Yésaya
Perlindungan saka Dhèwèké* kuwi kaya témbok lan bèntèng.+
2 Bukaken gerbang-gerbangé,+ bèn bangsa sing tumindaké bener isa mlebu,
Yaiku bangsa sing manut karo Gusti Allah.
3 Njenengan bakal nglindhungi wong sing ngendelké Njenengan.*
4 Kowé kudu percaya marang Yéhuwah saklawasé,+
5 Dhèwèké ngrendhahké wong sing manggon ing panggonan sing dhuwur.
Dhèwèké ngambrukké kutha sing megah kuwi
Nganti rata karo lemah
Lan nganti dadi debu.
6 Kutha kuwi bakal diidak-idak wong sing susah
Lan diidak-idak wong cilik.”
7 Dalané wong sing bener kuwi lurus.
Njenengan ngluruské dalané wong bener
Merga Njenengan bener.
8 Oh Yéhuwah, aku berharap marang Njenengan,
Lan aku nindakké kabèh sing adil nurut Njenengan.
Aku péngin terus ngajèni Njenengan lan éling karo jeneng-Mu.*
9 Pas bengi, aku kangen karo Njenengan saktulusé ati.
Aku tenanan nggolèki Njenengan.+
Pas Njenengan ngadili bumi,
Penduduk ing bumi dadi ngerti carané nindakké apa sing bener.+
10 Senajan wong jahat dimesakké,
Dhèwèké ora bakal ngerti carané nindakké apa sing bener.+
Senajan ana ing panggonané wong sing bener, dhèwèké bakal tetep nindakké sing jahat+
Lan ora bakal ngerti nèk Yéhuwah kuwi hébat.+
11 Oh Yéhuwah, Njenengan wis arep ngukum wong-wong sing jahat, ning wong-wong kuwi ora paham.+
Wong-wong kuwi bakal isin wektu ngerti nèk Njenengan sayang banget karo umat-Mu.
Mungsuh-mungsuh-Mu bakal kobong merga kena geni-Mu.
12 Oh Yéhuwah, Njenengan bakal nggawé aku ngrasa ayem,+
Merga Njenengan mberkahi
Kabèh sing tak tindakké.
13 Oh Yéhuwah Gusti Allahku, aku wis tau dipréntah majikan-majikan liya,+
Ning aku mung muji jeneng-Mu.+
14 Majikan-majikanku kuwi wis mati lan ora bakal urip manèh.
Wong-wong kuwi ora isa ngapa-ngapa lan ora isa tangi manèh.+
Njenengan wis ngukum lan nyingkirké wong-wong kuwi
Bèn ora diéling-éling manèh karo wong liya.
15 Oh Yéhuwah, Njenengan wis nggawé bangsa sing cilik dadi gedhé.
Njenengan wis nggawé bangsa sing cilik dadi gedhé.
Njenengan wis nggawé Njenengan dhéwé dimulyakké.+
Njenengan nggawé wilayahé tanah kuwi saya gedhé.+
16 Oh Yéhuwah, wong-wong kuwi njaluk tulung marang Njenengan wektu susah.
Wektu mbok hukum, wong-wong kuwi ndonga tenanan marang Njenengan.+
17 Oh Yéhuwah, merga Njenengan,
Aku dadi kaya wong wédok sing arep nglairké,
Sing bengok-bengok merga ngrasa lara banget.
18 Aku kaya wong meteng sing ngrasa lara merga arep nglairké,
Ning aku mung kaya nglairké angin.
Aku ora isa nylametké tanah iki,
Lan ora ana sing lair bèn isa manggon ing tanah iki.
19 Gusti Allah ngomong, ”Wong sing mati bakal urip manèh.
Umat-Ku sing wis dadi mayat* bakal tangi manèh.+
Hé kowé sing manggon ing debu,+
Ayo tangi lan sorak-sorak.
Embun sing nggawé kowé seger kuwi kaya embun pas ésuk.
Bumi bakal ngetokké wong-wong sing mati bèn urip manèh.*
20 Umat-Ku, mlebua ing kamarmu,
Lan tutupen lawangé.+
Kowé kudu ndhelik sedhéla
Nganti Aku ora nesu manèh.+
21 Aku, Yéhuwah, metu saka panggonan-Ku
Arep ngukum penduduké tanah kuwi merga kesalahané.
Bakal konangan sapa waé sing wis matèni wong liya ing tanah kuwi,
Lan wong-wong sing dipatèni ora bakal didhelikké manèh.”