Kisah Para Rasul
4 Pas isih ngomong karo akèh wong mau, Pétrus lan Yohanes diparani karo para imam, kepala penjaga bait, lan wong Saduki.+ 2 Wong-wong kuwi jèngkèl merga Pétrus lan Yohanes mulang akèh wong lan terang-terangan ngumumké nèk Yésus wis diuripké manèh.+ 3 Mula, Pétrus lan Yohanes ditangkep lan dilebokké penjara+ nganti sésuké merga wektu kuwi wis bengi. 4 Ning, wong-wong sing ngrungokké omongané Pétrus lan Yohanes mau akèh sing dadi wong percaya. Jumlahé sedulur lanang saiki dadi kira-kira 5.000.+
5 Sésuké, para penguasa, pemimpin,* lan ahli Taurat ngumpul ing Yérusalèm. 6 Ing kono ya ana Hanas+ yaiku imam kepala, Kayafas,+ Yohanes, Alèksander, lan kabèh sing isih seduluran karo imam kepala. 7 Wong-wong kuwi ngongkon Pétrus lan Yohanes ngadeg ing tengah, terus mulai nakoni Pétrus lan Yohanes, ”Sapa sing mènèhi kowé kuwasa kanggo nindakké iki?” 8 Terus, Pétrus sing wektu kuwi dituntun roh suci+ njawab,
”Para penguasa lan pemimpin,* 9 dina iki aku karo kancaku diadili merga wis apikan karo wong sing sikilé cacad.+ Njenengan kan ya péngin ngerti ta sapa sing marèkké wong iki? 10 Mula, aku bakal ngandhani njenengan lan kabèh wong Israèl nèk wong iki mari lan isa ngadeg ing ngarepé njenengan kuwi merga jenengé Yésus Kristus wong Nazarèt.+ Yésus iki wong sing njenengan patèni ing cagak,+ ning wis diuripké manèh+ karo Gusti Allah. 11 Dhèwèké kuwi ’watu sing mbok tolak, hé para tukang bangunan, ning saiki dhèwèké wis dadi watu sing utama.’*+ 12 Ing bumi iki, ora ana jeneng liya+ sing dipilih Gusti Allah saka antarané manungsa kanggo nylametké awaké dhéwé. Mula, ora bakal ana wong liya sing isa nylametké manungsa kecuali dhèwèké.”+
13 Wong-wong kuwi nggumun merga ndelok Pétrus karo Yohanes kendel banget wektu ngomong, apa manèh ngerti nèk wong loro kuwi wong biasa lan sekolahé ora dhuwur.*+ Wong-wong kuwi dadi sadhar nèk Pétrus lan Yohanes kuwi wong sing mbiyèn bareng karo Yésus.+ 14 Merga ndelok wong sing dimarèkké mau ngadeg bareng karo Pétrus lan Yohanes,+ wong-wong kuwi dadi ora isa mbantah manèh.+ 15 Mula, wong-wong kuwi ngongkon bèn wong telu kuwi metu saka ruang Sanhèdrin.* Terus, wong-wong kuwi rembugan. 16 Wong-wong kuwi kandha, ”Wong loro kuwi kudu diapakké ya?+ Kabèh penduduk Yérusalèm+ wis ndelok dhéwé nèk wong loro kuwi nindakké mukjijat* sing luar biasa. Awaké dhéwé ya ora isa mbantah soal kuwi. 17 Ning, bèn wong loro kuwi ora crita-crita ing endi-endi, ayo diancam waé lan dilarang ngomong nganggo jeneng kuwi.”*+
18 Terus, Pétrus lan Yohanes diundang* lan dilarang ngomong utawa mulang nganggo jenengé Yésus. 19 Ning, Pétrus lan Yohanes njawab, ”Nèk nurut njenengan, Gusti Allah kuwi péngin awaké dhéwé manut karo Gusti Allah utawa manut karo njenengan? Mangga njenengan putuské dhéwé. 20 Ning kanggoku, aku ora isa mandheg ngomongké soal kabèh sing wis tak delok lan tak rungokké.”+ 21 Sakwisé ngancem Pétrus lan Yohanes manèh, wong-wong kuwi mbébaské rasul loro kuwi merga ora nemokké dhasar kanggo ngukum rasul-rasul kuwi. Apa manèh, wong-wong kuwi wedi karo wong akèh,+ merga kabèh wong sing ndelok kuwi ngluhurké Gusti Allah. 22 Wong lanang sing dimarèkké nganggo mukjijat* kuwi umuré 40 taun luwih.
23 Sakwisé dibébaské, Pétrus lan Yohanes marani murid-murid liyané. Rasul loro kuwi nyritakké apa sing diomongké para imam kepala lan para pemimpin mau. 24 Sakwisé krungu kuwi, kabèh murid ndonga bareng marang Gusti Allah,
”Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan sing nggawé langit, bumi, laut, lan kabèh isiné.+ 25 Liwat roh suci, Njenengan ngomong karo abdi-Mu Daud,+ nènèk moyangku, ’Ngapa kok bangsa-bangsa dadi kuwatir lan wong-wong mikirké rencana sing ora ana gunané? 26 Raja-raja ing bumi siap-siap, lan para penguasa ngumpul bareng* kanggo nglawan Yéhuwah* lan sing dilantik karo Dhèwèké.’*+ 27 Saiki, iki sing kelakon, Hérodès lan Pontius Pilatus+ ngumpul ing kutha iki bareng karo wong Israèl lan wong-wong saka bangsa liya merga arep nglawan Yésus, abdi-Mu sing suci lan sing mbok lantik.+ 28 Wong-wong kuwi ngumpul bareng kanggo nindakké apa sing wis Njenengan ramalké. Kuwi kelakon merga kuwasa-Mu* lan merga karep-Mu.+ 29 Ning saiki, oh Yéhuwah,* tulung gatèkna ancamané wong-wong kuwi. Tulung bantu budhak-budhak-Mu iki, yaiku aku lan para sedulur, bèn isa terus kendel ngumumké omongan-Mu. 30 Muga-muga Njenengan terus nggunakké kuwasané Njenengan kanggo marèkké wong, nggawé mukjijat,*+ lan nindakké sing luar biasa liwat jenengé abdi-Mu sing suci, yaiku Yésus.”+
31 Sakwisé ndonga tenanan,* panggonan sing dienggo ngumpul kuwi dadi goncang, lan wong-wong kuwi dituntun roh suci.+ Bar kuwi, kabèh wong kuwi kendel ngumumké omongané Gusti Allah.+
32 Kumpulan wong sing percaya kuwi nduwé cara mikir lan perasaan sing padha.* Ora ana wong sing wektu kuwi nganggep nèk apa sing diduwèni kuwi duwèké dhéwé. Ning, kabèh berbagi apa waé sing diduwèni.+ 33 Para rasul terus mènèhi kesaksian soal Gusti Yésus sing wis diuripké manèh+ lan trampil banget wektu nindakké kuwi. Wong-wong kuwi ya ngrasakké nèk Gusti Allah wis apikan banget karo wong-wong kuwi. 34 Ora ana sing kekurangan+ merga sedulur-sedulur ngedol tanah utawa omahé, lan hasilé 35 diserahké marang para rasul.+ Terus, para rasul ngedumké kuwi sesuai karo kebutuhané saben wong.+ 36 Ana wong lanang Lèwi, sing asalé saka Siprus, jenengé Yusuf. Para rasul ya nyebut wong kuwi Barnabas+ (sing nèk diterjemahké artiné ”Wong sing Nyemangati Wong Liya”). 37 Dhèwèké ngedol tanahé, terus nyerahké dhuwit hasil ngedol tanah kuwi marang para rasul.+