Pengkhotbah
12 Élinga karo Sing Nggawé Urip wektu kowé isih enom,+ sakdurungé kowé ngalami dina-dina sing nyusahké+ utawa taun-taun wektu kowé kandha, ”Uripku ora nyenengké”; 2 sakdurungé sinar matahari, bulan, lan bintang dadi ora padhang manèh,+ lan awan bali manèh sakwisé* udan deres; 3 wektu para penjaga omah dadi ndredheg, wektu wong lanang sing gagah dadi bungkuk, wektu wong wédok mandheg nggiling merga tinggal sithik, lan wektu wong wédok ndelok saka jendhéla ning mung weruh peteng;+ 4 wektu lawang-lawang sing madhep dalan wis ditutup, wektu swarané gilingan dadi alon, wektu wong tangi merga swarané manuk, lan wektu cah-cah wédok nyanyi nganggo swara sing alon banget.+ 5 Sakliyané kuwi, wong bakal wedi ana ing panggonan sing dhuwur lan wedi karo bahaya ing dalan. Wit almond bakal metu kembangé,+ walang bakal nyèrèt awaké, lan nafsu kanggo mangan bakal ilang,* merga manungsa mlaku menyang omah sing bakal dienggoni sakterusé+ lan wong-wong sing layat padha mlaku ing dalan;+ 6 sakdurungé tali pérak pedhot, mangkok emas remuk, kendhi ing sumber banyu pecah, lan rodha kanggo nimba banyu ing sumur dadi rusak. 7 Terus, debu bali ing lemah,+ yaiku ing asalé, lan nyawa bali menyang Gusti Allah sing bener, sing mènèhi kuwi.+
8 Sang pengkhotbah kandha,+ ”Ora ana gunané! Kabèh kuwi ora ana gunané.”+
9 Sang pengkhotbah kuwi ora mung wicaksana, ning ya terus mulang wong-wong soal apa sing dingertèni.+ Dhèwèké ya mikirké lan nliti tenanan bèn isa ngumpulké* akèh peribahasa.+ 10 Dhèwèké ngupaya nggolèki kata-kata sing nyenengké+ lan nulis kata-kata sing pas lan bener.
11 Omongané wong wicaksana kuwi kaya tongkat gembala,+ lan kumpulan omongané wong kuwi kaya paku sing nancep kuwat. Kabèh kuwi asalé saka gembala siji. 12 Sakliyané kuwi, anakku, pikirna iki: Nggawé akèh buku kuwi ora bakal ana entèké, lan kakèhan maca buku nggawé awak kesel.+
13 Sakwisé ngrungokké kabèh mau, iki kesimpulané: Wedia karo Gusti Allah sing bener+ lan manuta karo préntahé,+ merga iki kabèh kewajibané manungsa.+ 14 Gusti Allah sing bener bakal ngadili kabèh tumindak, klebu sing ora kétok, embuh kuwi apik utawa èlèk.+