Wulang Bebasan
1 Peribahasa-peribahasané Salomo+ raja Israèl,+ anaké Daud.+
2 Peribahasa-peribahasa iki ditulis bèn wong isa ngerti dhidhikan, dadi wicaksana,*+
Lan ngerti artiné kata-katané wong sing wicaksana.
3 Iki ya ditulis bèn wong nampa dhidhikan+ sing isa nggawé dhèwèké nduwé pemahaman,
Ngerti apa sing bener,+ nggawé keputusan sing bener,+ lan dadi wong sing jujur.
4 Iki ya ditulis bèn wong sing ora nduwé pengalaman dadi wicaksana,+
Lan bèn cah enom nduwé pengetahuan lan bèn isa mikir.+
5 Wong sing wicaksana gelem ngrungokké lan gelem sinau luwih akèh.+
Wong sing nduwé pemahaman gelem nampa petunjuk saka wong sing trampil+
6 Bèn isa ngerti peribahasa, perumpamaan,*
Omongané wong sing wicaksana, lan teka-tekiné wong kuwi.+
7 Cara pertama bèn isa éntuk pengetahuan*+ yaiku kudu wedi marang* Yéhuwah.
Mung wong bodho sing ngrèmèhké dhidhikan lan kawicaksanan.+
10 Anakku, aja gelem dipengaruhi karo wong-wong sing dosa.+
11 Nèk wong-wong kuwi ngomong, ”Ayo mèlu aku.
Ayo nggolèk kesempatan bèn isa matèni wong liya.
Ayo ndhelik lan nyerang wong sing ora salah mung kanggo seneng-seneng.
12 Ayo nyaplok wong-wong kuwi wektu isih urip, kaya Kuburan* nyaplok wong-wong,
Sak awak dicaplok, kaya wong sing dikubur.
13 Ayo ngrampok kabèh hartané,
Terus hasil rampokan sing akèh banget kuwi ayo digawa mulih.
14 Ayo mèlu aku.*
Mengko hasil rampokan kuwi tak bagi rata.”*
15 Anakku, aja gelem mèlu wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi cepet-cepet matèni wong liya.+
17 Ora ana gunané masang jaring kanggo nangkep manuk
Nèk manuké ngerti pas jaring kuwi dipasang.
18 Kuwi sebabé wong-wong kuwi nggolèk kesempatan bèn isa matèni wong liya.
Wong-wong kuwi ndhelik lan nyerang wong liya bèn wong kuwi mati.
19 Kuwi sing dilakoni wong-wong sing nggolèk untung nganggo cara sing ora jujur.
Wong-wong sing kaya ngono bakal mati merga kelakuané mau.+
20 Kawicaksanan+ kuwi kaya wong sing lagi ngundang-ngundang* ing dalan.+
Swarané saya banter ing lapangan.+
21 Dhèwèké ngundang-ngundang* ing prapatan dalan sing ramé.
Ing gerbang kutha, dhèwèké kandha,+
22 ”Nganti kapan wong sing ora nduwé pengalaman bakal terus ora nduwé pengalaman?
Nganti kapan wong sing seneng ngécé bakal terus ngécé?
Nganti kapan wong sing bodho nolak pengetahuan?+
23 Rungokna nèk tak kandhani.+
Aku bakal mènèhi kowé kekuwatanku.
Aku bakal mbantu kowé bèn paham omonganku.+
25 Kowé ora gelem nampa naséhatku
Lan ora gelem ngrungokké wektu tak kandhani.
26 Aku bakal ngguyu wektu kowé ngalami bencana.
Aku bakal ngécé wektu kowé ngrasa wedi banget,+
27 Wektu sing nggawé kowé wedi teka kaya badai,
Lan wektu bencana teka kaya angin badai,
Wektu kowé ngadhepi masalah lan ngalami kesusahan.
28 Pas kuwi kelakon, wong-wong kuwi bakal njaluk tulung marang aku, ning ora bakal tak jawab.
Wong-wong kuwi bakal terus nggolèki aku, ning ora bakal nemokké aku,+
29 Merga wong-wong kuwi ora gelem nampa pengetahuan,+
30 Wong-wong kuwi ora gelem nampa naséhatku.
Wong-wong kuwi ngrèmèhké wektu tak kandhani.
31 Wong-wong kuwi bakal nampa akibat* saka kelakuané,+
Wong-wong kuwi bakal ngrasakké akibat* saka rencanané dhéwé.
32 Wong sing ora nduwé pengalaman bakal mati merga mbrontak,
Wong sing bodho bakal disingkirké merga sikapé sing ora perduli.