Kisah
20 Sakwisé gègèran kuwi wis lerem, Paulus nyeluk murid-murid lan nguwatké para murid kuwi, banjur pamit lan neruské perjalanané menyang Makédonia. 2 Sakwisé lunga liwat Makédonia* lan mènèhi akèh tembung sing nguwatké para murid ing kana, Paulus tekan ing Yunani. 3 Paulus manggon ing kana suwéné telung sasi. Nanging wektu arep numpak kapal menyang Siria, Paulus ngerti nèk wong-wong Yahudi nggawé rencana jahat kanggo matèni dhèwèké, mula Paulus mutuské kanggo bali liwat Makédonia. 4 Paulus dikancani Sopater anaké Pirus saka Béréa, Aristarkhus lan Sekundus saka Tésalonika, Gayus saka Dèrbé, Timotius, lan Tikhikus uga Trofimus saka Provinsi Asia. 5 Wong-wong iki padha lunga ndhisiki aku kabèh, lan ngentèni ing Troas. 6 Nanging sakwisé Riyaya Roti Tanpa Ragi, aku kabèh numpak kapal saka Filipi, lan sakwisé limang dina, aku kabèh nemoni wong-wong kuwi ing Troas, banjur manggon ing kana suwéné pitung dina.
7 Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu aku kabèh lagi ngumpul kanggo mangan bareng, Paulus mulai mènèhi akèh naséhat marang wong-wong sing padha ngumpul, merga ing dina sakbanjuré Paulus arep mangkat. Paulus ngomong suwé banget nganti tengah wengi. 8 Ing kamar ndhuwur, panggonan sing tak enggo ngumpul, ana akèh lampu. 9 Ana cah lanang enom sing jenengé Éutikhus. Dhèwèké lungguh ing jendhéla, lan pas Paulus isih ngomong, dhèwèké keturon nganti angler banget terus tiba saka lantai telu. Wektu diangkat, dhèwèké wis mati. 10 Paulus banjur mudhun, ngrungkebi cah lanang mau, lan ngekep dhèwèké, banjur kandha, ”Aja kuwatir manèh, dhèwèké urip.”* 11 Sakwisé kuwi Paulus munggah manèh, banjur nyuwil-nyuwil roti lan mangan. Dhèwèké neruské manèh omongané rada suwé, nganti ésuk, banjur mangkat. 12 Wong-wong banjur padha nggawa cah lanang mau mulih lan padha kelipur banget merga cah lanang kuwi urip manèh.
13 Aku kabèh banjur numpak kapal lan ndhisiki Paulus lunga menyang Asos, merga Paulus péngin mlaku waé menyang Asos. Lan padha kaya arahané, aku kabèh bakal njemput Paulus ing kana kanggo numpak kapal. 14 Sakwisé Paulus ketemu karo aku kabèh ing Asos, aku kabèh banjur ngejak dhèwèké numpak kapal lan lunga menyang Mitiléné. 15 Ing dina sakbanjuré, aku kabèh numpak kapal saka kana lan tekan ing sebrangé Pulau Khios. Nanging sésuké aku mandheg sedhéla ing Samos, lan ing dina sakbanjuré aku kabèh tekan ing Milétus. 16 Paulus mutuské kanggo numpak kapal lan ora mampir ing kutha Éfésus, supaya ora kesuwèn ing Provinsi Asia, merga nèk isa, dhèwèké péngin ndang tekan Yérusalèm pas dina Riyaya Péntakosta.
17 Nanging, saka Milétus, Paulus ngirim pesen menyang Éfésus, lan ngundang para pinituwa ing jemaat kuwi. 18 Wektu para pinituwa kuwi teka, Paulus kandha, ”Kowé kabèh wis padha ngerti dhéwé kaya apa uripku ing antaramu wiwit dina kapisan tekaku ing Provinsi Asia iki, 19 yaiku bab piyé aku ngladèni Gusti* kaya budhak kanthi bener-bener andhap asor. Aku uga ngetokké luh lan ngrasakké sengsara wektu wong-wong Yahudi ngupaya matèni aku. 20 Aku ora ragu-ragu kanggo ngandhani kabèh bab sing migunani* marang kowé, utawa mulang kowé kabèh ing ngarepé wong akèh lan saka omah menyang omah. 21 Aku uga mènèhi kesaksian kanthi tliti marang wong-wong Yahudi lan Yunani bab pertobatan marang Gusti Allah, lan iman marang Gusti kita, Yésus. 22 Nanging saiki gatèkna, merga dituntun* roh suci, aku kudu lunga menyang Yérusalèm, senajan aku dhéwé ora ngerti apa sing bakal tak alami ing kana. 23 Aku mung ngerti nèk ing saben kutha, roh suci bola-bali ngandhani aku nèk aku bakal dipenjara lan ngalami kasangsaran. 24 Senajan ngono, aku ora nganggep nyawaku* penting* kanggo aku. Sing luwih penting yaiku aku isa mlayu nganti tekan garis akir, lan ngrampungké tugas sing tak tampa saka Gusti Yésus, yaiku kanggo mènèhi kesaksian kanthi tliti bab kabar apik bab welas asihé Gusti Allah sing nggumunké.*
25 ”Lan saiki aku ngerti, nèk ora ana siji-sijia ing antaramu sing wis tak wènèhi warta bab Kratoné Gusti Allah, sing bakal ndelok aku manèh. 26 Mula ing dina iki, aku ngundang kowé kanggo dadi seksi nèk aku resik saka getihé kabèh wong,* 27 merga aku martakké kabèh kersané Gusti Allah marang kowé tanpa ana sing tak tutup-tutupi. 28 Gatèkna awakmu dhéwé lan kabèh jemaat, merga kowé wis dilantik roh suci dadi pengawas, kanggo angon jemaaté Gusti Allah, sing wis dituku Panjenengané nganggo getihé Putrané dhéwé. 29 Aku ngerti nèk sakwisé aku lunga, serigala-serigala sing galak bakal mlebu ing antaramu. Wong-wong kuwi ora bakal tumindak welas asih marang jemaat. 30 Lan saka ing antaramu dhéwé bakal ana wong-wong sing mulangké piwulang sing ora bener sing ngedohké murid-murid supaya padha mèlu wong-wong kuwi.
31 ”Mula tetepa jaga-jaga, lan élinga nèk saksuwéné telung taun, awan lan bengi, aku ora tau mandheg mènèhi naséhat marang saben wong ing antaramu, karo mbrebes mili. 32 Lan saiki aku mercayakké kowé marang Gusti Allah lan marang pangandika bab welas asihé sing nggumunké,* yaiku pangandika sing isa nguwatké kowé lan nggawé kowé éntuk warisan bareng karo para wong suci. 33 Aku ora tau ngarep-arep pérak, emas, lan klambiné sapa waé. 34 Kowé ngerti dhéwé nèk aku nyambut gawé nganggo tanganku kanggo nyedhiakké kebutuhanku lan kebutuhané wong-wong sing ngancani aku. 35 Ing kabèh perkara, aku wis nduduhké marang kowé nèk kanthi nyambut gawé mempeng kaya ngéné, kowé kudu mbantu wong sing mbutuhké lan kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.’”
36 Sakwisé ngomongké bab-bab kuwi, Paulus banjur jèngkèng bareng karo para sedulur lan ndonga. 37 Kabèh sedulur kuwi banjur padha nangis sesenggukan karo ngekep Paulus* lan ngambungi dhèwèké. 38 Para sedulur kuwi padha sedhih banget, utamané merga Paulus kandha nèk para sedulur kuwi ora bakal ndelok Paulus manèh. Banjur wong-wong kuwi ngeterké Paulus tekan ing kapal.