Danièl
2 Ing taun keloro pamréntahané, Nébukhadnézar ngimpi lan dadi kepikiran karo mimpi-mimpiné kuwi+ nganti ora isa turu. 2 Raja ngundang* para ahli ilmu gaib, para peramal, dhukun, lan wong Khaldéa* bèn padha ngandhani Raja soal mimpiné. Mula, wong-wong kuwi padha ngadhep Raja.+ 3 Terus, Raja kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku ngimpi lan dadi kepikiran merga aku péngin ngerti apa mimpiku kuwi.” 4 Wong-wong Khaldéa kuwi njawab Raja nganggo basa Aram,*+ ”Oh Raja, muga-muga njenengan urip saklawasé. Critakna mimpiné njenengan marang para abdimu iki. Para abdimu iki bakal njelaské artiné.”
5 Ning, Raja kandha marang wong-wong Khaldéa kuwi, ”Iki sing wis tak putuské: Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak tugel-tugel lan omahmu bakal tak dadèkké jamban umum.* 6 Ning, nèk kowé ngandhani apa mimpiku lan njelaské artiné, kowé bakal tak wènèhi hadiah sing akèh lan penghormatan.+ Mula kandhanana aku apa mimpiku, lan jelasna artiné.”
7 Wong-wong kuwi kandha manèh, ”Oh Raja, tulung critakna mimpiné njenengan, lan para abdimu iki bakal njelaské artiné.”
8 Raja njawab, ”Aku ngerti nèk kowé kuwi mung arep ngulur-ulur wektu. Kowé wis ngerti keputusanku. 9 Nèk kowé ora ngandhani apa mimpiku, kowé kabèh bakal éntuk hukuman sing padha. Kowé wis sekongkol arep ngapusi lan ngakali aku. Kowé ya mesthi ngarep-arep bèn aku berubah pikiran. Saiki, kandhanana apa mimpiku bèn aku yakin nèk kowé isa njelaské artiné.”
10 Wong-wong Khaldéa kuwi njawab, ”Ing bumi iki, ora ana sing isa nuruti apa sing dijaluk njenengan. Ora ana penguasa utawa malah raja-raja sing agung sing tau njaluk kaya ngéné iki marang para ahli ilmu gaib, para peramal, lan wong Khaldéa.* 11 Sing njenengan jaluk kuwi angèl banget, lan ora ana sing isa ngandhani njenengan kecuali para déwa, padahal ing kéné ora ana déwa sing isa ngandhani njenengan.”
12 Pas krungu kuwi, Raja dadi ngamuk lan ngongkon bèn wong-wong wicaksana ing Babilon dipatèni.+ 13 Terus préntah kuwi ditokké, lan kabèh wong wicaksana arep dipatèni. Danièl lan kanca-kancané ya digolèki arep dipatèni.
14 Bar kuwi, karo ngati-ati lan sopan, Danièl ngomong marang Ariokh, yaiku kepala pasukan pengawalé Raja sing dikongkon matèni wong-wong wicaksana ing Babilon. 15 Danièl takon marang Ariokh, kepala pasukan pengawalé Raja, ”Apa sebabé Raja nganti ngetokké préntah sing kejem kaya ngono kuwi?” Terus, Ariokh nyritakké sebabé karo Danièl.+ 16 Mula, Danièl ngadhep Raja lan njaluk bèn diwènèhi kesempatan kanggo njelaské arti mimpiné Raja.
17 Bar kuwi, Danièl mulih lan nyritakké kuwi kabèh marang kanca-kancané, yaiku Hanania, Misyaèl, lan Azaria. 18 Danièl ngongkon kanca-kancané ndonga bèn Gusti Allah sing nguwasani swarga dadi mesakké lan ngandhani rahasia soal mimpi kuwi supaya Danièl lan kanca-kancané ora dipatèni bareng karo wong-wong wicaksana ing Babilon.
19 Benginé, Danièl dikandhani rahasia kuwi liwat wahyu.+ Mula, Danièl muji Gusti Allah sing nguwasani swarga. 20 Danièl kandha,
”Muga-muga jenengé Gusti Allah dipuji nganti saklawasé.*
Mung Dhèwèké sumberé kawicaksanan* lan kuwasa.+
21 Dhèwèké ngubah wektu lan musim,+
Nglèngsèrké lan nglantik raja,+
Lan mènèhi kawicaksanan marang wong sing wicaksana lan pengetahuan marang wong sing nduwé pertimbangan.+
22 Dhèwèké nyingkapké rahasia lan perkara-perkara sing jero.+
23 Oh Gusti Allahé nènèk moyangku, aku maturnuwun lan muji Njenengan
Merga Njenengan mènèhi aku kawicaksanan lan kesanggupan.
Njenengan wis ngabulké apa sing tak jaluk
Lan ngandhani aku soal mimpiné raja.”+
24 Bar kuwi, Danièl nemoni Ariokh, sing dikongkon Raja matèni wong-wong wicaksana ing Babilon.+ Danièl kandha, ”Wong-wong wicaksana ing Babilon aja mbok patèni. Gawanen aku ngadhep Raja. Aku arep njelaské arti mimpiné Raja.”
25 Ariokh langsung nggawa Danièl ngadhep Raja lan kandha, ”Raja, saka antarané para tawanan Yéhuda,+ ana sing isa njelaské arti mimpiné njenengan.” 26 Raja kandha marang Danièl sing dijenengi Bèltesyazar,+ ”Apa tenan kowé isa ngandhani aku soal mimpiku lan njelaské artiné?”+ 27 Danièl njawab, ”Ora ana wong wicaksana, peramal, ahli ilmu gaib, lan ahli ilmu bintang sing isa ngandhani rahasia sing njenengan takonké.+ 28 Ning ing swarga, ana Gusti Allah sing Nyingkapké rahasia.+ Dhèwèké wis ngandhani njenengan apa sing bakal kelakon ing dina-dina terakhir. Iki mimpi lan wahyu sing njenengan delok pas njenengan turu:
29 ”Oh Raja, pas turu, njenengan ngimpi soal apa sing bakal kelakon sukmbèn. Gusti Allah sing Nyingkapké rahasia ngandhani njenengan apa sing bakal kelakon. 30 Rahasia iki disingkapké marang aku dudu merga aku luwih wicaksana timbang wong liya, ning supaya aku njelaské artiné marang njenengan, bèn njenengan ngerti apa sing njenengan pikirké.+
31 ”Oh Raja, pas ngimpi, njenengan ndelok ana patung sing gedhé banget ngadeg ing ngarepé njenengan. Patung kuwi dhuwur banget, bersinar, lan nggawé njenengan wedi. 32 Sirahé patung kuwi digawé saka emas murni,+ dhadha lan tangané saka pérak,+ weteng lan pupuné saka tembaga,+ 33 sikilé saka wesi,+ lan sikil sing bagéan ngisor sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat.+ 34 Pas njenengan isih ndelok patung kuwi, ana watu sing dipotong saka gunung sing ngancurké sikil bagéan ngisor patung kuwi sing digawé saka wesi lan tanah liat. Watu kuwi ora dipotong nganggo tangané manungsa.+ 35 Wesi, tanah liat, tembaga, pérak, lan emas kuwi remuk kabèh lan dadi kaya kulit biji-bijian ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian ing musim panas. Kulit biji-bijian kuwi kabur kena angin nganti ora ana bekasé blas. Tapi, watu sing ngancurké patung kuwi dadi gunung sing gedhé lan ngebaki bumi.
36 ”Kuwi mimpiné njenengan, lan saiki aku bakal njelaské artiné. 37 Oh Raja, njenengan kuwi rajané para raja. Gusti Allah sing nguwasani swarga wis mènèhi njenengan kerajaan,+ kekuasaan, kekuwatan, lan kemuliaan. 38 Gusti Allah wis nggawé njenengan nguwasani sak kabèhé. Manungsa sing manggon ing endi waé, kéwan ing padhang, lan manuk ing langit wis diserahké marang njenengan.+ Sirah saka emas ing patung kuwi+ nggambarké njenengan.
39 ”Sakwisé kerajaané njenengan, bakal ana kerajaan liya.+ Ning, kehébatané ora kaya kerajaané njenengan. Terus, kerajaan sing ketelu sing saka tembaga bakal nguwasani bumi.+
40 ”Kerajaan sing kepapat bakal kuwat kaya wesi.+ Kaya wesi sing ngancurké lan ngremuk apa waé, kerajaan kuwi bakal ngancurké lan bener-bener ngremuk kabèh kerajaan sakdurungé.+
41 ”Terus kaya sing njenengan delok, sikil bagéan ngisor lan driji-drijiné sebagéan saka tanah liat lan sebagéan saka wesi. Mula kerajaan kuwi ora isa bersatu, ning sebagéan kerajaan kuwi bakal atos kaya wesi, merga kaya sing njenengan delok wesiné campur karo tanah liat sing lembèk. 42 Kaya driji-drijiné sing sebagéan saka wesi lan sebagéan saka tanah liat, kerajaan kuwi bakal kuwat sebagéan lan rapuh sebagéan. 43 Kaya wesi sing campur karo tanah liat sing lembèk, bagéan saka kerajaan kuwi bakal campur karo wong-wong.* Ning, loro-loroné ora bakal isa bersatu, sing siji karo sing sijiné, kaya wesi sing ora isa nèmpèl karo tanah liat.
44 ”Ing jamané raja-raja kuwi, Gusti Allah sing nguwasani swarga bakal ngedegké kerajaan+ sing ora bakal dihancurké.+ Kerajaan iki ora bakal dikuwasani bangsa liya.+ Kerajaan iki bakal ngancurké lan ngremuk kabèh kerajaan mau.+ Mung kerajaan iki sing bakal ana* nganti saklawasé.+ 45 Apa sing kelakon bakal kaya sing njenengan delok, yaiku watu kuwi bakal dipotong saka gunung ning dudu dipotong nganggo tangané manungsa. Watu kuwi ngancurké wesi, tembaga, tanah liat, pérak, lan emas mau.+ Gusti Allah sing Agung wis ngandhani njenengan soal apa sing bakal kelakon sukmbèn.+ Mimpiné njenengan kuwi bener lan mesthi bakal kelakon.”
46 Raja Nébukhadnézar langsung sujud ing ngarepé Danièl. Dhèwèké ngongkon wong mbakar dupa lan mènèhi hadiah kanggo ngajèni Danièl. 47 Raja kandha marang Danièl, ”Gusti Allahmu kuwi bener-bener Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané, penguasané para raja, lan Sing Nyingkapké rahasia, merga Dhèwèké nggawé kowé isa nyingkapké rahasia iki.”+ 48 Terus, Raja mènèhi Danièl jabatan sing dhuwur lan hadiah sing akèh. Dhèwèké didadèkké penguasané kabèh Provinsi ing Babilon+ lan kepalané para pejabat sing ngawasi kabèh wong wicaksana ing Babilon. 49 Danièl njaluk bèn Raja nglantik Syadrakh, Mésyakh, lan Abèdnégo+ dadi pejabat pamréntah ing Provinsi Babilon, lan Raja nglantik wong telu kuwi. Ning, Danièl ditugaské ing istana.