Injil Lukas
12 Wektu kuwi, ana éwonan wong sing ngumpul nganti dhesek-dhesekan. Terus, Yésus ndeloki murid-muridé lan ngomong karo murid-murid kuwi, ”Kowé kudu ati-ati karo raginé wong Farisi, yaiku kelakuané sing munafik.+ 2 Kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak, lan kabèh rahasia bakal dingertèni.+ 3 Kuwi sebabé apa sing mbok omongké meneng-meneng bakal dicritakké marang kabèh wong, lan apa sing mbok bisikké ing kamar bakal diumumké ing ngarepé wong akèh. 4 Kanca-kancaku,+ kowé tak kandhani, aja wedi marang wong sing isa matèni badan, ning ora isa ngapa-apakké kowé manèh.+ 5 Aku bakal ngandhani kowé sapa sing kuduné mbok wedèni. Kowé kudu wedi marang Gusti Allah merga Dhèwèké isa matèni kowé lan nguncalké kowé menyang Géhéna.*+ Mula, kowé kudu wedi marang Dhèwèké.+ 6 Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik,* ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing dilalèkké* Gusti Allah.+ 7 Malah, Bapakmu ngerti jumlahé rambut ing sirahmu.+ Mula aja wedi, kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.+
8 ”Kowé tak kandhani, saben wong sing ngakoni aku ing ngarepé manungsa,+ Anaké manungsa ya bakal ngakoni wong kuwi ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah.+ 9 Ning, sapa sing ora ngakoni aku ing ngarepé manungsa, Anaké manungsa ya ora bakal ngakoni wong kuwi ing ngarepé malaékat-malaékaté Gusti Allah.+ 10 Sapa waé sing ngèlèk-èlèk Anaké manungsa bakal diapura. Tapi, sapa waé sing ngrèmèhké roh suci ora bakal diapura.+ 11 Nèk kowé digawa kanggo ditakon-takoni ing ngarepé wong akèh,* ing ngarepé para pejabat, utawa ing ngarepé para penguasa, aja kuwatir soal apa sing kudu mbok omongké utawa piyé carané ngomong kanggo mbéla awakmu dhéwé.+ 12 Wektu kuwi, roh suci bakal ngandhani apa sing kudu mbok omongké.”+
13 Ing antarané akèh wong kuwi, ana sing ngomong karo Yésus, ”Guru, mbok kakangku dikandhani bèn mbagi warisané karo aku.” 14 Yésus njawab, ”Sapa sing ngangkat aku dadi hakim kanggo nengahi kowé lan kakangmu?” 15 Terus, Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Kowé kudu ngati-ati, lan aja nganti kowé srakah.+ Senajan wong nduwé harta sing akèh, ning harta kuwi ora isa nggawé dhèwèké tetep urip.”+ 16 Mula Yésus nyritakké perumpamaan iki, ”Ana wong sugih sing lemahé ngasilké panènan sing akèh banget. 17 Dadi wong sugih kuwi mikir, ’Aku ora nduwé panggonan kanggo ngumpulké hasil panènku. Saiki, aku kudu piyé ya?’ 18 Terus, dhèwèké mikir manèh, ’Iki sing bakal tak tindakké:+ Aku arep ngrubuhké gudhang-gudhangku, terus mbangun sing luwih gedhé. Ing kono, aku bakal nyimpen kabèh gandum lan barang-barangku.’ 19 Dhèwèké ya mikir: ’Saiki, aku kan wis nduwé akèh harta sing isa tak enggo urip nganti pirang-pirang taun. Mula, aku arep santai-santai, mangan, ngombé, lan seneng-seneng.’ 20 Ning, Gusti Allah ngomong ngéné karo wong kuwi, ’Hé wong sing ora masuk akal, bengi iki kowé bakal mati. Terus, kabèh barang sing wis mbok klumpukké kuwi bakal dipèk wong liya.’+ 21 Ya kaya ngono kuwi dadiné wong sing nglumpukké harta kanggo kepentingané dhéwé, ning ora ngupaya sugih ing ngarepé Gusti Allah.”+
22 Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Mula kowé tak kandhani: Aja kuwatir manèh soal uripmu, yaiku apa sing arep mbok pangan, utawa soal badanmu, yaiku apa sing arep mbok enggo.+ 23 Urip kuwi luwih berharga timbang panganan, lan badan kuwi luwih berharga timbang klambi. 24 Coba pikirna soal manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar benih utawa manèn lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, ning Gusti Allah makani manuk-manuk kuwi.+ Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk, ta?+ 25 Sapa ta ing antaramu sing merga kuwatir isa nggawé umuré rada dawa sithik?* 26 Dadi, nèk nindakké soal kaya ngono waé kowé ora isa, ngapa kok kowé ndadak kuwatir soal liyané?+ 27 Gatèkna piyé kembang lili thukul: Kembang-kembang kuwi ora nyambut gawé utawa njait. Ning kowé tak kandhani, senajan Salomo sugih banget, kembang-kembang kuwi tetep luwih apik timbang pakaiané Salomo.+ 28 Nèk tanduran ing ladhang sing sésuk diobong waé diwènèhi pakaian sing apik karo Gusti Allah, apa manèh kowé. Gusti Allah mesthi bakal mènèhi kowé pakaian, hé kowé sing imané cilik. 29 Mula, aja kuwatir manèh soal apa sing arep mbok pangan lan apa sing arep mbok ombé. Aja terlalu kuwatir.+ 30 Kuwi kabèh sing digolèki tenanan karo wong-wong saka bangsa ing donya iki. Ning, Bapakmu ngerti tenan nèk kowé mbutuhké kuwi.+ 31 Mula, Kerajaané Gusti Allah kudu terus mbok utamakké ing uripmu, lan sing liya-liyané bakal disedhiakké kanggo kowé.+
32 ”Hé kelompok cilik,*+ kowé aja wedi, merga Bapakmu wis gelem mènèhi kowé Kerajaan kuwi.+ 33 Edolen hartamu, lan hasilé gunakna kanggo mènèhi sedhekah.+ Nggawéa kanthong dhuwit sing ora bakal rusak, yaiku harta ing swarga sing ora bakal entèk.+ Ing kana, harta kuwi ora bakal dicolong maling utawa dirusak serangga. 34 Ing endi hartamu, ya ing kono kuwi atimu.
35 ”Klambimu kudu dienggo, kowé kudu siap-siap,*+ lampu minyakmu kudu murub terus,+ 36 lan kowé kudu kaya budhak-budhak sing ngentèni majikané mulih+ saka pésta mantèn+ supaya wektu majikan kuwi teka lan ndhodhogi lawang, budhak-budhaké isa langsung mbukakké. 37 Budhak-budhak sing kebukti isih tetep jaga-jaga wektu majikané teka kuwi budhak sing bahagia. Percayaa, majikan kuwi bakal siap-siap nglayani* lan ngongkon budhak-budhaké lungguh ing ngarep méja. Terus, majikan kuwi bakal marani lan ngladèni budhak-budhaké kuwi. 38 Malah, nèk misalé majikan kuwi tekané ing giliran jaga keloro,* utawa ketelu,* lan budhak kuwi kebukti tetep siap, budhak kuwi mesthi bahagia banget. 39 Pikirna soal iki, nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira maling arep teka, dhèwèké mesthi ora bakal meneng waé nèk omahé arep dibobol.+ 40 Mula kowé kudu tetep siap, merga Anaké manungsa bakal teka ing wektu sing ora mbok sangka-sangka.”+
41 Terus Pétrus takon, ”Gusti, njenengan nyritakké perumpamaan iki mung kanggo murid-muridmu thok, apa kanggo wong akèh?” 42 Gusti Yésus njawab, ”Sapa ta sakjané pengurus* sing setya lan wicaksana,* sing bakal dilantik majikané kanggo ngurus lan mènèhi mangan sing cukup kanggo pelayan-pelayan omahé ing wektu sing pas?+ 43 Budhak kuwi mesthi bahagia banget nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. 44 Percayaa, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh hartané. 45 Ning, nèk misalé budhak kuwi mbatin, ’Paling majikanku tekané telat,’ terus dhèwèké mulai nggebugi para budhak lanang lan wédok lan mangan karo ngombé nganti mabuk,+ 46 majikané bakal teka ing dina sing ora disangka-sangka lan ing jam sing ora dingertèni budhak kuwi. Terus, majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot lan bakal nguncalké budhak kuwi menyang panggonané wong-wong sing ora setya. 47 Budhak kuwi sakjané ngerti karepé majikané, ning ora siap-siap lan ora nindakké préntahé majikané.* Mula, budhak kuwi bakal digebugi ping bola-bali.+ 48 Ning, budhak sing nindakké kesalahan merga ora ngerti karepé majikané, budhak kuwi pancèn bakal digebugi tapi mung ping sithik. Wong sing diwènèhi akèh bakal dijaluki akèh, lan wong sing diwènèhi akèh tanggung jawab bakal dituntut luwih akèh.+
49 ”Aku teka kanggo ngurubké geni ing bumi. Saiki geniné wis murub, dadi ora ana manèh sing tak péngini. 50 Ning, isih ana baptisan sing kudu tak lakoni, lan aku susah banget nèk kuwi durung kelakon.+ 51 Apa mbok pikir aku teka kanggo nggawé rukun ing bumi? Ora. Kowé tak kandhani, tekaku iki kanggo nggawé wong mungsuhan.+ 52 Mulai saiki, keluarga bakal ora rukun. Nèk ana wong lima ing kono, sing telu bakal nglawan sing loro lan sing loro bakal nglawan sing telu. 53 Keluarga kuwi bakal ora rukun. Bapak nglawan anaké lanang lan anak lanang nglawan bapaké, ibu nglawan anaké wédok lan anak wédok nglawan ibuné, ibu maratuwa nglawan mantuné wédok lan mantu wédok nglawan ibu maratuwané.”+
54 Terus, Yésus ya kandha marang wong-wong, ”Pas ndelok mendhung sing peteng ing sisih kulon, kowé langsung ngomong, ’Bakal ana udan angin,’ lan kuwi sing kelakon. 55 Pas ngerti ana angin saka kidul, kowé ngomong, ’Hawané bakal panas banget,’ lan kuwi sing kelakon. 56 Hé wong-wong munafik, kowé isa ngerti cuacané bakal kaya apa wektu ndelok langit, ning ngapa kok kowé ora ngerti artiné peristiwa-peristiwa sing kelakon saiki?+ 57 Ngapa kok kowé ora ngerti apa sing kuduné mbok tindakké? 58 Contoné, nèk ana wong sing nuntut kowé ing pengadilan, rampungna dhisik masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan. Nèk ora, wong kuwi bakal nyerahké kowé marang hakim, terus hakim marang petugas pengadilan, lan petugas pengadilan nglebokké kowé ing penjara.+ 59 Kowé tak kandhani, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu, nganti dhuwit rècèhmu* sing terakhir.”