Purwaning Dumadi
3 Ula kuwi+ kéwan sing paling ngati-ati saka antarané kabèh kéwan liar sing digawé Gusti Allah Yéhuwah. Ula kuwi takon karo wong wédok kuwi, ”Apa bener Gusti Allah nglarang kowé mangan buah saka kabèh wit ing taman iki?”+ 2 Wong wédok kuwi njawab, ”Buah saka wit-witan ing taman iki éntuk tak pangan.+ 3 Ning, Gusti Allah kandha soal buah saka wit sing ana ing tengah-tengahé taman iki,+ ’Kowé ora éntuk mangan kuwi. Kowé ora éntuk ndemèk kuwi. Nèk kuwi mbok tindakké, kowé bakal mati.’” 4 Ula kandha marang wong wédok kuwi, ”Ora, kowé ora bakal mati.+ 5 Sakjané, Gusti Allah ngerti nèk misalé kowé mangan buah kuwi, ing dina kuwi mripatmu bakal kebukak lan kowé bakal dadi kaya Gusti Allah, ngerti sing apik lan sing jahat.”+
6 Terus, wong wédok kuwi ndelok nèk buah saka wit kuwi apik. Buahé kétok nyenengké lan nggawé wong péngin mangan buah kuwi. Buah kuwi dipethik lan dipangan wong wédok kuwi.+ Buah kuwi ya diwènèhké marang bojoné pas bojoné teka, lan akhiré bojoné mangan buah kuwi.+ 7 Terus, mripaté wong loro kuwi kebukak, lan akhiré wong loro kuwi sadhar nèk wuda. Mula, wong loro kuwi nggawé ngisoran saka godhong ara kanggo nutupi pinggangé.+
8 Sakwisé kuwi, wektu semilir anginé,* wong loro kuwi krungu swarané Gusti Allah Yéhuwah wektu Gusti Allah mlaku ing taman kuwi. Wong lanang kuwi lan bojoné ndhelik saka Gusti Allah Yéhuwah ing antarané wit-wit ing taman kuwi. 9 Gusti Allah Yéhuwah ngundang* wong lanang kuwi ping bola-bali lan kandha, ”Kowé ing endi?” 10 Akhiré wong lanang kuwi kandha, ”Aku krungu swara-Mu ing taman, ning aku wedi merga aku wuda, mula aku ndhelik.” 11 Gusti Allah takon, ”Sapa sing ngandhani nèk kowé wuda?+ Apa kowé mangan buah saka wit sing Tak larang kuwi?”+ 12 Wong lanang kuwi njawab, ”Wong wédok sing mbok wènèhké kuwi sing mènèhi aku buah kuwi, mula buahé tak pangan.” 13 Gusti Allah Yéhuwah takon karo wong wédok kuwi, ”Ngapa kok kowé ngono?” Wong wédok kuwi njawab, ”Ula kuwi ngapusi aku, mula buah kuwi tak pangan.”+
14 Terus Gusti Allah Yéhuwah kandha marang ula,+ ”Merga tumindakmu iki, kowé dikutuk saka antarané kabèh kéwan peliharaan lan kéwan liar. Kowé bakal mlaku nganggo wetengmu, lan kowé bakal mangan debu sakjegé uripmu. 15 Aku bakal nggawé kowé+ lan wong wédok+ kuwi mungsuhan.+ Aku ya bakal nggawé keturunanmu*+ lan keturunané* wong wédok kuwi+ mungsuhan. Dhèwèké* bakal ngremuk endhasmu,+ lan kowé bakal ngremuk tungkaké.*+
16 Gusti Allah kandha marang wong wédok kuwi, ”Kowé bakal rekasa banget pas meteng. Kowé bakal ngrasakké lara banget pas nglairké. Kowé bakal bener-bener mbutuhké bojomu, lan dhèwèké bakal nguwasani kowé.”
17 Terus Gusti Allah kandha marang Adam,* ”Aku wis mènèhi kowé préntah,+ ’Aja mangan buah saka wit kuwi’, ning kowé malah ngrungokké bojomu lan mangan buah saka wit kuwi. Mula, lemah dikutuk merga kowé.+ Bèn isa mangan hasilé, kowé kudu rekasa sakjegé uripmu.+ 18 Lemah bakal nukulké semak berduri lan suket liar, lan tanduran sing ana ing padhang bakal dadi pangananmu. 19 Kowé kudu kerja keras nganti kringeten bèn isa mangan,* nganti kowé bali ing lemah, merga kuwi asalmu.+ Kowé debu, lan kowé bakal bali dadi debu manèh.”+
20 Sakwisé kuwi, Adam njenengi bojoné Hawa,* merga dhèwèké bakal dadi ibuné kabèh manungsa.*+ 21 Gusti Allah Yéhuwah nggawé klambi dawa saka kulit kanggo Adam lan bojoné, lan wong loro kuwi nganggo klambi kuwi.+ 22 Terus, Gusti Allah Yéhuwah kandha, ”Manungsa kuwi wis dadi kaya awaké dhéwé, ngerti sing apik lan sing jahat.+ Saiki, bèn manungsa kuwi ora njupuk lan mangan buah saka wit kehidupan,+ terus urip saklawasé,—” 23 Gusti Allah Yéhuwah ngusir manungsa kuwi saka Taman Èden+ bèn nggarap lemah sing dadi asalé.+ 24 Sakwisé ngusir dhèwèké, Gusti Allah ndèlèhké kerub loro+ ing wétané Taman Èden, lan ana pedhang sing ana geniné sing terus muter kanggo ngalangi dalan menyang wit kehidupan.