2 Para Raja
6 Para keturunané nabi*+ kandha marang Èlisa, ”Deloken, panggonan sing awaké dhéwé enggoni iki sempit banget. 2 Tulung ijinké aku lunga menyang Kali Yordan. Ing kana, aku bakal njupuk kayu lan nggawé panggonan.” Èlisa kandha, ”Lungaa.” 3 Salah siji saka antarané wong-wong kuwi takon, ”Apa njenengan gelem mèlu bareng karo para abdimu iki?” Èlisa njawab, ”Ya, aku mèlu.” 4 Mula, Èlisa lunga bareng karo wong-wong kuwi. Terus, wong-wong kuwi tekan ing Kali Yordan lan mulai negori wit-wit. 5 Pas salah siji saka wong-wong kuwi lagi negor wit, kepala kapaké kecemplung ing banyu, lan dhèwèké mbengok, ”Adhuh! Kuwi kapak silihan!” 6 Abdiné Gusti Allah sing bener takon, ”Kecemplungé ing endi?” Wong kuwi nduduhi panggonané. Terus, Èlisa ngethok kayu lan nguncalké kuwi ing kono. Bar kuwi, kepala kapaké ngambang. 7 Èlisa kandha, ”Jupuken.” Mula wong kuwi njupuk kepala kapak kuwi.
8 Terus, raja Siria perang nglawan Israèl.+ Dhèwèké omong-omongan karo para abdiné lan ngandhani ing endi dhèwèké bakal kémah bareng karo wong-wong kuwi. 9 Terus, abdiné Gusti Allah sing bener kuwi+ ngirim pesen marang raja Israèl, kandhané, ”Ati-ati, aja ngliwati dhaérah kuwi, merga wong Siria bakal mara mrono kanggo nyerang kowé.” 10 Mula, raja Israèl mènèhi pesen kanggo ngélikké wong-wong sing ana ing panggonan sing disebutké abdiné Gusti Allah sing bener kuwi. Èlisa terus ngélikké raja Israèl, lan raja Israèl bola-bali* ngedoh saka panggonan kuwi.+
11 Iki nggawé raja* Siria dadi jèngkèl. Mula, dhèwèké nglumpukké para abdiné lan kandha, ”Omonga! Saka antarané awaké dhéwé, sapa sing dadi balané raja Israèl?” 12 Salah siji abdiné njawab, ”Ora ana, Rajaku! Wong sing ngandhani raja Israèl soal perkara-perkara sing njenengan omongké ing kamaré njenengan+ kuwi Èlisa, nabi ing Israèl.” 13 Raja kandha, ”Lungaa lan golèkana wongé ing endi, bèn aku isa ngutus wong kanggo nyekel dhèwèké.” Raja éntuk laporan, ”Èlisa ana ing Dotan.”+ 14 Raja langsung ngirim jaran-jaran, kréta perang, lan pasukan gedhé menyang kono. Wong-wong kuwi tekan kono pas bengi, terus ngepung kutha kuwi.
15 Pas pelayané abdiné Gusti Allah sing bener kuwi tangi ésuk-ésuk banget lan metu, dhèwèké ndelok ana pasukan karo jaran lan kréta-kréta perang sing ngepung kutha kuwi. Dhèwèké langsung kandha marang Èlisa, ”Adhuh, Ndara! Awaké dhéwé kudu piyé?” 16 Ning Èlisa kandha, ”Aja wedi!+ Balané awaké dhéwé luwih akèh timbang balané wong-wong kuwi.”+ 17 Terus Èlisa ndonga, ”Yéhuwah, tulung bukaken mripaté bèn dhèwèké isa ndelok.”+ Yéhuwah langsung mbukak mripaté pelayané Èlisa, lan dhèwèké isa ndelok nèk ing dhaérah pegunungan kebak jaran lan kréta perang sing murub+ ing sak ubengé Èlisa.+
18 Pas wong Siria marani Èlisa, Èlisa ndonga marang Yéhuwah, ”Tulung gawénen bangsa iki wuta.”+ Mula, Gusti Allah nggawé bangsa kuwi wuta kaya sing dijaluk Èlisa. 19 Èlisa kandha marang wong-wong kuwi, ”Dudu iki dalané, lan dudu iki kuthané. Etutna aku, lan aku bakal ngeterké kowé marang wong sing mbok golèki.” Ning, Èlisa malah ngeterké wong-wong kuwi menyang Samaria.+
20 Pas wong-wong kuwi tekan ing Samaria, Èlisa kandha, ”Oh Yéhuwah, bukaken mripaté wong-wong kuwi supaya isa padha ndelok.” Mula, Yéhuwah mbukak mripaté wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ngerti nèk ana ing Samaria. 21 Wektu raja Israèl ndelok wong-wong kuwi, dhèwèké takon marang Èlisa, ”Bapakku, apa wong-wong iki kudu tak patèni?” 22 Ning Èlisa njawab, ”Aja mbok patèni. Apa kowé matèni wong-wong sing dadi tawanan perang? Wènèhana wong-wong kuwi roti lan banyu supaya padha mangan lan ngombé,+ terus bali marang majikané.” 23 Bar kuwi, Raja nganakké pésta gedhé kanggo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi padha mangan lan ngombé, terus dikongkon bali marang majikané. Mulai wektu kuwi, ora ana manèh grombolan rampok Siria+ sing teka ing tanah Israèl.
24 Terus, Bèn-hadad raja Siria nglumpukké kabèh pasukané lan mangkat kanggo ngepung Samaria.+ 25 Merga dikepung, ana kelaparan sing parah+ ing Samaria, nganti endhasé keledai+ regané 80 dhuwit pérak, lan seprapat kab* telèk dara regané 5 dhuwit pérak. 26 Pas raja Israèl lagi mlaku ing ndhuwur témbok, ana wong wédok sing mbengok, ”Rajaku, tulungana aku!” 27 Raja njawab, ”Nèk Yéhuwah waé ora nulungi kowé, apa aku isa nulungi kowé? Apa mbok pikir aku isa mènèhi kowé biji-bijian, minuman anggur, utawa minyak?” 28 Raja takon marang wong wédok kuwi, ”Ana masalah apa?” Wong wédok kuwi njawab, ”Ana wong wédok sing kandha marang aku, ’Wènèhna anakmu, lan ayo dipangan dina iki, terus sésuk genti anakku lanang sing dipangan.’+ 29 Mula anakku tak godhog, terus tak pangan.+ Sésuké, aku kandha marang dhèwèké, ’Wènèhna genti anakmu, lan ayo dipangan.’ Ning, dhèwèké malah ndhelikké anaké.”
30 Wektu krungu kuwi, Raja nyuwèk klambiné.+ Pas mlaku ing ndhuwur témbok, wong-wong padha weruh Raja nganggo kain goni.* 31 Terus dhèwèké kandha, ”Bèn waé Gusti Allah mènèhi aku hukuman sing abot nèk nganti dina iki aku ora nugel sirahé Èlisa anaké Syafat!”+
32 Wektu kuwi, Èlisa lagi lungguh ing omahé bareng karo para pemimpin.* Raja ngutus wong kanggo ndhisiki dhèwèké menyang omahé Èlisa, ning sakdurungé utusan kuwi teka, Èlisa kandha marang para pemimpin mau, ”Kowé ngerti ora nèk anaké pembunuh+ kuwi ngutus wong teka kanggo nugel sirahku? Mengko nèk utusan kuwi teka, tutupen lawangé, lan lawangé kudu mbok tahan bèn dhèwèké ora isa mlebu, soalé majikané ana ing mburiné.” 33 Wektu Èlisa isih ngomong, utusan kuwi teka, lan Raja kandha, ”Bencana iki saka Yéhuwah. Apa gunané aku terus nunggu bantuané Yéhuwah?”