PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
Pengumuman
Basa sing lagi waé ditambahké: Chin (Mara)
  • Dina Iki

Kemis, 12 Februari

Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.—Mzm. 94:19.

Nèk njenengan ngrasa ora berharga, wacanen lan renungna ayat-ayat ing Alkitab bèn isa yakin nèk njenengan berharga kanggo Yéhuwah. Aja mbandhing-mbandhingké karo wong liya, terus ya aja fokus karo sing ora isa dilakukan. Yéhuwah ora tau nuntut sing ora isa njenengan lakukan. (Mzm. 103:​13, 14) Nèk njenengan tau ngalami pelècèhan sèksual, dikasari, utawa dilarani ati, élinga nèk kuwi dudu salahé njenengan. Terus, sing bakal dihukum Yéhuwah kuwi pelakuné, dudu korbané. (1 Ptr. 3:12) Awaké dhéwé isa dadi saranané Yéhuwah mbantu wong liya. Awaké dhéwé nduwé kesempatan istiméwa dadi kanca nyambut gawéné Yéhuwah ing kegiatan nginjil. (1 Kor. 3:9) Merga wis tau ngalami kesulitan, awaké dhéwé isa dadi luwih gampang memahami perasaan lan mbantu wong sing lagi susah. w24.10 7-8 ¶6-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Jumat, 13 Februari

Nèk wong-wong pilihané Gusti Allah sambat awan lan bengi marang Gusti Allah, mosok Gusti Allah ora bakal mènèhi keadilan? Gusti Allah mesthi ya bakal sabar [lan] bakal cepet mènèhi keadilan kanggo wong-wong kuwi.—Luk. 18:​7, 8.

Yéhuwah ora péngin awaké dhéwé diperlakukan ora adil. Menurut Mazmur 37:​28, ”Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil.” Yésus ya ngomong nèk Yéhuwah bakal ”cepet mènèhi keadilan” ing wektu sing wis Yéhuwah tentokké. Terus ora suwé manèh, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh sing marakké awaké dhéwé susah lan ngrasa diperlakukan ora adil. (Mzm. 72:​1, 2) Mémang, awaké dhéwé isih ngentèni wektuné Yéhuwah nyingkirké kabèh masalah. Tapi, wektu awaké dhéwé diperlakukan ora adil saiki, Yéhuwah ya ngekèki bantuan. (2 Ptr. 3:13) Misalé, Yéhuwah ngajari kudu piyé tanggepané awaké dhéwé wektu diperlakukan ora adil bèn masalahé ora tambah gedhé. Salah siji carané liwat contoné Anaké. Terus, ya ana saran-saran ing Alkitab soal kudu piyé wektu diperlakukan ora adil. w24.11 2-3 ¶3-4

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Setu, 14 Februari

[Wènèhana] wong-wong kuwi mangan.—Mat. 14:16.

Yésus ngongkon para rasulé ngedumké panganan. Tapi masalahé, wektu kuwi jumlahé ana wong lanang 5.000. Nèk wong-wong wédok lan anak-anak diétung, jumlahé isa nganti 15.000. (Mat. 14:21) Terus Andréas ngomong, ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Ning, apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?” (Yoh. 6:9) Rotiné kuwi roti barli sing biasa dipangan wong-wong. Terus, iwaké ya wis diasinké lan dikeringké. Tapi nèk jumlahé mung semono thok, ora cukup kanggo ngekèki mangan wong semono akèhé. Yésus péngin nyedhiakké panganan kanggo wong-wong kuwi. Yésus ngongkon meréka lungguh berkelompok. (Mrk. 6:​39, 40; Yoh. 6:​11-13) Terus Yésus ngucap syukur karo Yéhuwah. Kuwi nduduhké nèk Yéhuwah sing nyedhiakké roti lan iwak kuwi. Nèk niru Yésus, awaké dhéwé ya bakal ndonga sakdurungé mangan. Bar kuwi, Yésus ngongkon para rasulé ngedumké panganan kuwi, lan wong-wong padha mangan nganti wareg. w24.12 2-3 ¶3-4

Nliti Alkitab Saben Dina—2026
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim