Roma
9 Aku iki muridé Kristus. Hati nuraniku dituntun karo roh suci, lan aku ngomongké sing bener. Aku ora ngapusi wektu aku ngomong 2 nèk atiku sedhih banget lan terus-terusan sengsara. 3 Aku gelem nampa hukuman sing kuduné kanggo sedulur-sedulurku, yaiku wong sing sak bangsa karo aku, sing dudu muridé Kristus nèk kuwi isa mbantu sedulur-sedulurku kuwi. 4 Wong-wong kuwi wong Israèl, sing wis diangkat dadi anaké Gusti Allah+ lan diwènèhi kemuliaan, perjanjian-perjanjian,+ Hukum Musa,+ janji-janji,+ lan kehormatan kanggo ngabdi marang Gusti Allah.+ 5 Wong-wong kuwi ya keturunané+ wong-wong sing dadi nènèk moyangé Kristus.+ Muga-muga Gusti Allah sing nguwasani kabèh diluhurké saklawasé. Amin.
6 Ning, iki ora berarti nèk janjiné* Gusti Allah ora kelakon. Sakjané, ora kabèh keturunan Israèl kuwi bener-bener wong Israèl.+ 7 Senajan kabèh wong kuwi keturunané* Abraham, ora kabèh bener-bener anaké Abraham.+ Ning Gusti Allah kandha, ”Keturunan* sing dijanjèkké marang kowé kuwi asalé saka Ishak.”+ 8 Mula, ora kabèh anaké Abraham bener-bener anaké Gusti Allah.+ Tapi, sing lair merga janjiné Gusti Allah+ dianggep dadi keturunané* Abraham. 9 Gusti Allah janji, ”Ing wektu sing padha kaya ngéné iki, Aku bakal teka, lan Sara bojomu bakal nduwé anak lanang.”+ 10 Janji kuwi diwènèhké ora mung ing wektu kuwi thok, tapi ya wektu Ribka meteng anak kembar saka Ishak, yaiku nènèk moyangé awaké dhéwé.+ 11 Sakdurungé anak-anak kuwi lair lan nindakké apa waé sing apik utawa èlèk, Gusti Allah wis nggawé pilihan. Gusti Allah milih wong sesuai karo karepé lan ora menurut tumindaké wong kuwi. 12 Kuwi sebabé Gusti Allah ngomong karo Ribka, ”Sing tuwa bakal dadi budhaké sing enom.”+ 13 Iki sesuai karo ayat sing kandha, ”Aku nresnani Yakub, ning Aku sengit marang Ésau.”+
14 Apa berarti Gusti Allah ora adil? Ora mungkin.+ 15 Gusti Allah ngomong karo Musa, ”Aku bakal nresnani lan mesakké karo wong sing Tak senengi.”+ 16 Dadi, Gusti Allah milih wong ora menurut kepénginan utawa upayané wong kuwi,* ning menurut Gusti Allah dhéwé sing nduwé rasa mesakké.+ 17 Ana ayat sing kandha soal Firaun, ”Aku isih péngin kowé urip bèn Aku isa nduduhké kuwasa-Ku lan bèn kabèh wong sing ana ing bumi ngerti jeneng-Ku.”+ 18 Dadi, Gusti Allah mesakké karo sapa waé sing disenengi, ning Dhèwèké ngejarké sing liyané dadi ndableg.+
19 Ana sing bakal takon karo aku, ”Ngapa kok Gusti Allah nyalahké wong-wong? Sapa sing isa nglawan karepé Gusti Allah?” 20 Kowé kuwi sapa ta, kok nganti wani-waniné ngomong nglawan Gusti Allah?+ Mosok tanah liat isa ngomong ngéné marang pengrajiné, ”Ngapa kok aku digawé kaya ngéné?”+ 21 Apa kowé ora ngerti? Pengrajin tanah liat nduwé wewenang nggawé sak kepel tanah liat+ sing padha dadi barang loro, sing siji barang sing berharga lan sijiné barang sing biasa. 22 Gusti Allah ya kaya ngono. Gusti Allah péngin nduduhké rasa nesuné lan kuwasané. Tapi, Dhèwèké sabar marang wong-wong sing nggawé Dhèwèké nesu* lan sing pantes disingkirké. 23 Gusti Allah sabar, merga Dhèwèké péngin nduduhké kemuliaané marang wong-wong sing dimesakké.*+ Gusti Allah nyiapké wong-wong kuwi bèn wong-wong kuwi isa dimulyakké. 24 Awaké dhéwé wong-wong sing wis dipilih* kuwi. Gusti Allah milih awaké dhéwé ora mung saka antarané wong Yahudi, ning ya saka antarané bangsa-bangsa liya.+ 25 Iki kaya sing diomongké Gusti Allah ing kitab Hoséa, ”Wong-wong sing dudu umat-Ku+ bakal Tak sebut ’umat-Ku’, lan wong wédok sing ora Tak tresnani bakal Tak sebut ’sing Tak tresnani’.+ 26 Ing panggonan pas Aku ngomong marang wong-wong kuwi, ’Kowé dudu umat-Ku’, ya ing kono kuwi wong-wong kuwi bakal disebut ’anak-anaké Gusti Allah sing urip’.”+
27 Malah, Yésaya ngumumké soal Israèl, ”Senajan jumlahé wong Israèl kaya pasir ing laut, ning mung sisané sing bakal dislametké.+ 28 Yéhuwah* bakal ngadili wong-wong ing bumi, lan kuwi bakal ditindakké cepet banget.”+ 29 Sakliyané kuwi, Yésaya tau kandha, ”Nèk keturunané* awaké dhéwé ora ana sing dislametké Yéhuwah* pemimpiné pasukan, awaké dhéwé mesthi wis dadi kaya Sodom lan kaya Gomora.”+
30 Dadi, apa kesimpulané? Wong-wong saka bangsa liya dianggep bener+ merga nduwé iman senajan wong-wong kuwi ora ngupaya dianggep bener.+ 31 Ning, senajan wong Israèl ngupaya manut hukum bèn dianggep bener, tapi upayané gagal. 32 Apa sebabé? Wong-wong kuwi ngupaya dianggep bener liwat tumindak, dudu liwat iman. Wong-wong kuwi kesandhung karo ”watu sing nggawé kesandhung”,+ 33 padha karo ayat sing kandha, ”Ing Zion, Aku ndèlèhké watu+ sing bakal nggawé wong kesandhung lan watu sing bakal nggawé wong tiba, ning wong sing nduwé iman marang dhèwèké ora bakal kecéwa.”+