Februari
Minggu, 1 Februari
Wong sing ora gelem kepancing padu kuwi pantes dihormati, tapi wong sing bodho gampang kepancing padu.—WB. 20:3.
Para sedulur lanang sing nduwé sifat-sifat sing apik kuwi dibutuhké banget ing jemaat. Merga meréka seneng ngalah, para sedulur liyané ya dadi rukun. Nèk péngin dikenal dadi wong sing seneng ngalah utawa masuk akal, ya kudu gelem ngrungokké lan memahami pikiran, pendapat, lan perasaané wong liya. Misalé, pas rapat, terus keputusan sing disetujui akèh-akèhé wong kuwi ora padha kaya sing njenengan karepké, tapi kuwi ora nglanggar pathokan ing Alkitab, apa njenengan gelem ngalah lan ndhukung keputusan kuwi? Aja meksa wong liya melakukan sesuatu menurut karepé njenengan. Rungokna pendapaté wong liya. (PD. 13:8, 9; WB. 15:22) Aja kasar utawa seneng ngejak debat, tapi kudu alus lan apikan. Terus nèk seneng rukun, njenengan bakal berjuang tenanan bèn kabèh isa rukun meskipun kuwi angèl. (Yak. 3:17, 18) Bahkan, nèk misalé ana sing nentang utawa nesu-nesu, wong kuwi isa dadi tenang nèk omongané njenengan tetep alus.—PH. 8:1-3; WB. 25:15; Mat. 5:23, 24. w24.11 23 ¶13
Senèn, 2 Februari
Dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté lan bakal nglumpukké wong-wong pilihané saka lor, kidul, wétan, lan kulon, saka ujung bumi tekan ujung langit.—Mrk. 13:27.
Meskipun Yésus mémang wis mati dadi korban ”ping pisan kanggo saklawasé”, pengorbanané Yésus ora mung tekan semono. (Rm. 6:10) Apa buktiné? Nganti saiki, Yésus sibuk banget ngorbanké akèh wektu lan tenaga bèn manungsa isa ngrasakké manfaaté tebusan. Yésus nglayani dadi Raja, Imam Agung, lan kepalané jemaat. (1 Kor. 15:25; Éf. 5:23; Ibr. 2:17) Yésus ya kudu nglumpukké wong-wong pilihan lan kumpulan gedhé. Tugas kuwi kudu rampung sakdurungé sengsara gedhé berakhir. (Mat. 25:32) Yésus ya terus mastèkké bèn selama akhir jaman iki para pengikuté dicukupi kebutuhan rohaniné. (Mat. 24:45) Terus selama Pamréntahan Sèwu Tauné, Yésus ya bakal terus kerja keras kanggo awaké dhéwé. Dadi wektu Yéhuwah ngekèkké Yésus kanggo manungsa, tujuané kuwi ora mung bèn Yésus mati, tapi bèn Yésus melakukan akèh hal kanggo manungsa. w25.01 24 ¶12
Selasa, 3 Februari
Wong-wong kuwi dianggep bener merga wis ditebus karo Kristus Yésus. Kuwi hadiah saka Gusti Allah merga Dhèwèké apikan banget.—Rm. 3:24.
Wektu ngampuni, Yéhuwah nganggep awaké dhéwé seolah-olah ora tau nglakoni dosa kuwi, lan sukmbèn ora bakal ngukum awaké dhéwé merga dosa-dosa kuwi. Hasilé, awaké dhéwé isa nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. Tapi ya kudu éling nèk pengampunané Yéhuwah kuwi hadiah. Awaké dhéwé nampa kuwi dudu merga mémang pantes, tapi merga Yéhuwah sayang lan apikan banget Mesthi rasané bersyukur banget merga Yéhuwah ”bener-bener” ngampuni dosané manungsa. (Mzm. 130:4; Rm. 4:8) Tapi nèk péngin diampuni Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngapa? Yésus ngomong, ”Nèk kowé ora ngapura kesalahané wong liya, kesalahanmu ya ora bakal diapura Bapakmu.” (Mat. 6:14, 15) Dadi, awaké dhéwé kudu niru Yéhuwah lan ngampuni wong liya. w25.02 13 ¶18-19
Rebo, 4 Februari
Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.—Kis. 24:15.
Gatèkna sing dialami wong-wong ing Sodom lan Gomora sing dihukum Yéhuwah. Mémang, ing kono ana Lot, wong sing bener. Tapi awaké dhéwé ora ngerti apa Lot wis ngandhani saben wong ing kono soal Yéhuwah. Meréka mémang jahat. Tapi, apa kuwi merga meréka ora ngerti sing bener? Coba élinga peristiwa pas wong-wong ing kutha kuwi arep memperkosa tamu-tamuné Lot. Ing Alkitab disebutké nèk ing antarané wong-wong kuwi malah ana sing isih enom. (PD. 19:4; 2 Ptr. 2:7) Yéhuwah tau ngomong karo Abraham nèk ing kutha kuwi ora ana wong sing bener, bahkan sepuluh waé ora ana. (PD. 18:32) Dadi, keputusané Yéhuwah kanggo ngukum wong-wong kuwi wis bener. Tapi apa berarti sukmbèn wong-wong kuwi ora ana siji-sijia sing bakal diuripké manèh? Nah, kuwi sing awaké dhéwé ora ngerti. w24.05 2 ¶3; 3 ¶8
Kemis, 5 Februari
Kerajaané Gusti Allah lan apa sing bener nurut Gusti Allah kudu mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.—Mat. 6:33.
Merga ngalami masalah ékonomi, ana sing mutuské nampa gawéan sing marakké meréka adoh saka keluarga, tapi akhiré menyesal. Dadi sakdurungé nampa gawéan, aja mung mikirké mengko gajiné pira. Tapi ya kudu mikirké dampaké kanggo hubungané njenengan lan keluarga karo Yéhuwah. (Luk. 14:28) Pikirna, ’Nèk aku adoh saka bojoku, mengko piyé hubunganku karo dhèwèké? Apa aku isih isa rutin ngibadah, nginjil, lan bergaul karo para sedulur?’ Nèk wis nduwé anak, pikirna, ’Nèk aku ora ing omah, apa aku bakal tetep isa ndhidhik anakku ”sesuai karo pathokan lan petunjuké Yéhuwah”?’ (Éf. 6:4) Wektu arep nggawé keputusan, pikirna pandhangané Yéhuwah, dudu omongan utawa pendapaté keluarga utawa kanca sing ora sesuai karo pathokan ing Alkitab. w25.03 29 ¶12
Jumat, 6 Februari
Awaké dhéwé ora kaya bocah cilik manèh.—Éf. 4:14.
Wong Kristen sing ora déwasa gampang percaya karo ”ajaran sing ora bener” utawa informasi sing salah. Dhèwèké ya gampang diapusi ”wong-wong sing licik” lan wong murtad. Dhèwèké gampang iri, seneng nggawé masalah, gampang tersinggung, lan nèk ana godhaan ya gampang nyerah. (1 Kor. 3:3) Ing Alkitab, prosès bèn isa dadi wong Kristen sing déwasa diumpamakké kaya pertumbuhané bocah. (Éf. 4:15) Bocah cilik biasané durung ngerti apa-apa, makané kudu diawasi. Perumpamaané ngéné: Ana ibu karo anaké arep nyabrang dalan. Merga anaké isih cilik, dhèwèké dikon nyekeli tangané ibuné. Tapi bar anaké tambah gedhé, ibuné mungkin ngongkon dhèwèké nyabrang dhéwé, tapi isih diélingké bèn ndelok kiwa-tengen sakdurungé nyabrang. Nah, pas wis déwasa, dhèwèké isa nyabrang dhéwé. Padha kaya ngono, wong Kristen sing déwasa bakal mikirké sik pandhangané Yéhuwah ing Alkitab, terus nggawé keputusan berdasarkan kuwi. w24.04 3 ¶5-6
Setu, 7 Februari
Oh Yéhuwah, sapa sing éntuk dadi tamu ing kémah-Mu?—Mzm. 15:1.
Selama bertaun-taun, sing isa dadi tamuné Yéhuwah kuwi mung sing ana ing swarga. Tapi sakwisé nyiptakké manungsa, Yéhuwah ya ngundang manungsa dadi tamuné. Misalé Hénokh, Nuh, Abraham, lan Ayub. Ing Alkitab, wong-wong sing setya kuwi disebut sahabaté Yéhuwah merga ”terus nindakké sing dikarepké Gusti Allah sing bener.” (PD. 5:24; 6:9; Ayb. 29:4; Yés. 41:8) Nganti saiki, Yéhuwah terus ngundang wong-wong kanggo dadi tamu ing kémahé. (Yèh. 37:26, 27) Saka ramalané Yèhèzkièl, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah péngin banget umaté sing setya nduwé hubungan sing akrab karo Dhèwèké. Yéhuwah janji arep ”nggawé perjanjian damai” karo meréka. Menurut ramalan kuwi, bakal ana wektuné wong-wong sing nduwé harapan munggah swarga lan sing nduwé harapan urip saklawasé ing bumi dadi ”sak kelompok” ing kémahé Yéhuwah. (Yoh. 10:16) Ramalan kuwi kelakon saiki. w24.06 2 ¶2, 4; 3 ¶5
Minggu, 8 Februari
Gusti Allahé awaké dhéwé wis nggawé aku kendel.—1 Tés. 2:2.
Bèn isa terus sepenuh hati ndhukung Kerajaané Gusti Allah, umaté Yéhuwah kudu kendel. (Mat. 6:33) Misalé, merga saiki akèh wong padha jahat lan bejat, awaké dhéwé kudu kendel bèn isa manut pathokané Yéhuwah saben dina lan nginjil. Terus, akèh wong saiki ora rukun merga masalah politik. Makané, awaké dhéwé kudu kendel bèn isa tetep ora mihak. (Yoh. 18:36) Ana akèh umaté Yéhuwah sing ngalami kesulitan ékonomi, dianiaya, utawa dipenjara merga ora gelem mèlu-mèlu urusan politik utawa wajib militèr. Nèk seneng mempelajari contoné wong-wong sing kendel ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané, awaké dhéwé ya isa dadi kendel. Pas ing bumi, Yésus rajané awaké dhéwé, ora gelem mèlu-mèlu politik. (Mat. 4:8-11; Yoh. 6:14, 15) Yésus isa kendel merga ngendelké Yéhuwah. w24.07 3 ¶4; 4 ¶7
Senèn, 9 Februari
Buah kuwi dipethik lan dipangan wong wédok kuwi. Buah kuwi ya diwènèhké marang bojoné pas bojoné teka, lan akhiré bojoné mangan buah kuwi.—PD. 3:6.
Saka kisah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti ngapa kok Yéhuwah sengit banget karo dosa. Dosa marakké hubungané manungsa karo Yéhuwah dadi rusak lan ya marakké manungsa dadi mati. (Yés. 59:2) Kèt awal, Sétan sengit karo Yéhuwah lan manungsa. Makané, kèt jamané Adam lan Hawa, dhèwèké terus berupaya bèn manungsa berdosa. Sétan mungkin ngira nèk wis berhasil nggagalké tujuané Yéhuwah merga Adam lan Hawa nggawé dosa. Tapi, Yéhuwah sayang banget karo manungsa. Tujuané kanggo keturunané Adam lan Hawa ora bakal berubah. Dhèwèké langsung ngekèki harapan. (Rm. 8:20, 21) Yéhuwah ngerti nèk bakal ana keturunané Adam sing milih kanggo sayang lan manut karo Dhèwèké. Nah, bèn meréka isa akrab karo Yéhuwah lan sukmbèn ora mati lan ora dosa manèh, ana sesuatu sing diupayakké Yéhuwah. w24.08 3 ¶3-4
Selasa, 10 Februari
[Pastèkna] endi sing luwih penting.—Flp. 1:10.
Umaté Yéhuwah sibuk banget. Meréka kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané diri sendiri lan keluarga. (1 Tim. 5:8) Terus ya kudu njaga keséhatané diri sendiri. Malah, ana sing kudu ngrawat anggota keluargané sing lara utawa wis tuwa. Sakliyané kuwi, isih ana tugas-tugas ing jemaat, lan sing paling penting, tugas kanggo nginjil. Kanggo wong Kristen, maca Alkitab kuwi hal penting sing kudu diutamakké. Menurut Mazmur 1:1, 2, wong sing bahagia kuwi nèk ”dhèwèké seneng karo hukumé Yéhuwah. Dhèwèké maca lan mikirké tenanan hukum kuwi awan lan bengi”. Kuwi berarti, kudu nyisihké wektu kanggo maca Alkitab. Kapan wektu sing cocog kanggo maca Alkitab? Saben wong jawabané isa béda-béda. Tapi sing penting, kudu ana wektu bèn maca Alkitabé isa rutin. w24.09 3 ¶5-6
Rebo, 11 Februari
Saben wong bakal mikul tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.—Gal. 6:5.
Apa wong Kristen sing déwasa ya isih butuh bantuané wong liya? Ya. Kadhang, dhèwèké ya kudu njaluk sarané wong liya. Nah bédané, wong Kristen sing durung déwasa bakal njaluk digawèkké keputusan. Tapi, nèk wong Kristen sing déwasa ngerti nèk meréka dhéwé sing kudu ’mikul tanggung jawab’ kanggo nggawé keputusan. Wong sing disebut déwasa ora berarti fisiké kudu padha karo wong déwasa liyané. Nah, wong Kristen sing déwasa ya ora berarti sifaté padha kabèh. Mungkin ana sing luwih menonjol sifat apikané, sing liyané mungkin sifat kendelé, murah hatiné, utawa kawicaksanané. Bahkan, loro wong Kristen sing déwasa isa waé nggawé keputusan sing béda meskipun ngadhepi situasi sing padha, terutama nèk kuwi soal hati nurani. Sing penting, keputusan kuwi cocog karo pathokan ing Alkitab. Makané, meréka ora menghakimi keputusané wong liya, tapi ngupaya tetep rukun.—Rm. 14:10; 1 Kor. 1:10. w24.04 4 ¶7-8
Kemis, 12 Februari
Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.—Mzm. 94:19.
Nèk njenengan ngrasa ora berharga, wacanen lan renungna ayat-ayat ing Alkitab bèn isa yakin nèk njenengan berharga kanggo Yéhuwah. Aja mbandhing-mbandhingké karo wong liya, terus ya aja fokus karo sing ora isa dilakukan. Yéhuwah ora tau nuntut sing ora isa njenengan lakukan. (Mzm. 103:13, 14) Nèk njenengan tau ngalami pelècèhan sèksual, dikasari, utawa dilarani ati, élinga nèk kuwi dudu salahé njenengan. Terus, sing bakal dihukum Yéhuwah kuwi pelakuné, dudu korbané. (1 Ptr. 3:12) Awaké dhéwé isa dadi saranané Yéhuwah mbantu wong liya. Awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa dadi kanca nyambut gawéné Yéhuwah ing kegiatan nginjil. (1 Kor. 3:9) Merga wis tau ngalami kesulitan, awaké dhéwé isa dadi luwih gampang memahami perasaan lan mbantu wong sing lagi susah. w24.10 7-8 ¶6-7
Jumat, 13 Februari
Nèk wong-wong pilihané Gusti Allah sambat awan lan bengi marang Gusti Allah, mosok Gusti Allah ora bakal mènèhi keadilan? Gusti Allah mesthi ya bakal sabar [lan] bakal cepet mènèhi keadilan kanggo wong-wong kuwi.—Luk. 18:7, 8.
Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé diperlakukan ora adil. Menurut Mazmur 37:28, ”Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil.” Yésus ya ngomong nèk Yéhuwah bakal ”cepet mènèhi keadilan” ing wektu sing wis Yéhuwah tentokké. Terus ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing marakké awaké dhéwé susah lan ngrasa diperlakukan ora adil. (Mzm. 72:1, 2) Mémang, awaké dhéwé isih ngentèni wektuné Yéhuwah nyingkirké kabèh masalah. Tapi, wektu awaké dhéwé diperlakukan ora adil saiki, Yéhuwah ya ngekèki bantuan. (2 Ptr. 3:13) Misalé, Yéhuwah ngajari kudu piyé tanggepané awaké dhéwé wektu diperlakukan ora adil bèn masalahé ora tambah gedhé. Salah siji carané liwat contoné Anaké. Terus, ya ana saran-saran ing Alkitab soal kudu piyé wektu diperlakukan ora adil. w24.11 2-3 ¶3-4
Setu, 14 Februari
[Wènèhana] wong-wong kuwi mangan.—Mat. 14:16.
Yésus ngongkon para rasulé ngedumké panganan. Tapi masalahé, wektu kuwi jumlahé ana wong lanang 5.000. Nèk wong-wong wédok lan anak-anak diétung, jumlahé isa nganti 15.000. (Mat. 14:21) Terus Andréas ngomong, ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Ning, apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?” (Yoh. 6:9) Rotiné kuwi roti barli sing biasa dipangan wong-wong. Terus, iwaké ya wis diasinké lan dikeringké. Tapi nèk jumlahé mung semono thok, ora cukup kanggo ngekèki mangan wong semono akèhé. Yésus péngin nyedhiakké panganan kanggo wong-wong kuwi. Yésus ngongkon meréka lungguh berkelompok. (Mrk. 6:39, 40; Yoh. 6:11-13) Terus Yésus ngucap syukur karo Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah sing nyedhiakké roti lan iwak kuwi. Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ya bakal ndonga sakdurungé mangan. Bar kuwi, Yésus ngongkon para rasulé ngedumké panganan kuwi, lan wong-wong padha mangan nganti wareg. w24.12 2-3 ¶3-4
Minggu, 15 Februari
Pujinen Yéhuwah Gusti Allahmu.—1 Bb. 29:20.
Wektu ing bumi, Yésus ngluhurké Yéhuwah. Salah siji carané, wektu nggawé mukjijat, dhèwèké selalu ngandhani nèk Yéhuwah sing ngekèki kuwasa kanggo nggawé mukjijat kuwi. (Mrk. 5:18-20) Yésus ya ngluhurké Yéhuwah liwat ajaran lan perbuatané. Contoné, wektu Yésus mulang ing sinagogé. Ing antarané wong-wong sing ngrungokké Yésus, ana wong wédok sing wis 18 taun lara merga diganggu roh jahat. Wong wédok kuwi nganti bungkuk lan babar blas ora isa ngadeg jejeg. Yésus ngerti nèk wong wédok kuwi mesthi menderita banget. Merga ngrasa mesakké, Yésus alus wektu ngandhani wong wédok kuwi, ”Bu, kowé dibébaské saka penyakitmu.” Bar kuwi, Yésus numpangké tangané ing ndhuwuré wong wédok kuwi. Wong wédok kuwi langsung isa ngadeg jejeg lan ”ngluhurké Gusti Allah”. (Luk. 13:10-13) Dhèwèké bersyukur banget merga wis dimarèkké Yéhuwah. Awaké dhéwé ya nduwé akèh banget alesan ngluhurké Yéhuwah. w25.01 2-3 ¶3-4
Senèn, 16 Februari
Tulung dosa-dosaku diapura.—Luk. 11:4.
Nèk ngendelké kemampuané dhéwé, ora mungkin awaké dhéwé isa éntuk manèh kabèh sing wis diilangké Adam karo Hawa. (Mzm. 49:7-9) Nèk ora dibantu Yéhuwah, awaké dhéwé ora bakal nduwé harapan diuripké manèh utawa urip saklawasé. Kaya kéwan, awaké dhéwé mung bakal mati lan ora isa urip manèh. (Pkh. 3:19; 2 Ptr. 2:12) Yéhuwah gelem nglunasi ”utang” dosa sing awaké dhéwé warisi saka Adam. Piyé carané? Yésus ngomong, ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki, Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné, supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.” (Yoh. 3:16) Hadiah sing luar biasa kuwi ya marakké awaké dhéwé nduwé hubungan sing apik karo Yéhuwah. Kuwi isa marakké dosa-dosané awaké dhéwé sing dipadhakké kaya utang dadi diampuni. w25.02 3 ¶3-6
Selasa, 17 Februari
Bar kuwi, Saul ngadeg lan dibaptis.—Kis. 9:18.
Apa sing marakké Saul gelem dibaptis? Wektu kuwi, Yésus ngomong karo Saul saka swarga. Terus, ujug-ujug ana cahaya sing padhang banget sing marakké Saul dadi wuta. (Kis. 9:3-9) Selama telung dina, Saul pasa lan ngrenungké peristiwa kuwi. Saul dadi yakin nèk Yésus mémang Mésias lan sing dipercaya wong Kristen kuwi agama sing bener. Ana sing isa dipelajari saka contoné Saul. Saul akhiré gelem dibaptis merga dhèwèké rendah hati gelem ngubah tingkah lakuné bèn isa dadi muridé Yésus. Bahkan meskipun ngerti nèk dhèwèké isa waé dianiaya, Saul tetep gelem dadi muridé Yésus. (Kis. 9:15, 16; 20:22, 23) Sakwisé dibaptis lan ngadhepi akèh tantangan, Saul ya terus ngendelké Yéhuwah. (2 Kor. 4:7-10) Nèk njenengan dibaptis dadi Seksi Yéhuwah, njenengan ya isa waé ngadhepi tantangan. Tapi, njenengan isa yakin nèk Yéhuwah lan Yésus bakal mbantu bèn njenengan isa tetep setya.—Flp. 4:13. w25.03 4 ¶8-9
Rebo, 18 Februari
Aku mlayu ora tanpa tujuan.—1 Kor. 9:26.
Nduwé tujuan kanggo maca Alkitab kuwi apik. Tapi, bèn isa éntuk luwih akèh manfaat saka pembacaan Alkitab, ora isa nèk mung maca thok. Perumpamaané ngéné: Banyu udan mémang penting kanggo tanduran. Tapi nèk udané langsung deres banget, malah ora ana manfaaté. Soalé, tanah butuh wektu bèn isa nyerep banyu udan kuwi. Padha kaya ngono, nèk maca Alkitab ya aja cepet-cepet, soalé awaké dhéwé butuh wektu kanggo ngrenungké bèn isa kèlingan lan ngetrapké sing wis diwaca. (Yak. 1:24) Apa kadhang-kadhang njenengan maca Alkitabé ya cepet-cepet? Berarti, saiki kudu piyé? Ngupayaa macané alon-alon waé, lan pikirna sing lagi diwaca. Njenengan isa nambahi wektu kanggo sinau bèn ana wektu kanggo mikirké. w24.09 4 ¶7-9
Kemis, 19 Februari
Kowé kudu manut . . . karo wong-wong sing mimpin kowé.—Ibr. 13:17.
Wektu para pinituwa éntuk petunjuk, petunjuké diwaca tenanan. Terus, ngupayakké sing paling apik bèn isa ngetrapké petunjuk kuwi. Petunjuk kuwi ora mung soal carané nyampèkké bagian ing pertemuan ibadah utawa carané ndonga ing ngarepé wong akèh, tapi ya soal carané nggatèkké para sedulur ing jemaat. Nèk para pinituwa manut petunjuké organisasi, para sedulur bakal ngrasa digatèkké lan disayangi. Wektu éntuk arahan saka para pinituwa, awaké dhéwé kudu manut tenanan. Nèk manut, tugasé para pinituwa bakal dadi luwih ènthèng. Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu manut lan tundhuk karo wong-wong sing mimpin kowé.” (Ibr. 13:7, 17) Tapi kadhang kuwi ora gampang, soalé para pinituwa isih durung sempurna. Nah, nèk sing digatèkké mung kekurangané, kuwi malah nyenengké mungsuh-mungsuhé awaké dhéwé. Kok isa? Soalé awaké dhéwé dadi ora percaya manèh karo organisasiné Yéhuwah. w24.04 10 ¶11-12
Jumat, 20 Februari
Dhèwèké bakal misahké wong-wong.—Mat. 25:32.
Apa kabèh wong sing mati pas sengsara gedhé ora bakal diuripké manèh? Mémang ing Alkitab disebutké nèk wong-wong sing dipatèni Yéhuwah lan pasukané pas Armagédon merga nglawan Yéhuwah, ora bakal diuripké manèh. (2 Tés. 1:6-10) Tapi, piyé soal wong-wong sing mati pas sengsara gedhé merga lara, tuwa, kecelakaan, utawa dipatèni wong? (Pkh. 9:11; Za. 14:13) Apa wong-wong kuwi bakal termasuk wong-wong ”sing ora bener” sing bakal diuripké manèh? (Kis. 24:15) Awaké dhéwé ora ngerti. Soal peristiwa-peristiwa sing bakal kelakon, awaké dhéwé ngerti beberapa hal. Misalé, pas Armagédon, wong-wong bakal diadili berdasarkan carané meréka memperlakukan sedulur-seduluré Kristus. (Mat. 25:40) Sing disebut domba kuwi wong-wong sing ndhukung Yésus lan sedulur-seduluré.—Why. 12:17. w24.05 10-11 ¶9-11
Setu, 21 Februari
Yéhuwah kuwi urip. Muga-muga Gunung Watuku dipuji. Muga-muga Gusti Allah sing nylametké aku diluhurké.—Mzm. 18:46.
Ing Alkitab disebutké nèk jaman saiki keadaané ”angèl diadhepi lan berbahaya”. (2 Tim. 3:1) Sakliyané ngadhepi akèh masalah kaya wong-wong umumé, umaté Yéhuwah ya ngadhepi tantangan liyané, bahkan nganti dianiaya. Apa sing marakké awaké dhéwé terus setya nglayani Yéhuwah? Alesan sing utama merga wis ngrasakké bantuané Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah kuwi ”Gusti Allah sing urip”. (Yér. 10:10; 2 Tim. 1:12) Yéhuwah kuwi ana tenan. Dhèwèké ngerti kabèh tantangan sing awaké dhéwé adhepi lan selalu péngin mbantu. (2 Bb. 16:9; Mzm. 23:4) Nèk éling Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing urip, awaké dhéwé isa terus setya nglayani Dhèwèké ora soal tantangan sing diadhepi. w24.06 20 ¶1-2
Minggu, 22 Februari
Dalané wong sing bener kuwi kaya cahaya matahari pas ésuk, sing saya suwé saya padhang nganti awan.—WB. 4:18.
Awaké dhéwé kudu terus percaya karo organisasiné Yéhuwah. Soalé, Pengurus Pusat kuwi fokus utamané péngin nggawé Yéhuwah seneng. Nèk misalé ana penyesuaian soal pemahaman ing Alkitab utawa ana arahan anyar soal carané kegiatan nginjil diorganisasi, Pengurus Pusat ora ragu-ragu nggawé perubahan. Sakdurungé nggawé keputusan kuwi, Pengurus Pusat mesthi mastèkké pathokané ing Alkitab. Alkitab kuwi sing dadi pathokané kabèh umaté Yéhuwah. Rasul Paulus ngekèki naséhat, ”Terus manut karo pathokané ajaran sing bener.” (2 Tim. 1:13) ”Pathokané ajaran sing bener” kuwi maksudé kabèh ajaran Kristen sing ana ing Alkitab. (Yoh. 17:17) Kabèh kepercayaané Seksi-Seksi Yéhuwah dhasaré saka kuwi. Organisasiné Yéhuwah ya ngajari bèn awaké dhéwé manut karo pathokan kuwi. Selama ngupayakké kuwi, awaké dhéwé mesthi bakal diberkahi. w24.07 11-12 ¶12-13
Senèn, 23 Februari
Yéhuwah . . . sabar marang kowé merga Dhèwèké ora péngin ana wong sing disingkirké. Dhèwèké péngin kabèh wong bertobat.—2 Ptr. 3:9.
Merga wis ngrasakké dhéwé rasané bertobat lan diampuni, Rasul Pétrus isa ngandhani wong liyané soal kuwi. Bar Perayaan Péntakosta, ing ngarepé akèh wong Yahudi, Pétrus njelaské nèk meréka wis matèni Mésias. Tapi, Pétrus ya ngomong, ”Kowé kudu bertobat, lan kelakuanmu kudu berubah supaya Yéhuwah ngapura dosa-dosamu, nggawé kowé seger manèh.” (Kis. 3:14, 15, 17, 19) Saka kata-katané Pétrus, bertobat kuwi berarti ngubah pikiran sing salah, ora nglakoni manèh kesalahané, lan mulai nglakoni sing nggawé Yéhuwah seneng. Pétrus ya ngomong nèk Yéhuwah ngampuniné kuwi nganti tuntas, seolah-olah dosané wis ora ana manèh. Dadi, meskipun wis nggawé dosa sing gedhé, nèk bertobat, awaké dhéwé isa ayem merga ngerti nèk Yéhuwah ngampuni nganti tuntas. w24.08 12 ¶14
Selasa, 24 Februari
Aja nresnani dhuwit.—Ibr. 13:5.
Nèk beriman sedhéla manèh Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing jahat, awaké dhéwé ora bakal ngutamakké harta. Pas sengsara gedhé, dhuwit kuwi ora berharga. Ing Alkitab disebutké nèk ’pérak bakal dibuwang ing dalan-dalan’, merga ”wektu Yéhuwah nesu, pérak lan emas ora bakal isa nylametké”. (Yèh. 7:19) Awaké dhéwé tetep kudu nyukupi kebutuhan diri sendiri lan keluarga bèn isa terus nglayani Yéhuwah, tapi sing penting fokusé kuwi dudu nggolèk dhuwit sak akèh-akèhé. Berarti, nèk isa aja nganti nduwé utang nèk ora perlu, lan aja nganti wektuné entèk mung dienggo ngurusi harta. Terus ya kudu ngati-ati, aja nganti barang-barang sing diduwèni dadi sing paling penting. (Mat. 6:19, 24) Tambah cedhak karo akhir kuwi, awaké dhéwé kudu mbuktèkké, apa luwih ngendelké harta utawa luwih percaya karo Yéhuwah. w24.09 11 ¶13-14
Rebo, 25 Februari
Wong sing rumangsa nèk dhèwèké terus ngadeg lan kuwat kudu ngati-ati supaya ora tiba.—1 Kor. 10:12.
Mungkin awaké dhéwé nduwé kelemahan sing wis isa diatasi. Tapi isa waé, ana kelemahan liya sing isih durung isa diatasi. Gatèkna Rasul Pétrus. Merga wedi manungsa, dhèwèké nganti ping telu ora ngakoni Yésus. (Mat. 26:69-75) Kétoké kelemahan kuwi wis isa diatasi. Buktiné, dhèwèké kendel banget ngekèki kesaksian soal Yésus ing ngarepé Sanhèdrin. (Kis. 5:27-29) Tapi beberapa taun bar kuwi, Pétrus ora gelem mangan bareng karo wong-wong Kristen sing dudu Yahudi merga ”wedi karo wong-wong sing ndhukung sunat”. (Gal. 2:11, 12) Pétrus wedi manèh karo manungsa. Mungkin, Pétrus durung isa bener-bener ngatasi kelemahan kuwi. Nah, bèn kelemahan sing durung isa diatasi ora marakké awaké dhéwé nglakoni dosa, kudu manut naséhaté Yésus, ”Kowé kudu terus jaga-jaga.” (Mat. 26:41) Bahkan pas ngrasa kuwat, ya kudu tetep menghindari situasi sing isa marakké kegodha. Upayakna terus cara-cara sing wis marakké njenengan berhasil nolak godhaan.—2 Ptr. 3:14. w24.07 18-19 ¶17-19
Kemis, 26 Februari
Dhèwèké nggawé wong-wong kuwi dadi hadiah.—Éf. 4:8.
Yésus kuwi wong sing paling murah hati. Wektu ing bumi, dhèwèké kerep nggawé mukjijat bèn isa mbantu wong liya. (Luk. 9:12-17) Dhèwèké bahkan gelem ngekèkké nyawané dadi hadiah kanggo manungsa. (Yoh. 15:13) Kèt diuripké manèh, Yésus ya terus murah hati. Kaya janjiné, dhèwèké njaluk Yéhuwah bèn ngekèki roh suci kanggo mulang lan menghibur awaké dhéwé. (Yoh. 14:16, 17, cathetan ngisor; 16:13) Terus, liwat pertemuan-pertemuan ibadah, Yésus ngekèki kabèh sing awaké dhéwé butuhké bèn isa ndadèkké murid. (Mat. 28:18-20) Rasul Paulus nyebutké nèk bar munggah swarga, Yésus ngekèki wong-wong lanang sing ”dadi hadiah”. (Éf. 4:7, 8) Tujuané meréka dikèkké kuwi kanggo nglayani para sedulur ing jemaat nganggo akèh cara. (Éf. 1:22, 23; 4:11-13) Mémang, meréka isih durung sempurna, dadi isa nggawé kesalahan. (Yak. 3:2) Tapi, meréka kuwi saranané Yésus kanggo mbantu awaké dhéwé. w24.10 18 ¶1-2
Jumat, 27 Februari
Pertimbangan sing apik bakal nglindhungi kowé.—WB. 2:11.
Daud ngandhani Salomo mung bakal suksès selama dhèwèké manut karo Yéhuwah. Sayangé pas wis tuwa, Salomo malah mulai nyembah déwa-déwa. Yéhuwah ora seneng, makané Salomo ora dikèki kawicaksanan manèh. Akhiré, Salomo ora isa dadi raja sing apik lan adil manèh. (1 Raj. 11:9, 10; 12:4) Apa pelajarané? Nèk manut Yéhuwah, mesthi bakal suksès. (Mzm. 1:1-3) Mémang, sing dijanjèkké Yéhuwah dudu kekayaan utawa dadi terkenal kaya Salomo. Tapi nèk manut Yéhuwah, awaké dhéwé bakal dikèki kawicaksanan liwat pathokan ing Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing bener. (WB. 2:6, 7; Yak. 1:5) Hasilé, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener soal gawéan, sekolah, hiburan, lan dhuwit. Terus, ya bakal tetep nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah lan isa urip saklawasé. (WB. 2:10, 11) Awaké dhéwé bakal nduwé kanca-kanca sing apik lan keluarga sing bahagia. w24.11 10-11 ¶11-12
Setu, 28 Februari
Kowé kudu mastèkké apa sing bener lan terus nindakké apa sing apik.—1 Tés. 5:21.
Ana akèh kesempatan wong tuwa isa omong-omongan karo anaké soal Alkitab utawa pentingé nduwé iman karo Gusti Allah. Misalé nèk pas ngunjungi muséum, njenengan isa nduduhké barang-barang bersejarah sing ana hubungané karo Alkitab, bèn meréka isa ndelok bukti-bukti nèk sing ditulis ing Alkitab kuwi bener. Njenengan isa ngandhani anaké njenengan soal Batu Moab. Batu kuwi umuré wis 3.000 taun, tapi sing menarik, ing kono ana jeneng Yéhuwah. Tiruané Batu Moab ya dipajang ing pamèran ”Alkitab lan Asmané Gusti Allah” ing Kantor Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ing Warwick, New York. Ing Batu Moab disebutké nèk Raja Mésya saka Moab mbrontak nglawan Israèl. Kuwi cocog karo sing ditulis ing Alkitab. (2 Raj. 3:4, 5) Nèk anak-anak isa ndelok dhéwé bukti-bukti nèk isiné Alkitab mémang bener, imané meréka bakal dadi tambah kuwat. w24.12 14 ¶4; 15 ¶6