Yésaya
6 Ing taun pas Raja Uzzia mati,+ aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané sing dhuwur,+ lan jubahé sing dawa nutupi kabèh bagéan bait. 2 Para sérafim* ngadeg ing sekitaré Gusti Allah. Saben sérafim nduwé sayap enem. Loro dienggo nutupi wajahé, loro dienggo nutupi sikilé, lan loro dienggo mabur.
3 Para sérafim kuwi ngomong karo sérafim liyané,
”Suci, suci, suci Yéhuwah pemimpiné pasukan.+
Bumi kebak karo kemuliaané.”
4 Merga swara kuwi, kusèn lawangé omah kuwi nganti goncang, lan omah kuwi kebak asap.+
5 Terus aku ngomong,
”Cilaka tenan aku. Aku mesthi bakal mati
Merga aku wis ndelok Raja, yaiku Yéhuwah pemimpiné pasukan,
Padahal aku iki wong sing dosa lan lambéku najis,+
Lan aku manggon ing antarané wong sing lambéné najis.”
6 Terus, ana sérafim sing mabur marani aku karo nggawa bara+ api sing dijupuk saka mézbah nganggo alat kanggo njepit.+ 7 Dhèwèké nèmpèlké bara api kuwi ing lambéku lan ngomong,
”Bara api iki wis tak tèmpèlké ing lambému.
Kesalahanmu wis disingkirké,
Lan dosamu wis diapura.”
8 Terus aku krungu Yéhuwah ngomong, ”Sapa sing gelem Tak utus?+ Sapa sing gelem nyampèkké omongan-Ku?”* Aku njawab, ”Aku waé. Utusen aku.”+
9 Gusti Allah kandha, ”Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki,
’Kowé bakal krungu soal iki ping bola-bali,
Ning kowé ora bakal paham.
Kowé bakal ndelok iki ping bola-bali,
Ning kowé ora bakal ngerti.’+
10 Gawénen atiné bangsa iki ketutup,+
Kupingé dadi budheg,+
Lan mripaté ketutup,
Bèn mripaté bangsa iki ora isa ndelok,
Kupingé ora isa ngrungokké,
Lan atiné ora isa nduwé pemahaman.
Mula, bangsa iki ora bakal bali manèh marang Aku bèn isa Tak marèkké.”
11 Wektu krungu soal kuwi, aku takon, ”Nganti kapan, Yéhuwah?”
Terus Dhèwèké njawab, ”Nganti kutha-kuthané hancur lan ora dienggoni manèh,
Nganti omah-omahé kosong,
Nganti lemahé dadi gersang lan ora kopèn,+
12 Nganti Yéhuwah nyingkirké penduduk kutha kuwi menyang panggonan sing adoh,+
Lan nganti mèh kabèh wilayah ing tanah kuwi ora kopèn.
13 ”Kaya wit gedhé lan wit sing gedhé banget* sing isih ana bonggolé sakwisé ditegor, sepersepuluh saka bangsa kuwi bakal tetep manggon ing kono, tapi kuwi bakal diobong. Bangsa kuwi bakal nduwé keturunan* sing suci sing dadi bonggolé.”