Purwaning Dumadi
8 Gusti Allah ora lali karo Nuh lan karo kabèh kéwan liar lan kéwan peliharaan sing ana ing njero kapal.+ Gusti Allah nyebabké angin ing bumi nggawé banyuné surut. 2 Banyu sing mudhun saka langit akhiré mandheg lan gerbang-gerbang banyu ing langit ditutup. Akhiré udané mandheg.*+ 3 Banyuné mulai surut. Sakwisé 150 dina, banyuné wis surut. 4 Ing dina ke-17 sasi ke-7, kapal kuwi mandheg ing Pegunungan Ararat. 5 Banyuné surut terus nganti sasi ke-10. Ing dina pertama sasi ke-10, puncak gunung-gunung mulai kétok.+
6 Sakwisé 40 dina, Nuh mbukak jendhélané+ kapal kuwi 7 lan ngeculké manuk gagak. Manuk kuwi mabur lan mlebu metu kapal.
8 Terus, Nuh ngeculké manuk dara bèn isa ngerti apa banyuné wis surut. 9 Dara kuwi ora nemu panggonan kanggo ménclok. Mula, dara kuwi bali ing kapal merga banyuné isih nutupi bumi.+ Dadi, Nuh ngetokké tangané lan nggawa dara kuwi mlebu ing kapal. 10 Nuh ngentèni pitung dina manèh lan ngeculké manuk dara kuwi. 11 Soré-soré wektu manuk kuwi bali, Nuh ndelok ana godhong zaitun sing isih seger ing cucuké. Nuh dadi ngerti nèk banyuné wis mulai surut.+ 12 Nuh ngentèni pitung dina manèh. Manuk dara kuwi dieculké manèh, ning akhiré ora bali.
13 Ing dina pertama sasi pertama taun ke-601,+ banyuné wis surut. Nuh mbukak atap kapal lan ndelok nèk lemahé wis mulai garing. 14 Ing dina ke-27 sasi ke-2, lemahé wis garing tenan.
15 Gusti Allah kandha karo Nuh, 16 ”Metua saka kapal karo bojomu, anak-anakmu, lan mantu-mantumu.+ 17 Gawanen metu kabèh jenis kéwan,+ yaiku kabèh kéwan sing mabur, kéwan peliharaan, kéwan liar, lan kéwan liyané,* bèn kéwan-kéwan kuwi nduwé anak lan dadi saya akèh ing bumi.”+
18 Terus, Nuh metu bareng karo anak-anaké,+ bojoné, lan mantu-mantuné. 19 Kabèh jenis kéwan* lan manuk metu saka kapal nurut jenisé.+ 20 Terus, Nuh nggawé mézbah+ kanggo Yéhuwah. Nuh njupuk kéwan-kéwan lan manuk-manuk sing ora haram+ dadi persembahan bakaran ing mézbah kuwi.+ 21 Ambuné persembahan bakaran kuwi nggawé Yéhuwah seneng.* Mula Yéhuwah mbatin, ”Aku ora bakal ngutuk lemah+ manèh merga kesalahané manungsa. Pikirané manungsa pancèn wis èlèk saka cilik.+ Aku ora bakal nyingkirké kabèh makhluk hidup manèh.+ 22 Mulai saiki, ing bumi mesthi bakal ana wektu kanggo nandur lan panèn, panas lan adhem, musim panas lan musim dingin, awan lan bengi.”+