Kisah Para Rasul
9 Saul isih terus ngancem murid-muridé Gusti lan nduwé tékad arep matèni wong-wong kuwi.+ Dhèwèké marani imam agung 2 lan njaluk surat kanggo diwènèhké marang sinagogé-sinagogé* ing Damaskus. Surat kuwi dadi bukti nèk dhèwèké wis diwènèhi wewenang kanggo nangkep lan nggawa menyang Yérusalèm para pengikuté Dalan sing Bener,*+ embuh kuwi wong lanang utawa wédok.
3 Pas wis mèh tekan Damaskus, ujug-ujug ana cahaya saka langit sing bersinar ing sekitaré Saul.+ 4 Terus, Saul tiba lan krungu swara sing kandha, ”Saul, Saul, ngapa kok kowé nganiaya aku?” 5 Saul kandha, ”Njenengan sapa, Pak?” Swara kuwi njawab, ”Aku Yésus,+ sing mbok aniaya.+ 6 Ngadega lan mlebua menyang kutha. Mengko ana wong sing bakal ngandhani kowé apa sing kudu mbok tindakké.” 7 Wong-wong sing lunga bareng Saul mung ngadeg lan ora isa ngomong apa-apa. Wong-wong kuwi krungu swara, ning ora ngerti sing lagi ngomong kuwi sapa.+ 8 Terus, Saul ngadeg. Ning bareng melèk, dhèwèké ora isa ndelok apa-apa. Mula, dhèwèké dituntun lan dijak mlebu Damaskus. 9 Saul ora isa ndelok+ nganti telung dina. Dhèwèké ya ora mangan utawa ngombé.
10 Ing Damaskus, ana murid sing jenengé Ananias.+ Liwat wahyu, Gusti nemoni Ananias lan kandha, ”Ananias.” Dhèwèké njawab, ”Ya, Gusti.” 11 Gusti kandha, ”Lungaa menyang omahé Yudas ing Dalan Lurus. Golèkana wong lanang sing jenengé Saul saka Tarsus.+ Saiki dhèwèké lagi ndonga. 12 Liwat wahyu, dhèwèké wis ndelok kowé, Ananias. Kowé teka lan ndemèk dhèwèké supaya dhèwèké isa ndelok manèh.”+ 13 Ning Ananias njawab, ”Gusti, aku wis krungu soal wong iki saka akèh wong. Dhèwèké kuwi jahat banget karo murid-muridmu ing Yérusalèm. 14 Saiki dhèwèké éntuk wewenang saka para imam kepala kanggo nangkep kabèh wong sing percaya marang* jenengmu.”+ 15 Ning Gusti kandha, ”Wis kana mangkata waé. Aku wis milih dhèwèké+ kanggo martakké jenengku marang bangsa-bangsa liya,+ raja-raja,+ lan wong Israèl. 16 Aku bakal nduduhké marang dhèwèké nèk dhèwèké bakal ngalami akèh kesengsaraan merga jenengku.”+
17 Mula, Ananias lunga lan mlebu ing omah sing dadi panggonané Saul nginep. Terus, Ananias numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Saul lan kandha, ”Saul, sedulurku, Gusti Yésus sing nemoni kowé ing dalan wis ngutus aku bèn kowé isa ndelok manèh lan dituntun roh suci.”+ 18 Terus, ana sing bentuké kaya sisik langsung tiba saka mripaté Saul lan Saul isa ndelok manèh. Bar kuwi, Saul ngadeg lan dibaptis. 19 Akhiré, dhèwèké mangan lan nduwé tenaga manèh.
Saul manggon pirang-pirang dina bareng karo murid-murid ing Damaskus.+ 20 Dhèwèké langsung martakké ing sinagogé-sinagogé nèk Yésus kuwi Anaké Gusti Allah. 21 Ning, kabèh wong sing ngrungokké dadi bingung lan kandha, ”Lho, iki kan wong sing nganiaya murid-muridé Yésus* ing Yérusalèm, ta?+ Dhèwèké kuwi kan dikongkon mréné kanggo nangkep lan nggawa wong-wong kuwi marang imam kepala, ta?”+ 22 Ning, Saul dadi saya trampil wektu nginjil lan mbuktèkké nèk Yésus kuwi Kristus. Mula, wong Yahudi sing manggon ing Damaskus ora isa mbantah.+
23 Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, wong Yahudi sekongkol arep matèni Saul.+ 24 Ning, Saul ngerti rencanané wong-wong kuwi. Awan lan bengi, wong-wong kuwi ya tenanan njaga gerbang-gerbang kutha bèn isa matèni Saul. 25 Mula pas bengi-bengi, murid-muridé Saul ngedhunké Saul nganggo kranjang gedhé liwat jendhéla ing témbok kutha.+
26 Sakwisé tekan Yérusalèm,+ Saul péngin nggabung karo murid-murid, ning murid-murid wedi karo dhèwèké. Ora ana sing percaya nèk dhèwèké wis dadi muridé Yésus. 27 Mula, Barnabas+ mbantu Saul lan nggawa dhèwèké marang para rasul. Barnabas nyritakké kabèh marang para rasul soal piyé Saul ndelok Gusti+ pas ing dalan lan apa sing diomongké Gusti marang Saul. Barnabas ya ngomong nèk Saul kendel banget wektu martakké jenengé Yésus ing Damaskus.+ 28 Kuwi sebabé, Saul tetep manggon bareng karo para rasul. Dhèwèké ya mèlu ing endi waé para rasul lunga ing Yérusalèm. Dhèwèké ya ora wedi martakké jenengé Gusti. 29 Saul ngomong lan debat karo wong Yahudi sing basané Yunani lan kuwi nyebabké wong-wong kuwi péngin matèni dhèwèké.+ 30 Pas ngerti soal iki, para sedulur ngeterké dhèwèké menyang Kaisaréa bèn dhèwèké lunga menyang Tarsus.+
31 Terus kabèh jemaat ing Yudéa, Galiléa, lan Samaria+ ngrasakké ayem tentrem lan saya semangat. Jumlahé murid-murid dadi saya akèh merga padha wedi marang* Yéhuwah* lan nampa penghiburan saka roh suci.+
32 Wektu Pétrus lunga ing kabèh wilayah kuwi, dhèwèké ya marani wong-wong suci sing manggon ing Lida.+ 33 Ing kana, Pétrus ketemu karo wong lanang sing jenengé Énéas. Dhèwèké kuwi lumpuh lan wis wolung taun ora isa tangi saka tempat tiduré. 34 Pétrus kandha, ”Énéas, Yésus Kristus marèkké kowé.+ Tangia lan tatanen tempat tidurmu.”+ Terus, Énéas langsung tangi. 35 Wektu penduduk Lida lan Dataran Syaron ndelok nèk Énéas wis mari, wong-wong kuwi dadi muridé Gusti.
36 Ing Yopa, ana murid jenengé Tabita, sing artiné ”Dorkas”.* Dhèwèké kuwi wong sing apikan lan seneng mènèhi sedhekah. 37 Ning wektu kuwi, dhèwèké lara lan akhiré mati. Mula, mayaté diadusi, terus didèlèhké ing kamar ndhuwur. 38 Lida kuwi cedhak karo Yopa. Mula, pas krungu nèk Pétrus ana ing Lida, murid-murid ngutus wong lanang loro ngandhani Pétrus, ”Tulung, cepeta mréné.” 39 Pétrus langsung lunga bareng karo wong loro kuwi. Pas wis tekan, Pétrus dijak menyang kamar ndhuwur. Kabèh randha sing ana ing kono nemoni Pétrus. Karo nangis, para randha kuwi nduduhké akèh jubah* lan klambi liyané sing digawé Dorkas wektu isih urip. 40 Sakwisé ngongkon wong-wong metu,+ Pétrus berlutut lan ndonga. Terus, ing ngarepé mayat kuwi Pétrus kandha, ”Tabita, tangia.” Wong wédok kuwi langsung melèk lan ndelok Pétrus, terus wong wédok kuwi lungguh.+ 41 Pétrus nyekel tangané Dorkas lan mbantu dhèwèké ngadeg. Bar kuwi, Pétrus ngundang* para wong suci lan randha-randha sing ana ing kono, lan wong-wong kuwi ndelok nèk Dorkas wis urip.+ 42 Kabèh wong ing dhaérah Yopa ngerti soal peristiwa kuwi, lan akèh wong dadi percaya marang Gusti.+ 43 Pétrus manggon ing Yopa nganti pirang-pirang dina bareng karo Simon,+ yaiku tukang nggawé bahan saka kulit.