Pangentasan
34 Yéhuwah kandha karo Musa, ”Gawéa lèmpèngan watu loro kaya sing sakdurungé.+ Lèmpèngan watu kuwi bakal Tak tulisi kaya lèmpèngan watu sing sakdurungé,+ sing wis mbok banting nganti remuk.+ 2 Saiki kowé kudu siap-siap, merga sésuk ésuk kowé kudu munggah Gunung Sinai lan ngadeg ing ngarep-Ku, ing puncaké gunung kuwi.+ 3 Ning, ora ana sing éntuk mèlu kowé lan ora ana sing éntuk mara ing gunung kuwi. Kambing, domba, lan sapi ya ora éntuk mangan suket ing sekitaré gunung kuwi.”+
4 Mula, Musa nggawé lèmpèngan watu loro kaya sing sakdurungé. Dhèwèké tangi ésuk-ésuk lan munggah Gunung Sinai karo nggawa lèmpèngan watu kuwi, kaya sing dipréntahké Yéhuwah marang dhèwèké. 5 Terus, Yéhuwah mudhun+ ing méga lan ngadeg ing cedhaké Musa ing gunung kuwi, lan ngumumké jeneng Yéhuwah.*+ 6 Yéhuwah liwat ing ngarepé Musa lan kandha, ”Yéhuwah, Yéhuwah, Gusti Allah sing apikan,+ gampang mesakké,+ sabar,+ nduwé katresnan* sing gedhé banget,+ mesthi nepati janjiné,*+ 7 nduduhké katresnan sing langgeng* marang wong akèh,+ lan ngapura kesalahan, pelanggaran, lan dosa.+ Ning, wong sing jahat ora bakal bébas saka hukuman.+ Nèk ana wong sing salah, anak-anaké, putuné, lan buyuté* bakal mèlu nanggung kesalahané.”+
8 Musa langsung mbungkuk lan sujud. 9 Terus Musa kandha, ”Yéhuwah, nèk aku pancèn nyenengké Njenengan, tulung Yéhuwah, aja ninggalké aku.*+ Bangsa iki pancèn ndableg,+ tapi tulung Njenengan ngapura kesalahan lan dosané bangsa iki.+ Tulung bangsa iki ditampa dadi umat-Mu.” 10 Gusti Allah njawab, ”Saiki Aku nggawé perjanjian karo kowé: Ing ngarepé wong-wong iki, Aku bakal nggawé mukjijat sing durung tau kelakon ing bumi iki utawa ing antarané kabèh bangsa.+ Bangsa-bangsa sing ana ing sekitarmu bakal ndelok kabèh sing ditindakké Yéhuwah, lan sing Tak tindakké kanggo kowé kuwi luar biasa.+
11 ”Gatèkna apa sing Tak préntahké marang kowé dina iki.+ Aku bakal ngusir wong Amori, wong Kanaan, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus.+ 12 Aja nganti nggawé perjanjian karo wong-wong sing manggon ing tanah sing bakal mbok enggoni,+ merga kuwi bakal nggawé kowé sengsara.*+ 13 Ning, kowé kudu ngremuk mézbah-mézbahé, tugu-tugu suciné, lan cagak-cagak suciné.+ 14 Aja nyembah allah liya,+ merga Yéhuwah péngin mung Dhèwèké dhéwé sing disembah.* Dhèwèké péngin umaté mung nyembah Dhèwèké.+ 15 Aja nggawé perjanjian karo penduduk tanah kuwi. Nèk wong-wong kuwi nyembah* allah-allahé lan mènèhké persembahan marang allah-allahé,+ kowé bakal dikongkon mèlu-mèlu kaya ngono, terus kowé bakal mèlu mangan panganan sing diwènèhké dadi persembahan.+ 16 Terus, mesthi kowé bakal nikahké anakmu lanang karo anaké wédok+ penduduk ing tanah kuwi. Anaké wédok wong-wong kuwi bakal nyembah allah-allahé lan nggawé anakmu lanang ya nyembah allah-allahé wong-wong kuwi.+
17 ”Aja nggawé patung saka logam kanggo disembah.+
18 ”Kowé kudu ngrayakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ ing wektu sing wis ditentokké ing sasi Abib,+ merga ing sasi kuwi kowé metu saka Mesir. Pitung dina kowé kudu mangan roti tanpa ragi, kaya sing Tak préntahké marang kowé.
19 ”Kabèh anak lanang pertama kuwi duwèk-Ku,+ termasuk anaké lanang ternakmu sing pertama, embuh kuwi sapi utawa domba.+ 20 Anak pertamané keledai kudu mbok tebus nganggo domba siji. Nèk ora mbok tebus, kowé kudu nugel guluné keledai kuwi. Kabèh anakmu lanang sing pertama kudu mbok tebus.+ Aja nganti kowé ora nggawa apa-apa wektu ngadhep Aku.
21 ”Kowé éntuk kerja enem dina, tapi ing dina kepitu, kowé kudu istirahat,*+ senajan kuwi pas wektuné nandur utawa panèn.
22 ”Kowé kudu ngrayakké Perayaan Sakwisé Pitung Minggu, lan mènèhké hasil panèn gandum sing pertama dadi persembahan. Ing akhir taun, kowé kudu ngrayakké Perayaan Ngumpulké Hasil Panèn.*+
23 ”Setaun ping telu, kabèh wong lanang kudu ngadhep Gusti sing bener, Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl.+ 24 Aku bakal ngusir bangsa-bangsa saka ngarepmu,+ lan Aku bakal nggawé wilayahmu dadi saya amba. Wektu kowé lunga kanggo ngadhep Yéhuwah Gusti Allahmu setaun ping telu, ora bakal ana sing ngrebut tanahmu.
25 ”Wektu mènèhké persembahan getih saka kéwan sing dikorbanké,+ aja mbok wènèhké karo apa waé sing ana raginé. Korban kanggo perayaan Paskah aja disimpen nganti sésuk ésuké.+
26 ”Kowé kudu nggawa hasil panèn pertama sing paling apik saka tanahmu menyang omahé Yéhuwah, Gusti Allahmu.+
”Aja nggodhog anak kambing nganggo susuné emboké.”+
27 ”Yéhuwah ngomong manèh karo Musa, ”Kowé kudu nulis omongan iki,+ merga omongan iki dadi dhasar saka perjanjian sing Tak gawé karo kowé lan Israèl.”+ 28 Musa tetep ana ing kana karo Yéhuwah 40 dina 40 wengi. Musa ora mangan lan ora ngombé.+ Terus, ing lèmpèngan-lèmpèngan kuwi Dhèwèké* nulis kata-kata perjanjian kuwi, yaiku Sepuluh Préntah.+
29 Terus, Musa mudhun saka Gunung Sinai karo nggawa loro lèmpèngan watu Kesaksian.+ Wajahé Musa metu sinaré merga dhèwèké wis omong-omongan karo Gusti Allah, tapi Musa ora ngerti nèk wajahé metu sinaré. 30 Wektu ndelok nèk wajahé Musa metu sinaré, Harun lan wong Israèl dadi wedi nyedhaki Musa.+
31 Ning, Musa ngundang* wong-wong kuwi. Terus Harun lan para pemimpiné wong Israèl nyedhaki Musa, lan Musa ngomong karo wong-wong kuwi. 32 Sakwisé kuwi, kabèh wong Israèl nyedhaki Musa. Terus, Musa ngandhani wong-wong kuwi kabèh préntahé Yéhuwah sing diwènèhké marang Musa ing Gunung Sinai.+ 33 Nèk wis rampung omongan karo wong Israèl, Musa mesthi nutupi wajahé nganggo kain.+ 34 Ning, pas Musa ngadhep Yéhuwah kanggo omong-omongan, Musa bakal nyopot kain kuwi.+ Sakwisé kuwi, dhèwèké metu lan ngandhani wong Israèl soal kabèh préntah sing ditampa.+ 35 Wong Israèl ndelok wajahé Musa metu sinaré. Dadi, Musa nutupi wajahé manèh nganggo kain nganti dhèwèké mlebu kanggo omong-omongan karo Gusti Allah.*+