PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
Pengumuman
Basa sing lagi waé ditambahké: Ditammari
  • Dina Iki

Selasa, 6 Januari

Dhèwèké nambani wong sing lara ati. Luka-lukané wong kuwi diperban.—Mzm. 147:3.

Saka swarga, Yéhuwah nggatèkké umaté. Dhèwèké ngerti wektu umaté lagi sedhih utawa seneng. (Mzm. 37:18) Wektu ndelok umaté berjuang bèn tetep setya meskipun lagi sedhih, kecéwa, utawa lara ati, Yéhuwah seneng. Tapi ora mung seneng, Dhèwèké ya péngin menghibur, nguwatké, lan nyemangati umaté. Ana gambaran sing apik soal carané Yéhuwah nggatèkké wong sing atiné wis luka. Ing Mazmur 147:3 disebutké nèk ”luka-lukané wong kuwi diperban”. Nah, piyé bèn isa éntuk manfaat saka kepeduliané Yéhuwah? Gambarané ngéné: Dokter sing berpengalaman ngerti akèh cara kanggo nambani wong sing terluka. Tapi bèn isa mari, wong sing terluka kuwi kudu manut omongané dokter. Nah ing Alkitab, Yéhuwah ya tau ngomong karo wong-wong sing atiné wis luka lan ngekèki petunjuk. w24.10 6 ¶1-2

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Rebo, 7 Januari

Kabèh kuwi disingkirké saka bumi.—PD. 7:23.

Mbiyèn ing publikasi tau dibahas soal piyé Yéhuwah ngadili wong-wong sing ora bener. Wektu kuwi dijelaské nèk wong-wong sing dihukum Yéhuwah ora bakal diuripké manèh. Ing Alkitab ana beberapa kisah sing nyritakké piyé Yéhuwah ngadili wong-wong sing ora bener. Misalé, pas jamané Nuh, Yéhuwah ngukum kabèh wong kecuali Nuh lan keluargané nganggo Banjir Gedhé. Yéhuwah ya mbantu bangsa Israèl ngalahké pitu bangsa ing tanah Kanaan. Terus, Yéhuwah ya tau ngongkon malaékat siji matèni 185.000 tentara Asiria. (PT. 7:​1-3; Yés. 37:​36, 37) Apa berarti wong-wong kuwi bakal mati saklawasé lan ora bakal diuripké manèh? Awaké dhéwé ora ngerti. Soalé, ing Alkitab ora ana keterangan sing isa dadi dhasar kanggo nyimpulké kuwi. Ana hal-hal sing awaké dhéwé ora ngerti. Ing kisah-kisah sing disebutké mau, awaké dhéwé ora ngerti Yéhuwah ngadiliné saben wong kuwi piyé. Awaké dhéwé ya ora ngerti apa wong-wong sing wis mati kuwi tau éntuk kesempatan kenal Yéhuwah lan bertobat. w24.05 3 ¶5-7

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Kemis, 8 Januari

Kalahna kejahatan nganggo apa sing apik.—Rm. 12:21.

Pas jamané Yésus, ana akèh wong sing diperlakukan ora adil. Makané, wektu Yésus nyritakké perumpamaan soal randha, sing bola-bali njaluk karo hakim bèn nggawèkké keputusan sing adil kanggo dhèwèké, para murid isa ngerti perasaané randha kuwi. (Luk. 18:​1-5) Awaké dhéwé mesthi ya tau diperlakukan ora adil, makané mesthi isa memahami perasaané randha kuwi. Akèh wong saiki seneng mbédak-mbédakké, jahat, lan srakah. Makané, awaké dhéwé isa waé diperlakukan ora adil. (Pkh. 5:8) Nèk sing memperlakukan kaya ngono sedulur seiman, mesthi rasané lara banget. Tapi élinga nèk para sedulur kuwi ora sempurna. Dadi mesthi meréka ora sengaja. Wektu diperlakukan ora adil karo para penentang, Yésus tetep sabar. Awaké dhéwé péngin niru Yésus. Nèk karo para penentang waé kudu sabar, apamanèh karo sedulur seiman. w24.11 2 ¶1-2

Nliti Alkitab Saben Dina—2026
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim