Injil Markus
2 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, Yésus bali ing Kapernaum. Akèh wong krungu nèk Yésus ana ing omah.+ 2 Mula, akèh wong ngumpul ing omah kuwi nganti ora ana panggonan manèh. Malah, ing cedhak lawang waé ya kebak wong. Terus, Yésus mulai martakké kabar apik marang wong-wong kuwi.+ 3 Bar kuwi, ana wong papat teka karo ngusung wong lanang sing lumpuh.+ 4 Ning, merga saking akèhé wong, wong lumpuh kuwi ora isa diusung tekan ngarepé Yésus. Mula, wong-wong mbobol atap omah kuwi, lan saka kono, wong lumpuh mau diedhunké sak tandhuné. 5 Wektu ndelok imané wong-wong kuwi,+ Yésus kandha marang wong lumpuh kuwi, ”Lé, dosamu wis tak apura.”+ 6 Para ahli Taurat sing lungguh ing kono mbatin,+ 7 ’Kok wani-waniné wong iki ngomong kaya ngono? Wong iki ngrèmèhké Gusti Allah. Apa ana sing isa ngapura dosa sakliyané Gusti Allah?’+ 8 Ning, Yésus langsung ngerti apa sing dipikirké wong-wong kuwi. Mula, Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé nduwé pikiran kaya ngono?+ 9 Luwih gampang endi, ngomong marang wong lumpuh iki, ’Dosamu wis tak apura,’ utawa ngomong, ’Ngadega, angkaten tandhumu, lan mlakua’? 10 Ning, kuwi bèn kowé ngerti nèk Anaké manungsa+ nduwé kuwasa kanggo ngapura dosa ing bumi . . .”+ Yésus kandha marang wong lumpuh mau, 11 ”Kowé tak kandhani, ngadega, angkaten tandhumu, lan muliha.” 12 Wong lumpuh mau ngadeg lan langsung ngangkat tandhuné, terus mlaku ing ngarepé wong akèh kuwi. Mula, wong-wong dadi nggumun lan ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Awaké dhéwé durung tau ndelok kaya ngéné iki.”+
13 Bar kuwi, Yésus lunga manèh menyang pinggir laut. Ana akèh wong sing terus marani Yésus, lan Yésus mulai mulang wong-wong kuwi. 14 Pas lagi mlaku, Yésus ndelok Lèwi anaké Alféus lagi lungguh ing kantor pajeg. Yésus kandha marang Lèwi, ”Ayo dadi muridku.” Lèwi langsung ngadeg lan mèlu Yésus.+ 15 Terus, Yésus mangan ing omahé Lèwi. Akèh petugas pajeg lan wong dosa sing mangan bareng karo Yésus lan para muridé. Ing antarané wong-wong kuwi, ana akèh sing wis dadi pengikuté Yésus.+ 16 Ning, wektu para ahli Taurat saka golongané wong Farisi ndelok Yésus mangan karo wong dosa lan para petugas pajeg, wong-wong kuwi ngomong karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok dhèwèké mangan bareng karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” 17 Wektu krungu kuwi, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara. Aku teka ora kanggo ngundang* wong-wong sing bener, ning wong-wong sing dosa.”+
18 Wektu kuwi, murid-muridé Yohanes lan wong Farisi nduwé kebiasaan pasa. Mula, wong-wong kuwi marani Yésus lan takon, ”Ngapa kok murid-muridmu ora pasa, padahal murid-muridé Yohanes lan murid-muridé wong Farisi pasa?”+ 19 Yésus njawab, ”Wektu mantèn lanang+ isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora perlu pasa, ta? Saksuwéné mantèn lanang isih ana karo para sahabaté, para sahabaté ora mungkin pasa. 20 Ning, bakal tekan wektuné mantèn lanang dipisahké saka para sahabaté.+ Wektu kuwi, sahabat-sahabaté bakal pasa. 21 Ora ana wong sing bakal nambal klambi lawas sing suwèk nganggo kain sing anyar. Nèk kuwi ditindakké, kain sing anyar kuwi bakal mengkered, lan klambi kuwi suwèké dadi saya amba.+ 22 Sakliyané kuwi, ora ana wong sing bakal nyimpen anggur anyar ing wadhah anggur* sing lawas. Nèk kuwi ditindakké, anggur kuwi bakal nggawé wadhahé pecah. Angguré bakal wutah, lan wadhahé bakal rusak. Ning, anggur sing anyar mesthi disimpen ing wadhah anggur sing anyar.”
23 Wektu Yésus mlaku ngliwati ladhang gandum pas dina Sabat, murid-muridé methik gandum karo mlaku.+ 24 Mula, wong Farisi ngomong karo Yésus, ”Deloken kuwi. Ngapa kok murid-muridmu methik gandum pas dina Sabat? Kuwi kan nglanggar hukum.” 25 Ning Yésus njawab, ”Apa kowé durung tau maca kisah sing nyritakké wektu Daud lan anak buahé lagi ngelih,* ning ora nduwé panganan?+ 26 Ing kisah soal Imam Kepala Abiatar,+ Daud mlebu ing omahé Gusti Allah, mangan roti persembahan, lan mènèhké kuwi marang anak buahé, padahal kuwi ora éntuk dipangan sapa waé kecuali para imam.+ Apa kowé durung tau maca kisah kuwi?” 27 Yésus ngomong manèh, ”Manungsa digawé dudu kanggo nindakké Sabat,+ tapi Sabat digawé bèn manungsa éntuk manfaat. 28 Anaké manungsa kuwi nduwé wewenang, malah termasuk wewenang marang* dina Sabat.”+