Markus
4 Yésus mulai mulang manèh ing pinggir laut, lan ana wong akèh banget sing ngumpul ing cedhaké. Mula, Yésus banjur munggah lan lungguh ing prau, rada adoh saka pantai, nanging wong akèh mau tetep lungguh ing pantai. 2 Yésus mulai mulangké akèh bab marang wong-wong kuwi nggunakké umpama. Wektu mulang, Yésus kandha, 3 ”Rungokna. Ana petani sing metu kanggo nyebar winih. 4 Wektu petani kuwi nyebar winih, ana winih-winih sing tiba ing pinggir dalan, banjur manuk-manuk padha teka lan notholi nganti entèk. 5 Winih-winih liyané tiba ing panggonan sing lemahé sithik lan akèh watuné, winih-winih kuwi cepet thukul merga lemahé ora jero. 6 Nanging pas kena panasé srengéngé, thukulan kuwi dadi garing lan alum merga oyodé ora jero. 7 Ana manèh winih-winih liyané sing tiba ing antarané suket-suket eri. Suket eri kuwi saya gedhé lan njiret thukulan kuwi, mula thukulan kuwi ora isa ngasilké woh. 8 Nanging winih-winih liya tiba ing lemah sing subur, banjur thukul lan saya gedhé, lan mulai ngasilké woh. Wohé ana sing tikel 30, 60, lan 100.” 9 Yésus kandha manèh, ”Sapa sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”
10 Banjur, wektu Yésus dhèwèkan, ana murid-murid bareng karo 12 rasul mulai takon marang Yésus bab umpama kuwi. 11 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé wis diijinké ngerti rahasia suci Kratoné Allah, nanging wong-wong liyané mung krungu bab umpamané waé. 12 Dadiné, senajan wong-wong kuwi ndeleng, nanging tetep ora isa weruh, lan senajan wong-wong kuwi krungu, nanging tetep ora ngerti artiné. Wong-wong kuwi uga ora bakal bali marang Gusti Allah lan ora diapura.” 13 Banjur Yésus kandha, ”Kowé ora ngerti umpama iki, terus piyé kowé isa ngerti kabèh umpama liyané?
14 ”Petani kuwi nyebar pangandikané Gusti Allah. 15 Lemah ing pinggir dalan panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nanging ora let suwé, Sétan teka lan ngrampas pangandika sing wis disebar ing njero atiné. 16 Lemah sing akèh watuné panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi lan langsung nampa kanthi bungah. 17 Nanging winih kuwi ora ngoyod ing njero atiné lan thukul mung sedhéla. Sakwisé ngalami kasangsaran utawa dianiaya merga pangandika kuwi, wong-wong kuwi ora nduwé iman manèh.* 18 Suket eri panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, 19 nanging kekuwatiran urip ing donya* iki, lan daya apus-apusé kasugihan, uga pepénginan marang akèh perkara liyané mlebu ing atiné lan njiret pangandika kuwi, mula ora ngasilké woh. 20 Sing pungkasan, lemah sing subur panggonan winih kuwi tiba, maksudé wong-wong sing ngrungokké pangandika kuwi, nampa kuwi kanthi bungah, lan ngasilké woh nganti tikel 30, 60, lan 100.”
21 Yésus uga kandha, ”Lampu minyak ora didèlèhké ing ngisor kranjang utawa ngisor ambèn, ta? Mesthiné kuwi didèlèhké ing panggonan sing dhuwur. 22 Sebab kabèh sing didhelikké bakal diduduhké, lan kabèh sing ditutup rapet-rapet bakal dibukak. 23 Sapa waé sing nduwé kuping, rungokna tenanan.”
24 Banjur Yésus kandha marang wong-wong, ”Gatèkna tenanan apa sing kok rungokké iki. Sepira akèhé sing kok wènèhké, ya semono kuwi uga sing bakal kok tampa, malah kowé bakal nampa luwih akèh. 25 Sapa sing nduwé pangertèn bakal diparingi luwih akèh. Nanging sapa sing ora nduwé pangertèn, malah pangertèn sing diduwèni senajan mung sithik, kuwi bakal dijupuk saka dhèwèké.”
26 Yésus neruské omongané, ”Kratoné Allah kuwi kaya wong sing nyebar winih ing lemah. 27 Saben wengi wong kuwi turu lan ésuké tangi. Winihé thukul lan saya dhuwur, nanging dhèwèké ora ngerti piyé kuwi isa kelakon. 28 Lemah kuwi dhéwé sing ngasilké woh, sing dhisik dhéwé gagangé, banjur woh gandum, lan akiré woh gandum sing wis tuwa. 29 Wektu gandumé wis tuwa, wong mau nyabetké arité, merga mangsa panèn wis teka.”
30 Yésus kandha manèh, ”Kratoné Allah isa dipadhakké karo apa? Utawa nganggo umpama apa awaké dhéwé isa njelaské kuwi? 31 Kuwi kaya wiji sesawi.* Wektu disebar ing lemah, wiji kuwi sing paling cilik ing antarané kabèh wiji ing bumi. 32 Nanging sakwisé disebar, wiji kuwi thukul lan dadi luwih gedhé ketimbang tanduran sayur liyané lan ngasilké pang-pang sing gedhé, mula manuk-manuk ing langit isa nggawé susuh lan ngéyub ing kono.”
33 Yésus nggunakké akèh umpama wektu mulangké pangandikané Gusti Allah, miturut kesanggupané wong-wong kuwi kanggo mangertèni. 34 Sakjané, nèk Yésus mulang mesthi nganggo umpama. Nanging, wektu mung karo murid-muridé, Yésus bakal njelaské kabèh.
35 Ing dina kuwi, wektu wis wengi, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Ayo awaké dhéwé lunga menyang sebrang.” 36 Banjur sakwisé ngongkon wong akèh kuwi mulih, murid-murid numpak prau bareng Yésus, lan ana prau-prau liyané sing ngetutké. 37 Ujug-ujug ana angin sing gedhé banget, lan ombak terus-terusan nerjang prau kuwi nganti prauné dadi kebak banyu. 38 Nanging wektu kuwi Yésus lagi turu nganggo bantal ing prau bagéan mburi. Mula murid-murid nggugah Yésus lan kandha, ”Guru, apa panjenengan ora perduli nèk awaké dhéwé arep mati?” 39 Yésus banjur tangi lan nggetak angin kuwi lan kandha marang laut, ”Meneng! Mandhega!” Anginé langsung mandheg, lan kahanané dadi tenang banget. 40 Mula Yésus kandha, ”Apa sebabé kok kowé wedi? Apa kowé isih durung nduwé iman?” 41 Nanging murid-murid wedi banget, lan padha kandha, ”Sapa ta sakjané wong iki? Angin lan laut waé manut karo dhèwèké.”