Injil Lukas
9 Terus, Yésus ngundang* rasulé 12 lan mènèhi wong-wong kuwi kuwasa lan wewenang kanggo ngusir kabèh roh jahat+ lan marèkké penyakit.+ 2 Yésus ya ngongkon wong-wong kuwi ngumumké soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké wong lara. 3 Yésus kandha, ”Ora usah nggawa apa-apa. Ora usah nggawa tongkat, kanthong panganan, roti, dhuwit,* utawa salin.*+ 4 Nèk kowé mlebu ing salah siji dhaérah lan ana sing gelem nampa kowé, manggona ing omahé nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi.+ 5 Nèk wong-wong ora gelem nampa kowé, lungaa saka kutha kuwi. Kebutna debu saka sikilmu kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis diwènèhi peringatan.”+ 6 Terus, para rasul mangkat menyang kabèh désa ing dhaérah kuwi kanggo nyampèkké kabar apik lan marèkké wong lara.+
7 Hérodès,* penguasa wilayah Galiléa, krungu soal kabèh sing kelakon kuwi. Dhèwèké bingung banget merga ana sing ngomong nèk Yohanes wis diuripké manèh saka antarané wong mati,+ 8 ning sing liyané ngomong nèk kuwi Èlia. Sing liyané manèh ngomong nèk kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.+ 9 Hérodès kandha, ”Yohanes kan wis tak penggal,+ lha terus wong kuwi sapa? Aku wis krungu akèh banget soal dhèwèké.” Mula, Hérodès ngupaya bèn isa ketemu Yésus.+
10 Wektu bali, para rasul crita karo Yésus soal kabèh sing wis ditindakké.+ Terus, Yésus ngejak para rasulé lunga ing kutha Bètsaida bèn isa ngedoh saka wong-wong liyané.+ 11 Ning akèh wong ngerti soal kuwi, terus padha ngetutké Yésus. Tapi, Yésus tetep ramah karo wong-wong kuwi. Terus, Yésus mulang wong-wong kuwi soal Kerajaané Gusti Allah lan marèkké wong sing lara.+ 12 Wektu wis soré, rasul 12 kuwi marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi. Mula, kongkonen wong-wong iki lunga bèn isa tuku panganan lan nggolèk penginepan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 13 Ning Yésus kandha, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.”+ Para rasul njawab, ”Aku mung nduwé roti lima lan iwak loro. Apa aku perlu lunga lan tuku panganan kanggo kabèh wong iki?” 14 Ing kono, ana kira-kira wong lanang 5.000. Terus, Yésus ngomong karo murid-muridé, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh lan nggawé kelompok-kelompok. Saben kelompok kira-kira wong 50.” 15 Mula, murid-murid ngongkon wong akèh kuwi lungguh. 16 Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga. Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. 17 Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan sisané ana 12 kranjang.+
18 Wektu Yésus lagi ndonga dhèwèkan, murid-murid marani Yésus. Terus, Yésus takon karo murid-muridé, ”Jaréné wong-wong, aku iki sapa?”+ 19 Murid-muridé njawab, ”Ana sing kandha Yohanes Pembaptis. Ana manèh sing kandha Èlia, lan liyané manèh kandha nèk njenengan kuwi salah siji nabi jaman mbiyèn sing urip manèh.”+ 20 Yésus takon manèh karo murid-muridé, ”Lha nèk menurutmu, aku iki sapa?” Pétrus njawab, ”Njenengan kuwi Kristus sing diutus Gusti Allah.”+ 21 Terus, Yésus ngélikké murid-muridé bèn ora ngandhani wong liya soal kuwi.+ 22 Yésus ya ngomong, ”Anaké manungsa kudu ngalami akèh kesusahan lan ditolak karo para pemimpin,* imam kepala, lan ahli Taurat. Dhèwèké ya bakal dipatèni,+ lan ing dina ketelu bakal diuripké manèh.”+
23 Terus, Yésus ngomong karo kabèh wong kuwi, ”Sapa waé sing péngin mèlu aku kudu nolak kepénginané dhéwé,+ kudu saben dina mikul cagak hukumané,* lan terus ngetutké aku.+ 24 Sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning wong sing kélangan nyawané merga aku bakal éntuk nyawané.*+ 25 Apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki, ning ngalami cilaka utawa kélangan nyawané?+ 26 Sapa waé sing isin ngakoni aku lan omonganku, Anaké manungsa ya bakal isin ngakoni wong kuwi wektu Anaké manungsa teka nganggo kuwasané,* kuwasané Bapaké, lan kuwasané para malaékat suci.+ 27 Percayaa, ing antaramu ana sing ora bakal mati sakdurungé ndelok Kerajaané Gusti Allah.”+
28 Kira-kira wolung dina sakwisé ngomongké soal kuwi, Yésus ngejak Pétrus, Yohanes, lan Yakobus munggah ing gunung arep ndonga.+ 29 Wektu Yésus lagi ndonga, wajahé berubah, lan klambiné dadi putih mengkilap. 30 Ujug-ujug, ana wong loro sing lagi omong-omongan karo Yésus. Wong loro kuwi Musa lan Èlia. 31 Wong loro kuwi kétok bersinar kaya cahaya lan mulai omong-omongan soal lungané Yésus sing bakal kelakon ing Yérusalèm.+ 32 Wektu kuwi, Pétrus, Yohanes, lan Yakobus lagi turu. Pas tangi, wong telu kuwi ndelok kemuliaané Yésus+ lan wong lanang loro sing ngadeg bareng Yésus. 33 Pas ngerti nèk wong lanang loro kuwi arep ninggalké Yésus, Pétrus kandha marang Yésus, ”Guru, aku seneng ana ing kéné. Mula, aku tak ngedegké téndha telu ya. Siji kanggo njenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Èlia.” Pétrus ngomong kaya ngono kuwi merga bingung arep ngomong apa. 34 Wektu Pétrus isih ngomong, ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi dadi wedi. 35 Terus, ana swara+ saka méga kuwi, ”Iki Anak-Ku sing wis Tak pilih.+ Rungokna dhèwèké.”+ 36 Wektu ana swara kuwi, sing ana ing kono mung tinggal Yésus dhéwé. Sakwisé kuwi, murid-murid tetep meneng lan ora ngandhani sapa-sapa soal apa sing wis didelok mau.+
37 Sésuké, wektu Yésus lan murid-muridé mudhun saka gunung, ana akèh wong sing marani Yésus.+ 38 Terus, ing antarané kumpulan wong kuwi, ana wong lanang sing mbengok, ”Guru, tulungana* anakku lanang. Dhèwèké kuwi anakku siji-sijiné.+ 39 Dhèwèké kesurupan roh jahat lan ujug-ujug njerit-njerit. Roh jahat kuwi ya nggawé dhèwèké kejang-kejang lan cangkemé metu busané. Roh jahat kuwi ya nyiksa anakku lan ora gelem metu saka dhèwèké. 40 Aku wis njaluk tulung murid-muridé njenengan bèn ngusir roh jahat kuwi, ning murid-muridé njenengan ora isa.” 41 Yésus njawab, ”Kowé kuwi wong-wong* sing dosa lan ora nduwé iman.+ Nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé? Gawanen anakmu mréné.”+ 42 Wektu bocah kuwi lagi mlaku marani Yésus, roh jahat kuwi mbanting bocah kuwi lan nggawé bocah kuwi kejang-kejang. Ning, Yésus nggetak roh jahat* kuwi lan marèkké bocah kuwi. Terus, Yésus masrahké bocah kuwi marang bapaké. 43 Kabèh wong dadi kagum merga ndelok kuwasané Gusti Allah sing gedhé banget.
Wektu wong-wong isih kagum merga ndelok sing ditindakké Yésus, Yésus ngomong karo murid-muridé, 44 ”Rungokna tenanan, lan éling-élingen omonganku iki: Anaké manungsa bakal dikhianati lan diserahké marang manungsa.”+ 45 Ning, murid-murid ora ngerti maksud omongané Yésus. Sakjané, maksud omongané kuwi pancèn isih dirahasiakké saka murid-murid. Mula, murid-murid ora ngerti artiné. Murid-murid ya ora wani takon karo Yésus soal omongan kuwi.
46 Terus, murid-murid padu soal sapa sing paling penting.+ 47 Yésus ngerti apa sing lagi dipikirké murid-muridé. Mula, Yésus ngundang* bocah cilik siji lan ngongkon bocah kuwi ngadeg ing sebelahé Yésus. 48 Terus Yésus kandha, ”Sapa waé sing nampa bocah cilik iki merga aku,* artiné wong kuwi ya nampa aku. Sapa waé sing nampa aku, artiné ya nampa Dhèwèké sing ngutus aku.+ Dadi, wong sing paling penting kuwi wong sing rendah hati.”+
49 Terus Yohanes kandha, ”Guru, aku ngerti ana wong sing ngusir roh jahat nganggo jenengmu. Aku ya wis nyoba ngalang-alangi dhèwèké merga wong kuwi ora mèlu awaké dhéwé.”+ 50 Ning Yésus kandha, ”Wong kuwi aja mbok alang-alangi. Wong sing ora nglawan kowé kuwi berarti mihak kowé.”
51 Pas wis cedhak wektuné Yésus arep munggah swarga,+ Yésus wis nggawé keputusan arep lunga ing Yérusalèm. 52 Mula, ana murid-muridé sing diutus bèn lunga ndhisiki dhèwèké. Terus, murid-murid kuwi lunga lan mlebu ing salah siji désa ing Samaria lan nyiapké kebutuhané Yésus. 53 Ning, penduduk ing kono ora gelem nampa Yésus+ merga ngerti nèk Yésus wis nggawé keputusan arep lunga ing Yérusalèm. 54 Wektu ngerti soal kuwi, Yakobus lan Yohanes+ kandha, ”Gusti, apa njenengan péngin aku nggawé geni mudhun saka langit bèn matèni wong-wong kuwi?”+ 55 Yésus langsung méngo lan nyenèni wong loro kuwi. 56 Bar kuwi, Yésus lan murid-muridé lunga ing désa liyané.
57 Wektu ing perjalanan, ana wong sing ngomong karo Yésus, ”Aku bakal mèlu ing endi waé njenengan lunga.” 58 Ning, Yésus kandha marang dhèwèké, ”Rubah nduwé sarang, lan manuk nduwé susuh, ning Anaké manungsa ora nduwé omah.”*+ 59 Terus, Yésus ngomong karo wong liyané, ”Dadia muridku.” Wong lanang kuwi kandha, ”Gusti, nèk éntuk, aku tak ngubur bapakku sik.”+ 60 Yésus njawab, ”Bèn waé wong mati ngubur wong mati.+ Tapi kowé, umumna soal Kerajaané Gusti Allah+ ing endi-endi.” 61 Sing liyané manèh kandha, ”Gusti, aku bakal mèlu njenengan, ning nèk éntuk aku tak pamit sik karo keluargaku.” 62 Yésus ngomong karo wong kuwi, ”Wong sing mbajak tanah karo ndelok mburi+ ora cocog kanggo Kerajaané Gusti Allah.”+