Injil Matius
9 Mula, Yésus numpak prau lan nyabrang menyang kuthané dhéwé.*+ 2 Terus, wong-wong nggotong wong lumpuh sing diturokké ing tandhu menyang ngarepé Yésus. Wektu ndelok imané wong-wong mau, Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Aja kuwatir, Lé. Dosamu wis tak apura.”+ 3 Terus, ana ahli-ahli Taurat sing mikir, ”Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah.” 4 Yésus ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran jahat kaya ngono?+ 5 Luwih gampang endi, ngomong, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega lan mlakua’?+ 6 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa nduwé kuwasa ing bumi kanggo ngapura dosa . . .” Terus, Yésus kandha marang wong lumpuh mau, ”Ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.”+ 7 Terus, wong lumpuh mau ngadeg lan bali menyang omahé. 8 Wektu ndelok iki, akèh wong nggumun lan ngluhurké Gusti Allah sing wis mènèhi kuwasa kaya ngono marang manungsa.
9 Terus, Yésus mlaku manèh lan ndelok wong lanang sing jenengé Matius lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang dhèwèké, ”Ayo dadi muridku.” Matius langsung ngadeg lan mèlu Yésus.+ 10 Wektu Yésus mangan ing omahé Matius, akèh petugas pajeg lan wong dosa teka, terus mèlu mangan bareng karo Yésus lan para muridé.+ 11 Wektu ngerti iki, wong Farisi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok gurumu mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?”+ 12 Yésus krungu omongan kuwi, terus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.+ 13 Pikirna omongan iki, ’Aku luwih seneng nèk kowé nduwé rasa mesakké karo wong liya timbang kowé mènèhi Aku korban.’+ Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”
14 Terus, murid-muridé Yohanes marani Yésus lan takon, ”Ngapa kok murid-muridmu ora pasa padahal aku, kanca-kancaku, lan wong Farisi pasa?”+ 15 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang+ isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu sedhih, ta? Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté.+ Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa. 16 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar merga kain sing anyar kuwi bakal mengkered lan klambi kuwi suwèké dadi saya amba.+ 17 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, wadhah anggur sing lawas kuwi bakal pecah, angguré wutah, lan wadhah anggur kuwi rusak. Ning, anggur sing anyar mesthi disimpen ing wadhah anggur sing anyar. Dadi, anggur lan wadhahé ora rusak.”
18 Wektu Yésus isih ngomong, ana penguasa* sing marani Yésus lan sujud. Wong kuwi kandha, ”Anakku wédok saiki mesthi wis mati. Ning maraa ing omahku, terus tumpangna tanganmu, lan dhèwèké bakal urip manèh.”+
19 Terus, Yésus ngadeg lan ngetutké wong kuwi bareng karo para muridé. 20 Ana wong wédok sing wis 12 taun lara pendarahan.+ Wong wédok kuwi nyedhaki Yésus saka mburi lan ndemèk pucuk klambi njabané Yésus,+ 21 merga wong wédok kuwi terus-terusan mbatin, ”Nèk aku isa ndemèk klambi njabané waé, aku mesthi mari.” 22 Yésus méngo lan ndelok wong wédok kuwi, terus kandha, ”Aja wedi, Ndhuk. Imanmu wis nggawé kowé mari.”+ Wong wédok mau langsung mari.+
23 Wektu Yésus tekan ing omahé penguasa mau, Yésus ndelok ana wong-wong sing ngunèkké suling, lan akèh wong sing nangis nggero-nggero.+ 24 Yésus kandha, ”Metua. Cah wédok iki ora mati, ning lagi turu.”+ Yésus malah diguyu karo wong-wong kuwi. 25 Sakwisé wong-wong kuwi metu, Yésus mlebu lan ndemèk tangané cah wédok kuwi,+ terus cah wédok kuwi tangi.+ 26 Kabar iki nyebar ing kabèh kutha lan désa sing ana ing dhaérah kuwi.
27 Wektu Yésus mlaku saka kono, ana wong wuta loro+ sing ngetutké Yésus. Wong loro kuwi mbengok, ”Anaké Daud, tulung mesakké aku.” 28 Terus, sakwisé Yésus mlebu ing salah siji omah, wong wuta mau marani Yésus. Yésus takon marang wong loro kuwi, ”Apa kowé nduwé iman nèk aku isa marèkké kowé?”+ Wong loro kuwi njawab, ”Ya, Gusti.” 29 Terus, Yésus ndemèk mripaté wong loro kuwi.+ Yésus kandha, ”Merga kowé nduwé iman, mripatmu bakal isa ndelok.” 30 Terus, mripaté wong wuta kuwi isa ndelok. Yésus tegas ngandhani wong loro kuwi, ”Aja nganti ana wong sing ngerti soal iki.”+ 31 Ning sakwisé metu saka kono, wong loro kuwi nyritakké soal Yésus ing kabèh kutha lan désa sing ana ing dhaérah kuwi.
32 Sakwisé wong loro kuwi lunga, ana wong lanang bisu sing kesurupan roh jahat+ sing digawa marang Yésus. 33 Sakwisé roh jahat kuwi diusir, wong lanang bisu mau isa ngomong.+ Akèh wong nggumun lan kandha, ”Durung tau ana sing kaya ngéné iki ing Israèl.”+ 34 Ning wong Farisi kandha, ”Dhèwèké ngusir roh jahat merga dibantu penguasané roh jahat.”+
35 Yésus lunga ing kutha lan désa, mulang ing sinagogé-sinagogé,* martakké kabar apik soal Kerajaan, lan marèkké akèh penyakit lan masalah keséhatan.+ 36 Wektu ndelok kumpulan wong akèh kuwi, Yésus ngrasa mesakké+ merga wong-wong kuwi digawé sengsara lan ora diopèni* kaya domba tanpa gembala.+ 37 Terus, Yésus kandha marang para muridé, ”Panènané pancèn akèh, ning sing manèn mung sithik.+ 38 Mula, njaluka marang Sing Nduwé panènan supaya ngutus luwih akèh wong kanggo nglumpukké panènané.”+