Injil Yohanes
1 Awalé, Sabda*+ kuwi ana. Sabda kuwi bareng karo Gusti Allah,+ lan Sabda kuwi kaya Gusti Allah.+ 2 Kèt awal, dhèwèké wis bareng karo Gusti Allah. 3 Kabèh ana liwat dhèwèké,+ lan nèk ora liwat dhèwèké, kabèh ora bakal ana.
4 Liwat dhèwèké urip dadi ana, lan urip kuwi dadi cahaya kanggo manungsa.+ 5 Cahaya kuwi bersinar ing petengan,+ ning petengan ora isa matèni cahaya kuwi.
6 Ana wong sing jenengé Yohanes+ sing diutus dadi wakilé Gusti Allah. 7 Wong iki teka kanggo mènèhi kesaksian soal cahaya kuwi,+ supaya kabèh wong isa percaya liwat dhèwèké.* 8 Dhèwèké dudu cahaya kuwi,+ ning dhèwèké teka kanggo mènèhi kesaksian marang wong-wong soal cahaya kuwi.
9 Sedhéla manèh, cahaya sing sejati sing madhangi kabèh wong bakal teka ing donya.+ 10 Dhèwèké* wis tau ana ing donya.+ Donya ana liwat dhèwèké,+ ning donya ora kenal karo dhèwèké. 11 Dhèwèké teka ing dhaérah asalé, ning wong-wong saka bangsané dhéwé nolak dhèwèké. 12 Ning, wong-wong sing nampa dhèwèké diwènèhi kesempatan kanggo dadi anak-anaké Gusti Allah,+ merga wong-wong kuwi nduduhké iman marang dhèwèké.+ 13 Wong-wong kuwi ora dilairké saka manungsa utawa dilairké merga karepé manungsa, ning merga karepé Gusti Allah.+
14 Sabda kuwi dadi manungsa+ lan manggon ing tengah-tengahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya wis ndelok kemuliaané. Kemuliaan kuwi kaya kemuliaan sing ditampa anak tunggal*+ saka bapaké. Dhèwèké kuwi apikan banget lan mesthi ngomongké apa sing bener. 15 (Yohanes mènèhi kesaksian soal dhèwèké. Yohanes kandha, ”Iki wong sing tak maksud wektu aku ngomong, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’”)+ 16 Gusti Allah wis apikan banget karo dhèwèké, mula dhèwèké ya apikan banget karo awaké dhéwé. 17 Pancèn, Gusti Allah mènèhi Taurat liwat Musa.+ Ning liwat Yésus,+ Gusti Allah nduduhké sifat apikan+ lan ngomongké apa sing bener marang awaké dhéwé. 18 Ora ana wong sing tau ndelok Gusti Allah.+ Ning, anak lanang siji-sijiné+ sing kaya Gusti Allah sing ana ing sisihé Bapak,*+ ya dhèwèké kuwi sing nerangké soal Gusti Allah.+
19 Iki kesaksiané Yohanes pas wong Yahudi ngutus para imam lan wong Lèwi saka Yérusalèm kanggo nakoni dhèwèké, ”Kowé kuwi sapa?”+ 20 Yohanes langsung njawab, ”Aku dudu Kristus.” 21 Wong-wong kuwi takon, ”Terus, kowé sapa? Apa kowé Èlia?”+ Dhèwèké njawab, ”Dudu.” Wong-wong kuwi takon manèh, ”Apa kowé Nabi sing bakal teka?”+ Dhèwèké njawab, ”Dudu.” 22 Mula, wong-wong kuwi kandha, ”Dadi kowé kuwi sapa? Kandhanana aku bèn aku isa mènèhi jawaban marang wong-wong sing ngutus aku. Ngomonga, kowé kuwi sapa.” 23 Dhèwèké njawab, ”Aku iki wong sing mbengok ing padhang belantara, ’Lurusna dalan-dalané Yéhuwah,’*+ kaya sing dikandhakké Nabi Yésaya.”+ 24 Wong-wong sing takon kuwi diutus wong Farisi. 25 Mula, wong-wong kuwi nakoni Yohanes, ”Lha nèk kowé dudu Kristus, Èlia, utawa Nabi sing bakal teka, ngapa kok kowé mbaptis wong?” 26 Yohanes njawab, ”Aku mbaptis nganggo banyu. Ning ing antaramu, ana wong sing ora mbok kenal, 27 sing bakal teka sakwisé aku. Malah, aku ora pantes nyopot tali sandhalé.”+ 28 Kuwi kabèh kelakon ing Bétani ing sabrangé Kali Yordan. Yohanes mbaptis wong ing kali kuwi.+
29 Sésuké, Yohanes ndelok Yésus teka marani dhèwèké. Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Anak Dombané+ Gusti Allah sing ngilangi dosané+ donya.+ 30 Dhèwèké kuwi wong sing tak maksud wektu aku ngomong, ’Wong sing teka sakwisé aku wis ndhisiki aku, merga dhèwèké wis ana sakdurungé aku.’+ 31 Senajan aku ora ngerti sapa dhèwèké, ning tujuanku mbaptis nganggo banyu kuwi bèn wong Israèl isa kenal dhèwèké.”+ 32 Yohanes ya mènèhi kesaksian, ”Aku ndelok roh suci sing kaya manuk dara mudhun saka langit, lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré Yésus.+ 33 Senajan aku ora ngerti sapa dhèwèké, ning Gusti Allah sing ngongkon aku mbaptis nganggo banyu kandha, ’Nèk kowé ndelok roh suci mudhun lan roh suci kuwi terus ana ing ndhuwuré salah siji wong sing mbok baptis,+ ya wong kuwi sing bakal mbaptis nganggo roh suci.’+ 34 Aku wis ndelok dhéwé. Aku iki seksiné nèk dhèwèké kuwi pancèn Anaké Gusti Allah.”+
35 Sésuké, Yohanes lagi ngadeg bareng karo muridé loro. 36 Pas ndelok Yésus mlaku, Yohanes kandha, ”Deloken, kuwi Anak Dombané+ Gusti Allah.” 37 Wektu krungu omongané Yohanes mau, murid loro kuwi ngetutké Yésus. 38 Bar kuwi, Yésus nolèh lan ndelok wong loro kuwi ngetutké dhèwèké. Mula Yésus takon, ”Kowé arep ngapa?” Wong loro kuwi njawab, ”Guru,* njenengan manggon ing endi?” 39 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin ngerti, ayo mèlu aku.” Terus, wong loro kuwi mèlu Yésus lan ngerti ing endi Yésus manggon. Bar kuwi, wong-wong kuwi nginep ing kono merga tekané kira-kira wis jam papat soré.* 40 Salah siji saka wong loro sing ngrungokké omongané Yohanes lan ngetutké Yésus kuwi jenengé Andréas.+ Dhèwèké kuwi seduluré Simon Pétrus. 41 Sakwisé kuwi, Andréas langsung nggolèki seduluré, yaiku Simon. Andréas kandha, ”Aku wis ketemu Mésias.”+ (Nèk diterjemahké artiné ”Kristus”.) 42 Terus, Andréas ngejak Simon marani Yésus. Wektu ndelok Simon, Yésus kandha, ”Kowé Simon,+ anaké Yohanes. Kowé bakal disebut Kéfas.” (Nèk diterjemahké artiné ”Pétrus”.)+
43 Sésuké, Yésus arep mangkat ing Galiléa. Terus, Yésus ketemu karo Filipus.+ Yésus kandha, ”Ayo dadi muridku.” 44 Filipus asalé saka Bètsaida. Andréas lan Pétrus ya asalé saka kutha kuwi. 45 Pas ketemu Natanaèl,+ Filipus ngomong, ”Aku wis ketemu karo Yésus anaké Yusuf+ saka Nazarèt. Dhèwèké kuwi wong sing disebutké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi.” 46 Ning Natanaèl njawab, ”Saka Nazarèt kuwi apa ana sing apik?” Filipus kandha, ”Ayo deloken dhéwé.” 47 Wektu Yésus ndelok Natanaèl teka, Yésus kandha, ”Lha iki wong Israèl sejati, sing ora licik atiné.”+ 48 Natanaèl kandha, ”Kok njenengan isa ngerti aku iki sapa?” Yésus njawab, ”Sakdurungé Filipus ngejak kowé, aku wis ndelok kowé ana ing ngisoré wit ara.” 49 Natanaèl kandha, ”Rabi, njenengan kuwi bener-bener Anaké Gusti Allah. Njenengan kuwi Rajané Israèl.”+ 50 Yésus kandha, ”Apa kowé percaya karo aku merga aku ngandhani kowé nèk aku ndelok kowé ing ngisoré wit ara? Kowé bakal ndelok peristiwa-peristiwa sing luwih luar biasa manèh.” 51 Yésus ngomong manèh, ”Percayaa, kowé bakal ndelok langit kebukak, lan malaékat-malaékaté Gusti Allah mudhun marani Anaké manungsa+ lan munggah ing swarga.”