Kisah Para Rasul
28 Sakwisé slamet tekan pantai, aku lan sedulur-sedulur lagi ngerti nèk pulau kuwi jenengé Malta.+ 2 Penduduk ing pulau* kuwi apikan banget marang aku lan sedulur-sedulur. Merga wektu kuwi udan lan hawané adhem banget, wong-wong kuwi nyumet geni lan ramah banget karo aku lan sedulur-sedulur. 3 Ning, wektu Paulus lagi nglumpukké kayu lan ndèlèhké kayu kuwi ing ndhuwur geni, ana ula beracun sing metu saka kayu-kayu merga kepanasen. Ula kuwi nyokot tangané Paulus. 4 Wektu para penduduk mau ndelok ula beracun kuwi nggantung ing tangané Paulus, wong-wong kuwi mulai rasan-rasan, ”Wong iki mesthi tukang matèni. Senajan dhèwèké slamet saka laut, ning Keadilan* ora ngijinké dhèwèké tetep urip.” 5 Ning, Paulus nguncalké ula kuwi ing geni, lan dhèwèké blas ora luka. 6 Wong-wong kuwi ngira nèk tangané Paulus bakal abuh, utawa dhèwèké ujug-ujug mati. Ning sakwisé dientèni rada suwé, jebulé Paulus ora apa-apa. Mula, wong-wong kuwi dadi berubah pikiran lan ngomong nèk Paulus kuwi déwa.
7 Tanah ing sekitar kono kuwi duwèké Publius, yaiku pemimpin ing pulau kuwi. Dhèwèké ramah banget lan ngéntukké aku lan sedulur-sedulur nginep ing omahé nganti telung dina. 8 Wektu kuwi, bapaké Publius lagi turu merga demam lan disèntri. Mula, Paulus nemoni bapaké Publius, ndonga, numpangké tangané ing ndhuwuré, lan marèkké dhèwèké.+ 9 Sakwisé peristiwa kuwi, wong-wong lara sing ana ing pulau kuwi terus marani Paulus lan dimarèkké.+ 10 Wong-wong kuwi ya mènèhi hadiah kanggo nduduhké nèk ngajèni aku lan sedulur-sedulur. Terus pas arep mangkat, aku lan sedulur-sedulur disangoni barang-barang sing tak butuhké.
11 Sakwisé manggon telung sasi ing Pulau Malta, aku lan sedulur-sedulur numpak kapal sing ana lambangé ”Anak-Anak Zéus”. Kapal kuwi teka saka Alèksandria lan mandheg ing pulau kuwi saksuwéné musim dingin. 12 Sakwisé kuwi, kapalé mandheg ing Sirakusé, terus aku lan sedulur-sedulur nginep ing kana telung dina. 13 Bar kuwi, kapalé mangkat lan tekan ing Régium. Sésuké, ana angin saka kidul, lan sésuké manèh, aku lan sedulur-sedulur tekan ing Putéoli. 14 Ing kono, aku lan sedulur-sedulur ketemu karo murid-murid liyané. Terus, aku lan sedulur-sedulur dikongkon nginep nganti seminggu ing kono. Sakwisé kuwi, aku lan sedulur-sedulur mangkat menyang Roma. 15 Wektu ngerti nèk aku teka, sedulur-sedulur ing Roma methuk aku ing Pasar Apius lan Telung Penginepan. Wektu ndelok sedulur-sedulur kuwi, Paulus ngucap syukur marang Gusti Allah lan ngrasa dikuwatké.+ 16 Sakwisé tekan Roma, Paulus diijinké kanggo nyéwa omah dhéwé, ning dijaga karo salah siji prajurit.
17 Telung dina bar kuwi, Paulus ngundang* para pemimpiné wong Yahudi ing kana. Wektu wong-wong kuwi wis ngumpul, Paulus kandha, ”Sedulur-sedulur, senajan aku ora nglawan bangsa utawa ora nglanggar kebiasaané nènèk moyangé awaké dhéwé,+ ning aku digawa dadi tahanan saka Yérusalèm lan diserahké marang pamréntah Romawi.+ 18 Sakwisé mriksa aku,+ wong Romawi malah péngin mbébaské aku merga ora ana dhasar kanggo ngukum mati aku.+ 19 Ning, merga wong Yahudi ora setuju, aku kepeksa njaluk bandhing marang Kaisar.+ Aku nindakké kuwi dudu merga aku arep nglawan bangsaku. 20 Kuwi sebabé, aku njaluk kanggo ketemu lan ngomong karo njenengan kabèh. Aku diranté kaya ngéné iki merga percaya nèk Gusti Allah bakal nepati janjiné sing wis disampèkké marang wong Israèl.”+ 21 Wong-wong kuwi kandha, ”Aku ora nampa surat soal njenengan saka Yudéa. Wong-wong sing teka saka kana ya ora tau nyritakké utawa ngomongké sing èlèk soal njenengan. 22 Ning, aku krungu nèk sèkte iki+ ditentang ing endi-endi.+ Mula, saiki aku péngin ngerti pendapatmu soal kuwi.”
23 Wong-wong kuwi nentokké dina bèn isa ketemu karo Paulus manèh. Terus, wong-wong kuwi teka ing panggonané Paulus lan ngejak luwih akèh wong. Saka ésuk nganti bengi, Paulus nggunakké Hukum Musa+ lan Tulisané Para Nabi+ bèn isa mènèhi penjelasan sing lengkap soal Kerajaané Gusti Allah lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa percaya karo Yésus.+ 24 Ana wong-wong sing mulai percaya karo omongané Paulus, ning ya ana sing ora. 25 Merga nduwé pendapat sing béda-béda, wong-wong kuwi mulai lunga saka kono. Terus, Paulus ngomong ngéné,
”Apa sing diomongké roh suci liwat Nabi Yésaya marang nènèk moyangmu kuwi pancèn bener, 26 yaiku, ’Kowé kudu ngomong ngéné marang bangsa iki, ”Kowé bakal krungu ning babar blas ora paham artiné, lan kowé bakal ndelok ning babar blas ora ngerti.+ 27 Bangsa iki ndableg. Wong-wong kuwi wis ngrungokké ning ora nanggepi. Wong-wong kuwi nutup mripaté lan kupingé, mula ora isa ndelok lan ora isa ngrungokké apa-apa. Kuwi sebabé, atiné ora paham lan wong-wong kuwi ora gelem bali marang Aku bèn isa Tak marèkké.”’+ 28 Kowé kudu ngerti nèk berita soal piyé Gusti Allah nylametké manungsa kuwi wis diumumké marang bangsa-bangsa liya,+ lan wong-wong kuwi mesthi bakal gelem ngrungokké.”+ 29 *——
30 Mula, Paulus manggon ing kono nganti rong taun ing omah sing diséwa dhéwé.+ Dhèwèké nyambut kabèh wong sing teka marani dhèwèké. 31 Paulus ya martakké soal Kerajaané Gusti Allah marang wong-wong kuwi lan kendel banget wektu mulang soal Gusti Yésus Kristus.+ Paulus nindakké kuwi tanpa ana sing ngalang-ngalangi.