PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Dina Iki

Kemis, 22 Januari

Njenengan bener-bener ngapura dosané manungsa.—Mzm. 130:4.

Ing Alkitab, dosa kerep dipadhakké kaya beban sing abot. Raja Daud tau ngomong, ”Kesalahanku akèh banget nganti aku kewalahan, kaya beban sing abot sing ora sanggup tak tanggung.” (Mzm. 38:4) Tapi, Yéhuwah gelem ngapura utawa ngampuni wong sing wis bener-bener bertobat. (Mzm. 25:18; 32:5) Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ”ngapura” ing ayat-ayat iki artiné ”ngangkat” utawa ”nggawa”. Dadi isa dibayangké nèk Yéhuwah kuwi kaya wong sing kuwat banget sing ngangkat bebané awaké dhéwé, terus beban kuwi digawa lunga. Ing Alkitab ya ana perumpamaan sing nduduhké nèk Yéhuwah nyingkirké dosa kuwi nganti adoh banget. Ing Mazmur 103:12 disebutké, ”Adohé kaya wétan karo kulon.” Wétan kuwi jarak sing paling adoh saka kulon. Wétan karo kulon ya ora mungkin ketemu. Kuwi berarti, Yéhuwah nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti sak adoh-adohé. Rasané mesthi lega banget. w25.02 9 ¶5-6

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Jumat, 23 Januari

Nèk kowé mènèhi sedhekah, aja mbok critak-critakké.—Mat. 6:2.

Bar Yésus munggah swarga, Rasul Pétrus nggawé mukjijat marèkké wong lanang sing lumpuh kèt lair. (Kis. 1:​8, 9; 3:​2, 6-8) Ana akèh sing ndelok mukjijat kuwi lan padha kagum. (Kis. 3:11) Élinga, Pétrus ya digedhèkké ing antarané wong-wong sing seneng diunggul-unggulké. Isa waé hal-hal kuwi marakké Pétrus dadi péngin dipuji-puji. Tapi, Pétrus malah ngongkon wong-wong bèn muji Yéhuwah lan Yésus. Pétrus ngomong, ”Merga jenengé Yésus lan merga aku karo Yohanes nduwé iman marang jeneng kuwi, mula wong lumpuh sing mbok delok lan sing mbok kenal kuwi dadi mari.” (Kis. 3:​12-16) Awaké dhéwé ya isa niru contoné Pétrus sing berupaya rendah hati. Wektu berbuat baik, apa awaké dhéwé melakukan kuwi mung merga péngin dipuji-puji utawa mémang merga sayang Yéhuwah lan wong liya? Nèk bener-bener rendah hati, awaké dhéwé bakal seneng nglayani Yéhuwah lan wong liya ora soal upayané awaké dhéwé digatèkké lan dihargai wong liya apa ora.—Mat. 6:​1-4. w25.03 10-11 ¶11-12

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Setu, 24 Januari

Kowé kudu terus ngupaya tenanan bèn isa dadi conto sing apik lan dadi guru sing apik.—1 Tim. 4:16.

Bèn tambah semangat nginjil, kudu éling nèk tugas iki bukti awaké dhéwé sayang Yéhuwah lan wong liya. (Mat. 22:​37-39) Bayangna, piyé perasaané Yéhuwah pas ndelok awaké dhéwé nginjil lan piyé bahagiané wong-wong pas akhiré ngerti ajaran sing bener. Élinga, nèk meréka akhiré mutuské nglayani Yéhuwah, meréka isa urip saklawasé. (Yoh. 6:40) Meskipun ora isa ing endi-endi, merga sayang Yéhuwah lan wong liya, awaké dhéwé isa tetep menikmati nginjil. Contoné, Samuel karo Diana. Selama pandemi COVID-19, meréka mung isa ing omah terus. Tapi, meréka ngupaya kanggo rutin ngekèki kesaksian liwat télpon, nulis surat, lan mandhu pelajaran Alkitab liwat Zoom. Meskipun sing isa dilakoni terbatas, Samuel karo Diana tetep ngupayakké sing paling apik. Hasilé, meréka isa menikmati nginjil. w24.04 18 ¶15-16

Nliti Alkitab Saben Dina—2026
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim