Pengkhotbah
9 Kabèh iki tak pikirké tenanan lan tak simpulké nèk wong bener lan wong wicaksana lan sing ditindakké wong-wong kuwi, ana ing tangané Gusti Allah sing bener.+ Manungsa ora ngerti soal rasa tresna lan sengit sing ana sakdurungé wong-wong kuwi. 2 Kabèh akhiré bakal ngalami sing padha,+ wong sing bener lan sing jahat,+ wong sing apik, wong sing suci lan sing ora suci, lan wong sing mènèhi korban lan sing ora mènèhi korban. Wong sing apik padha karo wong sing dosa. Wong sing kesusu nggawé sumpah padha karo wong sing ngati-ati nèk arep nggawé sumpah. 3 Iki perkara sing nggawé susah sing kelakon ing ngisoré matahari: Merga kabèh akhiré bakal ngalami sing padha,+ atiné manungsa dadi kebak karo sing jahat. Saksuwéné uripé, pikirané kebak perkara sing ora masuk akal, terus wong-wong kuwi akhiré mati.*
4 Ana harapan kanggo sapa waé sing urip, merga asu sing urip luwih apik timbang singa sing mati.+ 5 Wong sing urip ngerti nèk bakal mati,+ tapi wong mati ora ngerti apa-apa.+ Wong sing mati ya ora bakal nampa apa-apa,* merga kabèh sing isa diéling-éling soal wong kuwi wis dilalèkké.+ 6 Sakliyané kuwi, rasa tresna, rasa sengit, lan rasa cemburuné wong kuwi wis ilang. Wong kuwi wis ora éntuk bagéan manèh ing kabèh sing kelakon ing ngisoré matahari.+
7 Ayo, mangana karo rasa seneng, lan ngombéa anggurmu karo ati sing seneng,+ merga Gusti Allah sing bener seneng karo sing mbok tindakké.+ 8 Muga-muga kowé terus nganggo klambi putih* lan nganggo minyak ing rambutmu.+ 9 Rasakna urip seneng karo bojomu sing mbok tresnani+ saksuwéné uripmu sing ora ana gunané, sing wis diwènèhké Gusti Allah kanggo kowé ing ngisoré matahari, saksuwéné uripmu sing ora ana gunané, merga kuwi upah ing uripmu lan kerja keras sing wis mbok upayakké ing ngisoré matahari.+ 10 Apa waé sing isa mbok tindakké, tindakna kuwi sak kuwaté tenagamu, merga ora ana kegiatan, pengetahuan, utawa kawicaksanan ing Kuburan,*+ yaiku panggonan sing bakal mbok parani.
11 Aku ndelok liyané manèh ing ngisoré matahari, nèk sing banter ora mesthi menang balapan, sing kuwat ora mesthi menang perang,+ sing wicaksana ora mesthi nduwé panganan, sing pinter ora mesthi dadi sugih,+ sing nduwé pengetahuan ora mesthi suksès,+ merga wektu lan kedadéan sing ora disangka-sangka dialami kabèh wong kuwi. 12 Manungsa ora ngerti kapan wektuné.+ Padha kaya iwak sing ketangkep ing jala lan manuk sing kena perangkap, ya ngono kuwi manungsa kejebak ing bencana sing ujug-ujug dialami wong-wong kuwi.
13 Aku ndelok kawicaksanan ing ngisoré matahari, lan kuwi nggawé aku nggumun: 14 Ana kutha cilik sing penduduké sithik. Terus, ana raja sing kuwat sing nyerang lan ngepung kutha kuwi. Dhèwèké mbangun témbok kanggo ngepung kutha kuwi. 15 Ing kutha kuwi, ana wong lanang sing mlarat ning wicaksana. Dhèwèké nylametké kutha kuwi nganggo kawicaksanané. Ning, ora ana sing éling karo wong mau.+ 16 Terus aku mikir, ’Kawicaksanan luwih apik timbang kekuwatan.+ Ning, kawicaksanané wong mlarat dirèmèhké, lan omongané ora dirungokké.’+
17 Luwih apik ngrungokké omongané wong wicaksana sing diomongké nganggo cara sing alus timbang omongané wong sing mréntah wong-wong bodho sing diomongké nganggo cara bengok-bengok.
18 Kawicaksanan luwih apik timbang senjata perang, ning wong siji sing dosa isa ngrusak akèh perkara sing apik.+