèhé wong ora percaya nèk donya iki sedhéla manèh bakal diakhiri. Meréka malah ngécé awaké dhéwé merga percaya soal kuwi. (2 Ptr. 3:3, 4) Meskipun ana hal-hal sing awaké dhéwé ora ngerti, awaké dhéwé kudu beriman nèk akhir kuwi mesthi bakal kelakon lan Yéhuwah bakal nglindhungi. Awaké dhéwé ya kudu beriman nèk saiki Yéhuwah nuntun umaté liwat ”budhak sing setya lan wicaksana”. (Mat. 24:45) Wektu sengsara gedhé dimulai, mungkin awaké dhéwé ya bakal éntuk petunjuk sing spésifik. Dadi, awaké dhéwé kudu percaya karo wong-wong sing dikèki wewenang ing organisasiné Yéhuwah. Nèk saiki ora percaya lan ora manut arahané meréka, mengko pas sengsara gedhé ya angèl manut. w24.09 11 ¶11-12
Setu, 17 Januari
Ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sempurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.—Rm. 12:2.
Nèk wong tuwané beriman karo Gusti Allah, ora otomatis anaké ya wis mesthi beriman. Dadi, wajar nèk anaké njenengan mulai takon-takon: ’Apa buktiné nèk Gusti Allah ana tenan? Apa isiné Alkitab bener-bener isa dipercaya?’ Ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ’mikir’ lan ”mastèkké” kabèh perkara. (Rm. 12:1; 1 Tés. 5:21) Nah, piyé carané mbantu bèn imané anak-anak tambah kuwat? Kandhanana anak-anak bèn mbuktèkké dhéwé nèk sing diajarké ing Alkitab kuwi bener. Nèk anaké njenengan takon, kuwi malah kesempatan kanggo ngandhani carané nggolèki jawabané nganggo sarana riset. Misalé, Indeks Publikasi Menara Pengawal lan Panduan Riset untuk Saksi-Saksi Yehuwa. Bèn isa ngerti bukti-bukti nèk Alkitab kuwi mémang ”omongané Gusti Allah” dudu mung karangané manungsa, kongkonen dhèwèké nggolèki ing Panduan Riset ing topik ”Alkitab” ing subjudhul ”Diilhamkan Allah”.—1 Tés. 2:13. w24.12 14-15 ¶4-5
Minggu, 18 Januari
Kabèh . . . kudu mbok wulangké marang wong-wong sing isa dipercaya, sing bakal sanggup mulang wong liyané.—2 Tim. 2:2.
Piyé carané para pinituwa niru Yésus? Para pinituwa kudu nglatih sedulur-sedulur lanang, termasuk sing isih enom, bèn sedulur-sedulur kuwi mengko akhiré isa nduwé luwih akèh tanggung jawab ing organisasi. Wektu nglatih, para pinituwa ya kudu éling nèk sedulur-sedulur kuwi mungkin isih akèh kurangé. Makané, meréka kudu kerep ngekèki naséhat, tapi carané sing apikan. Dadi, sedulur-sedulur kuwi isa belajar rendah hati, isa diendelké, lan réla nglayani sedulur-sedulur liyané. (1 Tim. 3:1; 1 Ptr. 5:5) Tugas saka Yésus kanggo murid-muridé kuwi ora mung kanggo martakké kabar apik thok, tapi ya mulang. Para murid isa waé ngrasa ora trampil melakukan tugas kuwi. Tapi, Yésus yakin nèk meréka isa. Malah saking yakiné Yésus nganti ngomong, ”Kaya Bapak wis ngutus aku, aku ya bakal ngutus kowé.”—Yoh. 20:21. w24.10 16 ¶15; 17 ¶17
Senèn, 19 Januari
Daud . . . , wong sing nyenengké ati-Ku.—Kis. 13:22.
Daud kuwi raja sing dipilih Yéhuwah. Dhèwèké ya setya karo Yéhuwah. Daud kuwi pemain musik, penyair, pejuang, lan nabi. Dhèwèké wis ngadhepi akèh kesulitan. Selama bertaun-taun, Daud dadi buronan merga dioyak-oyak arep dipatèni Raja Saul. Bar dadi raja, Daud ya kudu mlayu merga Absalom anaké péngin ngrebut takhtané. Meskipun ngadhepi kesulitan-kesulitan kuwi lan ya tau nggawé dosa gedhé, Daud terus setya nganti mati. Yéhuwah nyebut Daud ’wong sing nyenengké atiné’. Naséhaté Daud mesthi bener-bener bermanfaat. (1 Raj. 15:5) Misalé, gatèkna naséhaté Daud kanggo Salomo, anaké sing bakal dadi raja Israèl berikuté. Salomo sing isih enom wis dipilih Yéhuwah kanggo mbangun bait bèn wong-wong isa nyembah Yéhuwah. (1 Bb. 22:5) Ana akèh kesulitan sing bakal diadhepi Salomo. Daud ngandhani Salomo, nèk manut Yéhuwah, Salomo bakal dadi suksès.—1 Raj. 2:2, 3. w24.11 10 ¶9-11
Selasa, 20 Januari
Kowé kudu gelem dituntun Yéhuwah. Kowé kudu ngendelké Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal tumindak kanggo kepentinganmu.—Mzm. 37:5.
Bèn hubungané karo Yéhuwah lan bojoné isa apik manèh, wong lanang sing wis melakukan kekerasan fisik lan omongané kasar kudu melakukan hal-hal iki: Pertama, kudu sadhar nèk perbuatané kuwi ora isa dianggep sepélé. Yéhuwah ngerti kabèh perbuatan lan omongané. (Mzm. 44:21; Pkh. 12:14; Ibr. 4:13) Keloro, ora éntuk nglarani bojoné manèh lan kudu ngubah kelakuané. (WB. 28:13) Ketelu, kudu ngakoni kesalahané lan tulus njaluk ngapura karo Yéhuwah lan bojoné. (Kis. 3:19) Dhèwèké ya kudu njaluk bantuané Yéhuwah bèn nduwé kepénginan kanggo berubah lan isa nglakoni sesuai karepé Yéhuwah. (Mzm. 51:10-12; 2 Kor. 10:5; Flp. 2:13) Kepapat, kudu bertindak sesuai isi dongané, yaiku kudu sengit karo apa waé sing jahat. (Mzm. 97:10) Kelima, kudu langsung njaluk bantuané para pinituwa ing jemaat. (Yak. 5:14-16) Keenem, mulai mikirké hal-hal sing isa dilakukan bèn sukmbèn ora mbalèni manèh perbuatan kuwi. w25.01 11 ¶14
Rebo, 21 Januari
Apa manèh sing mbok entèni? Kowé kudu ndang dibaptis.—Kis. 22:16.
Ana cara sing paling apik kanggo nduduhké nèk sayang banget karo Yéhuwah lan bener-bener bersyukur merga dikèki berkah, termasuk kehidupan. Carané yaiku nggawé janji ngabdi lan dibaptis. Nèk wis dibaptis, njenengan bakal dadi anggota keluargané Yéhuwah. Merga njenengan wis dadi duwèké Yéhuwah, Yéhuwah bakal dadi Bapak lan Sahabat sing selalu siap nuntun lan nggatèkké njenengan. (Mzm. 73:24; Yés. 43:1, 2) Terus, merga nggawé janji ngabdi lan dibaptis, njenengan ya bakal nduwé kesempatan kanggo urip saklawasé. (1 Ptr. 3:21) Isa waé, ana hal-hal sing marakké njenengan ragu-ragu kanggo ndang dibaptis. Ana akèh wong sing ya tau ngrasa kaya ngono. Tapi, sakwisé berupaya memenuhi syarat kanggo dibaptis lan ngubah tingkah lakuné, meréka saiki akhiré bahagia nglayani Yéhuwah. w25.03 2 ¶1-2
Kemis, 22 Januari
Njenengan bener-bener ngapura dosané manungsa.—Mzm. 130:4.
Ing Alkitab, dosa kerep dipadhakké kaya beban sing abot. Raja Daud tau ngomong, ”Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan, kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.” (Mzm. 38:4) Tapi, Yéhuwah gelem ngapura utawa ngampuni wong sing wis bener-bener bertobat. (Mzm. 25:18; 32:5) Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”ngapura” ing ayat-ayat iki artiné ”ngangkat” utawa ”nggawa”. Dadi isa dibayangké nèk Yéhuwah kuwi kaya wong sing kuwat banget sing ngangkat bebané awaké dhéwé, terus beban kuwi digawa lunga. Ing Alkitab ya ana perumpamaan sing nduduhké nèk Yéhuwah nyingkirké dosa kuwi nganti adoh banget. Ing Mazmur 103:12 disebutké, ”Adohé kaya wétan karo kulon.” Wétan kuwi jarak sing paling adoh saka kulon. Wétan karo kulon ya ora mungkin ketemu. Kuwi berarti, Yéhuwah nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti sak adoh-adohé. Rasané mesthi lega banget. w25.02 9 ¶5-6
Jumat, 23 Januari
Nèk kowé mènèhi sedhekah, aja mbok critak-critakké.—Mat. 6:2.
Bar Yésus munggah swarga, Rasul Pétrus nggawé mukjijat marèkké wong lanang sing lumpuh kèt lair. (Kis. 1:8, 9; 3:2, 6-8) Ana akèh sing ndelok mukjijat kuwi lan padha kagum. (Kis. 3:11) Élinga, Pétrus ya digedhèkké ing antarané wong-wong sing seneng diunggul-unggulké. Isa waé hal-hal kuwi marakké Pétrus dadi péngin dipuji-puji. Tapi, Pétrus malah ngongkon wong-wong bèn muji Yéhuwah lan Yésus. Pétrus ngomong, ”Merga jenengé Yésus lan merga aku karo Yohanes nduwé iman marang jeneng kuwi, mula wong lumpuh sing mbok delok lan sing mbok kenal kuwi dadi mari.” (Kis. 3:12-16) Awaké dhéwé ya isa niru contoné Pétrus sing berupaya rendah hati. Wektu berbuat baik, apa awaké dhéwé melakukan kuwi mung merga péngin dipuji-puji utawa mémang merga sayang Yéhuwah lan wong liya? Nèk bener-bener rendah hati, awaké dhéwé bakal seneng nglayani Yéhuwah lan wong liya ora soal upayané awaké dhéwé digatèkké lan dihargai wong liya apa ora.—Mat. 6:1-4. w25.03 10-11 ¶11-12
Setu, 24 Januari
Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi conto sing apik lan dadi guru sing apik.—1 Tim. 4:16.
Bèn tambah semangat nginjil, kudu éling nèk tugas iki bukti awaké dhéwé sayang Yéhuwah lan wong liya. (Mat. 22:37-39) Bayangna, piyé perasaané Yéhuwah pas ndelok awaké dhéwé nginjil lan piyé bahagiané wong-wong pas akhiré ngerti ajaran sing bener. Élinga, nèk meréka akhiré mutuské nglayani Yéhuwah, meréka isa urip saklawasé. (Yoh. 6:40) Meskipun ora isa ing endi-endi, merga sayang Yéhuwah lan wong liya, awaké dhéwé isa tetep menikmati nginjil. Contoné, Samuel karo Diana. Selama pandemi COVID-19, meréka mung isa ing omah terus. Tapi, meréka ngupaya kanggo rutin ngekèki kesaksian liwat télpon, nulis surat, lan mandhu pelajaran Alkitab liwat Zoom. Meskipun sing isa dilakoni terbatas, Samuel karo Diana tetep ngupayakké sing paling apik. Hasilé, meréka isa menikmati nginjil. w24.04 18 ¶15-16
Minggu, 25 Januari
Sapa sing isa éntuk wong wédok sing apik bèn isa didadèkké bojo? Wong wédok kuwi luwih berharga timbang watu sing berharga saka laut.—WB. 31:10.
Meskipun nikah kuwi dudu jaminan bèn isa bahagia, ana akèh sedulur enom lan tuwa sing péngin nduwé bojo. Tapi sakdurungé pacaran, njenengan kudu akrab sik karo Yéhuwah, kudu wis déwasa lan ora kekanak-kanakan, terus ya kudu bertanggung jawab soal keuangan. (1 Kor. 7:36) Njenengan ya kudu ngerti sik arep nggolèk pasangan hidup sing kaya apa. Soalé nèk ora ngono, isa waé ana wong sing sakjané cocog kanggo njenengan, tapi njenengan ora ngerti. Utawa njenengan malah pacaran karo wong sing ora cocog kanggo njenengan. Sing pasti, nèk mèh nikah, kudu karo sing wis dibaptis dadi Seksi Yéhuwah. (1 Kor. 7:39) Tapi, ora kabèh sing wis dibaptis kuwi mesthi cocog dadi pasangané njenengan. Mulané pikirna: ’Aku nduwé rencana-rencana apa? Aku péngin nduwé bojo sing sifat-sifaté piyé? Apa sing tak karepké kuwi masuk akal?’ w24.05 20 ¶1; 21 ¶3
Senèn, 26 Januari
Kowé kudu apikan karo wong liya.—Éf. 4:32.
Piyé nèk ana masalah utawa béda pendapat selama pacaran? Nèk padu terus, apa kuwi berarti kalian wis ora cocog manèh? Durung mesthi, soalé kabèh pasangan kadhang ya béda pendapat. Perkawinan isa langgeng kuwi nèk suami karo istri saling ngajèni lan gelem ngalah. Dadi, carané kalian saiki ngatasi masalah kuwi sakjané nduduhké piyé carané kalian ngatasi masalah mengko pas wis nikah. Mulané, kalian isa mikirké pertanyaan-pertanyaan iki: ’Wektu ana masalah, apa kami isa tetep tenang, saling ngajèni, lan ngrembug masalahé apik-apik? Apa kami gelem ngakoni kesalahan lan ora mbalèni manèh? Apa kami gelem ngalah, njaluk ngapura, lan gampang ngampuni?’ (Éf. 4:31) Tapi mémang, nèk selama pacaran kalian padu terus, mungkin pas nikah ya bakal padu terus. Dadi, nèk njenengan ngrasa dhèwèké ora isa dadi pasangan hidup sing apik kanggo njenengan, mungkin putus kuwi sing paling apik kanggo kalian berdua. w24.05 29 ¶12
Selasa, 27 Januari
Muga-muga Yéhuwah, Gunung Watuku, dipuji. Dhèwèké sing ngajari aku perang.—Mzm. 144:1.
Nèk selalu nglakoni sing bener lan nggawé keputusan berdasarkan pathokan ing Alkitab, awaké dhéwé isa dadi conto kanggo wong liya. Semakin akèh mempelajari Alkitab lan tambah percaya Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dadi setya lan péngin selalu manut pathokané. Terus, dadi ora gampang bingung, ragu-ragu, utawa terpengaruh karo ajaran palsu lan cara mikir sing ora sesuai karo pikirané Yéhuwah. (Éf. 4:14; Yak. 1:6-8) Awaké dhéwé ya siap mbantu sapa waé sing ngalami kesusahan. (1 Tés. 3:2, 3) Para pinituwa kudu isa ngendhalèni kebiasaané, nduwé pertimbangan sing apik, tertib, lan masuk akal. Meréka ya nduwé tanggung jawab kanggo nggawé para sedulur ngrasa damai, terus akrab karo Yéhuwah, lan dikuwatké. Meréka isa kaya ngono nèk terus ”manut karo ajaran sing isa dipercaya”. (Tit. 1:9; 1 Tim. 3:1-3) Liwat teladan lan kunjungan penggembalaan, para pinituwa isa nyemangati para sedulur bèn rutin ngibadah, nginjil, lan pelajaran pribadi. Wektu para sedulur kuwatir, para pinituwa isa ngélingké meréka bèn ngendelké Yéhuwah lan éling janjiné Yéhuwah. w24.06 31 ¶16-18
Rebo, 28 Januari
Bertobata, merga Kerajaan swarga wis cedhak.—Mat. 4:17.
Wektu ing bumi, Yésus ngandhani wong-wong nèk Yéhuwah kuwi seneng ngampuni. Gatèkna perumpamaan soal anak sing ilang. Anak kuwi minggat saka omah bèn isa urip sak karepé dhéwé. Tapi sakwisé beberapa waktu, ”dhèwèké sadhar”, terus mulih ing omahé bapaké. Piyé tanggepané bapaké? Yésus crita, ”Pas [anak kuwi] isih adoh, bapaké ndelok dhèwèké. . . . Mula bapaké mlayu, ngrangkul, terus ngambung dhèwèké.” Anak kuwi ngirané bapaké ora bakal ngampuni dhèwèké. Makané, dhèwèké ngomong nèk arep kerja dadi pembantuné bapaké. Tapi ternyata bapaké gelem ngampuni lan nampa dhèwèké manèh dadi anaké. Bapaké ngomong, ”Dhèwèké mauné ilang, ning saiki wis ketemu.” (Luk. 15:11-32) Kèt ing swarga, Yésus wis kerep ndelok Bapaké nduduhké rasa mesakké lan seneng ngampuni, lan Yésus njelaské kuwi liwat perumpamaan mau. Awaké dhéwé mesthi tersentuh banget. w24.08 11 ¶11-12
Kemis, 29 Januari
Kudu nduwé pertimbangan sing apik.—1 Ptr. 4:7.
Wong sing ”nduwé pertimbangan sing apik” kuwi sakdurungé nggawé keputusan mesthi mikirké sik pandhangané Yéhuwah. Kanggoné wong kuwi, sing paling diutamakké ing uripé kuwi hubungané karo Yéhuwah. Dhèwèké ya ora bakal rumangsa sing paling kuwat, paling hébat, utawa paling pinter, soalé sadhar nèk ana hal-hal sing dhèwèké ora ngerti. Dhèwèké ngendelké Yéhuwah lan selalu ndonga njaluk petunjuk saka Yéhuwah. Meskipun pinter utawa trampil, kudu tetep ngendelké Yéhuwah, terutama wektu kudu nggawé keputusan. Awaké dhéwé ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah merga percaya nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Bersyukur banget wektu diciptakké, manungsa dikèki kemampuan kanggo niru Yéhuwah. (PD. 1:26) Tapi, manungsa ora isa persis plek kaya Yéhuwah.—Yés. 55:9. w25.03 11 ¶13; 13 ¶17-18
Jumat, 30 Januari
[Wong sing nduwé katresnan] terus nduwé harapan, lan sabar ngadhepi apa waé.—1 Kor. 13:7.
Aja langsung nganggep wong liya ora nduwé maturnuwun. Nèk wong liya ora menghargai upayané awaké dhéwé, pikirna, ’Apa meréka mémang ora menghargai, utawa sakjané mung lali ngomong maturnuwun?’ Mungkin ana alesané ngapa kok tanggepané ora padha kaya sing awaké dhéwé karepké. Mungkin ana sing sakjané menghargai banget, tapi ora isa ngungkapkéné. Utawa, meréka mungkin isin merga saiki dibantu padahal mbiyèn meréka sing mbantu. Ora soal apa alesané, nèk sayang karo para sedulur, awaké dhéwé ora bakal mikir èlèk soal meréka, tapi tetep bahagia wektu ngekèki. (Éf. 4:2) Terus ya kudu sabar. Raja Salomo tau nulis, ”Uncalna rotimu ing banyu, lan beberapa waktu sakwisé kuwi, kowé bakal nemokké kuwi manèh.” (Pkh. 11:1) Kaya sing disebutké ing ayat kuwi, upayané awaké dhéwé mungkin ora langsung dihargai, tapi dihargainé mungkin ”beberapa waktu sakwisé kuwi”. w24.09 30 ¶18-19
Setu, 31 Januari
Wong sing terus nindakké dosa kudu diélikké ing ngarepé wong-wong bèn sing liyané wedi nindakké dosa.—1 Tim. 5:20.
Wektu ana pengumuman ing jemaat nèk ana sedulur sing ditegur, awaké dhéwé isih isa bergaul karo dhèwèké merga dhèwèké wis bertobat lan ora mbalèni manèh kesalahané. Dhèwèké isih dadi bagian saka jemaat lan butuh dikuwatké para sedulur. (Ibr. 10:24, 25) Tapi, nèk wong kuwi wis ditokké saka jemaat, awaké dhéwé kudu manut naséhat ing 1 Korintus 5:11 yaiku kudu ”mandheg bergaul” karo dhèwèké lan ’ora mangan bareng karo wong sing kaya ngono kuwi’. Apa berarti awaké dhéwé ora éntuk ngundang wong kuwi teka ing pertemuan ibadah utawa ora éntuk nyapa wektu dhèwèké teka ing pertemuan ibadah? Ora ngono. Sing jelas, awaké dhéwé ora bakal bergaul karo dhèwèké. Tapi, berdasarkan hati nuraniné dhéwé-dhéwé, saben wong Kristen isa mutuské arep ngundang wong sing ditokké kuwi apa ora kanggo teka ing pertemuan ibadah. Mungkin merga kuwi keluarga utawa kanca cedhak. w24.08 30 ¶13-14