Néhémia
9 Ing dina ke-24 sasi ke-7, wong Israèl ngumpul lan pasa karo nganggo kain goni lan nyawurké debu ing sirahé.+ 2 Keturunané wong Israèl padha misah saka kabèh wong asing,+ terus padha ngadeg lan ngakoni dosané dhéwé lan kesalahané nènèk moyangé.+ 3 Wong-wong kuwi padha ngadeg ing panggonané, lan buku Hukumé+ Yéhuwah Gusti Allahé diwacakké telung jam suwéné. Saksuwéné telung jam berikuté, wong-wong kuwi ngakoni dosané lan sujud marang Yéhuwah Gusti Allahé.
4 Yésyua, Bani, Kadmièl, Syébania, Buni, Syérébia,+ Bani, lan Khénani padha ngadeg ing panggungé+ wong Lèwi, terus ndonga marang Yéhuwah Gusti Allahé nganggo swara banter. 5 Bar kuwi, wong-wong Lèwi, yaiku Yésyua, Kadmièl, Bani, Hasyabnéya, Syérébia, Hodia, Syébania, lan Pétahia, kandha, ”Ngadega lan pujinen Yéhuwah Gusti Allahmu nganti saklawasé.*+ Oh Gusti Allah, muga-muga wong-wong kuwi muji jeneng-Mu sing mulya, sing pantes dipuji lan diluhurké.
6 ”Ora ana Gusti Allah sing kaya Njenengan, oh Yéhuwah.+ Njenengan nggawé langit, malah langit sing paling dhuwur lan sak isiné,* bumi lan sak isiné, karo laut lan sak isiné. Njenengan njaga kabèh tetep urip, lan kabèh sing ana ing langit* padha sujud marang Njenengan. 7 Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allah sing bener, sing milih Abram+ lan nggawa dhèwèké metu saka Ur,+ kuthané wong Khaldéa, lan njenengi dhèwèké Abraham.+ 8 Njenengan ngerti nèk dhèwèké setya marang Njenengan.+ Mula, Njenengan janji arep mènèhké tanahé wong Kanaan, Hèt, Amori, Pèriz, Yébus, lan Girgasyi marang dhèwèké lan keturunané.+ Njenengan nepati janjiné Njenengan, merga Njenengan mesthi nindakké sing bener.
9 ”Njenengan ngerti nèk nènèk moyangku padha sengsara ing Mesir,+ lan Njenengan ngrungokké pas wong-wong kuwi tenanan njaluk tulung ing Laut Merah. 10 Terus, Njenengan mènèhi tandha lan mukjijat kanggo ngukum Firaun, kabèh abdiné, lan kabèh rakyaté,+ merga Njenengan ngerti nèk wong-wong kuwi padha nindhes+ umaté Njenengan. Njenengan nggawé jenengé Njenengan dikenal nganti saiki.+ 11 Njenengan ya mbelah laut ing ngarepé wong-wong kuwi. Mula, wong-wong kuwi padha nyabrang laut ing tanah sing garing.+ Njenengan ya nggawé wong-wong sing ngoyak* wong-wong kuwi dadi kleleb kaya watu sing diuncalké ing laut sing ombaké gedhé.+ 12 Wektu awan, Njenengan nuntun wong-wong kuwi nganggo tugu méga,* lan wektu bengi, Njenengan madhangi dalané wong-wong kuwi nganggo tugu geni.*+ 13 Njenengan mudhun menyang Gunung Sinai+ lan ngomong saka swarga.+ Njenengan mènèhi ketetapan sing adil, hukum sing isa diendelké,* peraturan, lan préntah sing apik.+ 14 Njenengan ngandhani wong-wong kuwi soal Sabaté Njenengan sing suci+ lan mènèhi wong-wong kuwi préntah, peraturan, lan hukum liwat Musa abdi-Mu. 15 Wektu wong-wong kuwi ngelih,*+ Njenengan mènèhi roti saka swarga. Wektu wong-wong kuwi ngelak,+ Njenengan ngetokké banyu saka tebing watu. Njenengan ngongkon wong-wong kuwi mlebu lan ngrebut tanah sing Njenengan janjèkké liwat sumpah marang wong-wong kuwi.
16 ”Ning, nènèk moyangku lancang+ lan ndableg.+ Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké préntah-Mu. 17 Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké+ lan ora éling karo tumindaké Njenengan sing luar biasa ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndableg lan milih pemimpin bèn isa bali dadi budhak manèh ing Mesir.+ Ning, Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura, apikan, gampang mesakké, sabar, lan kebak katresnan sing langgeng,*+ mula Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi.+ 18 Wong-wong kuwi ya nggawé patung logam* sing bentuké anak sapi lan kandha, ’Iki Gusti Allahé awaké dhéwé sing nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir,’+ lan wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan. 19 Ning, Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi ing padhang belantara,+ merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi. Tugu méga* tetep nuntun wong-wong kuwi pas awan lan tugu geni* tetep madhangi dalané wong-wong kuwi pas bengi.+ 20 Njenengan mènèhi roh suciné Njenengan* bèn wong-wong kuwi nduwé pemahaman.+ Njenengan ya terus mènèhi manna marang wong-wong kuwi+ lan mènèhi banyu wektu wong-wong kuwi ngelak.+ 21 Patang puluh taun suwéné Njenengan mènèhi pangan wong-wong kuwi ing padhang belantara.+ Wong-wong kuwi ora kekurangan apa-apa, klambiné ora rusak,+ lan sikilé ora abuh.
22 ”Njenengan nyerahké kerajaan-kerajaan lan bangsa-bangsa, terus mbagèkké kuwi siji-siji,+ bèn wong-wong kuwi isa ngrebut tanahé Sihon+ raja Hésbon+ lan tanahé Og+ raja Basyan. 23 Njenengan ndadèkké anak-anaké wong-wong kuwi akèhé kaya bintang ing langit.+ Terus, Njenengan nggawa wong-wong kuwi menyang tanah sing Njenengan janjèkké marang nènèk moyangé bèn dienggoni.+ 24 Mula wong-wong kuwi teka lan ngrebut tanah kuwi.+ Ing ngarepé wong-wong kuwi, Njenengan ngalahké wong Kanaan+ sing manggon ing kono. Njenengan nyerahké para raja lan rakyat tanah kuwi marang wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi isa tumindak sak karepé dhéwé marang para raja lan rakyat tanah kuwi. 25 Wong-wong kuwi ya ngrebut kutha-kutha+ sing ana bèntèngé, tanah sing subur,+ omah-omah sing isiné kebak barang-barang sing apik, sumur sing wis digali, kebon anggur, kebon zaitun,+ lan wit-witan sing ngetokké buah. Wong-wong kuwi mangan nganti wareg lan urip makmur. Wong-wong kuwi seneng merga katresnané Njenengan sing gedhé.
26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+ 27 Kuwi sebabé Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé+ sing bola-bali nggawé wong-wong kuwi susah banget.+ Ning wektu susah, wong-wong kuwi njaluk tulung marang Njenengan, lan Njenengan ngrungokké saka swarga. Merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi, Njenengan mènèhi penyelamat kanggo mbébaské wong-wong kuwi saka tangané mungsuh-mungsuhé.+
28 ”Ning wektu lagi waé bébas, wong-wong kuwi langsung nindakké manèh apa sing jahat,+ lan Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang mungsuh-mungsuhé, sing akhiré nguwasani wong-wong kuwi.+ Terus, wong-wong kuwi bali manèh marang Njenengan karo njaluk tulung.+ Njenengan ngrungokké wong-wong kuwi saka swarga lan bola-bali mbébaské wong-wong kuwi merga Njenengan mesakké karo wong-wong kuwi.+ 29 Senajan Njenengan ngélikké wong-wong kuwi bèn padha manut manèh karo Hukumé Njenengan, wong-wong kuwi tumindak lancang lan ora gelem ngrungokké préntahé Njenengan.+ Wong-wong kuwi nglanggar préntahé Njenengan, padahal wong bakal tetep urip nèk nindakké préntah kuwi.+ Ning wong-wong kuwi tetep waé ora gelem manut, ndableg, lan ora gelem ngrungokké. 30 Nganti pirang-pirang taun, Njenengan sabar ngadhepi wong-wong kuwi.+ Nganggo roh suciné Njenengan, Njenengan terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para nabiné Njenengan, ning wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké. Akhiré, Njenengan nyerahké wong-wong kuwi marang rakyat tanah kuwi.+ 31 Merga mesakké, Njenengan ora nyingkirké utawa ninggalké wong-wong kuwi,+ merga Njenengan Gusti Allah sing apikan lan gampang mesakké.+
32 ”Saiki oh Gusti Allahku, Gusti Allah sing agung, hébat, lan luar biasa, sing wis nepati janjiné lan nduduhké katresnané sing langgeng,*+ aja lali karo kabèh kesusahan sing tak alami lan sing dialami para rajaku, para pemimpinku,+ para imamku,+ nènèk moyangku,+ lan kabèh umaté Njenengan kèt jamané raja-raja Asiria+ nganti saiki. 33 Njenengan wis tumindak adil lan setya. Kabèh iki tak alami merga aku kabèh wis tumindak jahat.+ 34 Para rajaku, para pemimpinku, para imamku, lan nènèk moyangku ora manut karo Hukumé Njenengan lan ora nggatèkké préntah lan pangéling-éling* saka Njenengan, sing Njenengan sampèkké kanggo ngélikké wong-wong kuwi. 35 Senajan wong-wong kuwi dipréntah karo rajané dhéwé, nampa akèh berkah saka Njenengan, lan manggon ing tanah sing jembar lan subur sing wis Njenengan wènèhké marang wong-wong kuwi, ning wong-wong kuwi tetep ora nglayani Njenengan+ lan terus nindakké sing jahat. 36 Njenengan wis mènèhké tanah iki marang nènèk moyangku bèn wong-wong kuwi isa mangan kabèh sing apik sing dihasilké tanah iki. Ning saiki, aku kabèh iki budhak.+ Aku kabèh dadi budhak ing tanah iki. 37 Hasil sing akèh banget kuwi dadi duwèké raja-raja asing sing Njenengan tentokké bèn mréntah aku kabèh, merga aku kabèh wis dosa.+ Raja-raja kuwi nguwasani aku kabèh lan ternak-ternakku sak karepé dhéwé. Aku kabèh susah banget.
38 ”Dadi merga kuwi kabèh, aku kabèh nggawé perjanjian+ tertulis sing disahké nganggo meterainé para pemimpinku, wong Lèwi, lan para imam.”+