Kemis, 28 Maret
Kowé bakal bali dadi debu manèh.—PD. 3:19.
Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya Adam lan Hawa. Bèn aja nganti kaya ngono, kudu sinau soal Yéhuwah, niru sipaté, lan ngerti piyé pandhangané Yéhuwah. Hasilé, awaké dhéwé isa tambah sayang karo Yéhuwah. Gatèkna contoné Abraham. Dhèwèké sayang banget karo Yéhuwah. Tapi kadhang, Abraham ora paham karo keputusané Yéhuwah. Meskipun ngono, dhèwèké ora protès. Abraham ngupaya bèn ngerti pandhangané Yéhuwah. Misalé pas ngerti nèk Yéhuwah arep ngancurké kutha Sodom lan Gomora, Abraham wedi nèk Yéhuwah, ”Hakimé bumi”, bakal matèni wong sing jahat bareng karo wong sing bener. Merga péngin ngerti soal kuwi, Abraham takon karo Yéhuwah. Yéhuwah ya gelem njawab pertanyaané Abraham. Akhiré, Abraham yakin nèk Yéhuwah bener-bener ngerti isi atiné manungsa lan ora bakal ngukum wong sing bener bareng karo wong sing jahat.—PD. 18:20-32. w22.08 28 ¶9-10
Jumat, 29 Maret
Wong sing isa dipercaya bakal njaga rahasiané wong liya.—WB. 11:13.
Pas taun 455 SM, témbok Yérusalèm rampung dibangun. Terus, Gubernur Néhémia nggolèk wong-wong sing isa diendelké kanggo ngawasi kutha Yérusalèm. Néhémia milih Hanania, yaiku pemimpiné Bèntèng. Ing Alkitab disebutké nèk Hanania kuwi ”wong sing isa dipercaya lan wedi marang Gusti Allah sing bener ngluwihi akèh wong liyané”. (Néh. 7:2) Hanania mesthi ya sayang karo Yéhuwah. Dhèwèké wedi nggawé Yéhuwah kecéwa. Dadi, Hanania mesthi tenanan nglakoni tugasé. Nèk sayang karo Yéhuwah lan wedi nggawé Dhèwèké kecéwa, awaké dhéwé mesthi bakal kerja keras wektu nglayani Yéhuwah. Conto liyané yaiku Tikhikus. Dhèwèké kuwi kancané Rasul Paulus lan sedulur ”sing setya ngabdi marang Gusti”. (Éf. 6:21, 22) Paulus njaluk tulung Tikhikus bèn mbantu dhèwèké. Merga Tikhikus isa dipercaya, Paulus ngongkon dhèwèké ngeterké surat kanggo jemaat ing Éfésus lan Kolose. Paulus ya ngongkon Tikhikus kanggo nguwatké lan menghibur sedulur-sedulur kuwi. Jaman saiki ana akèh sedulur-sedulur sing kaya Tikhikus. Awaké dhéwé mesthi menghargai banget kerja kerasé sedulur-sedulur kuwi.—Kol. 4:7-9. w22.09 9-10 ¶5-6
Setu, 30 Maret
Wong sing sayang karo wong liya mesthi gelem ngapura.—1 Ptr. 4:8.
Selama 13 taun, Yusuf menderita. Yusuf ora mikir sing èlèk-èlèk sik, misalé mikir nèk Yéhuwah ora sayang karo dhèwèké utawa ora gelem mbantu dhèwèké. Tapi, Yusuf tetep sabar lan tetep tenang. Kuwi bukti nèk Yusuf nduwé pikiran sing jernih. Dhèwèké ora balas dendam lan malah gelem ngapura kakang-kakangé. (PD. 45:4, 5) Yusuf ya ora terus-terusan mikirké masalahé, tapi mikirké pandhangané Yéhuwah. (PD. 50:19-21) Apa pelajarané? Nèk lara ati karo sedulur liya, aja mikir nèk Yéhuwah ora sayang utawa ora gelem mbantu awaké dhéwé. Coba pikirna piyé carané Yéhuwah mbantu pas awaké dhéwé ngadhepi masalah kuwi. Awaké dhéwé ya kudu seneng ngapura. w22.11 21 ¶4