Matius
20 ”Kraton swarga kuwi kaya wong sing nduwé kebon anggur. Wektu isih ésuk banget, dhèwèké lunga nggolèk buruh kanggo kerja ing kebon angguré. 2 Sakwisé para buruh kuwi setuju dibayar sak dinar* sedina, dhèwèké ngongkon para buruh kuwi lunga menyang kebon angguré. 3 Wektu kira-kira jam sanga ésuk,* dhèwèké lunga manèh lan ndelok ana wong-wong sing nganggur ing pasar. 4 Banjur dhèwèké kandha marang wong-wong kuwi, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku, lan kowé bakal tak wènèhi opah sing pantes.’ 5 Wong-wong kuwi banjur mangkat. Kira-kira jam 12 awan* lan jam 3 soré,* dhèwèké lunga manèh kanggo nggolèk buruh liyané. 6 Akiré, wektu kira-kira jam lima soré,* dhèwèké lunga lan ketemu karo wong-wong sing lagi ngadeg lan ora nindakké apa-apa. Dhèwèké takon, ’Ngapa kowé mung ngadeg waé sedina muput lan ora kerja?’ 7 Wong-wong kuwi njawab, ’Merga ora ana wong sing mènèhi aku gawéan.’ Dhèwèké kandha, ’Kowé ya lungaa menyang kebon anggurku.’
8 ”Wektu wis arep wengi, wong sing nduwé kebon anggur kuwi kandha marang mandoré, ’Celuken para buruh lan bayaren opahé, saka sing teka kèri dhéwé nganti sing teka dhisik dhéwé.’ 9 Banjur, wong-wong sing kerja wiwit jam lima soré mara, lan saben wong nampa opah sak dinar.* 10 Sakwisé kuwi, wong-wong sing kerja saka ésuk padha mara, lan ngira bakal dibayar luwih akèh. Nanging, jebulé wong-wong kuwi uga diopahi sak dinar.* 11 Mula wong-wong kuwi mulai padha protès marang sing nduwé kebon 12 lan kandha, ’Wong-wong sing teka kèri kuwi mung kerja sak jam, nanging panjenengan mènèhi opah sing padha karo aku sing wis kerja sedina muput lan kepanasen.’ 13 Nanging, wong sing nduwé kebon anggur kuwi njawab salah siji saka wong-wong kuwi, ’Aku ora tumindak salah marang kowé. Kowé kan wis setuju tak bayar sak dinar,* ta?’ 14 Tampanana opahmu lan lungaa. Iki wis dadi karepku mènèhi wong sing mlebu kèri dhéwé padha karo sing tak bayarké marang kowé. 15 Apa aku ora éntuk nggunakké dhuwitku dhéwé sakarepku? Utawa apa kowé iri* merga aku apikan* karo wong kuwi?’ 16 Mula, wong sing pungkasan bakal dadi sing kapisan, lan sing kapisan bakal dadi sing pungkasan.”
17 Wektu mlaku menyang Yérusalèm, Yésus ngajak 12 muridé misah saka wong-wong liyané, lan kandha, 18 ”Padha rungokna! Awaké dhéwé arep lunga menyang Yérusalèm, lan Putrané manungsa bakal diserahké marang para imam kepala lan ahli Taurat. Wong-wong kuwi bakal ngukum mati dhèwèké, 19 lan bakal masrahké dhèwèké marang wong-wong saka bangsa liya kanggo diécé, dipecuti, lan dipatèni ing cagak. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.”
20 Banjur, bojoné Zébédéus marani Yésus bareng karo anaké loro lan sujud, terus ngomongké penjaluké marang Yésus. 21 Yésus kandha marang wong wadon kuwi, ”Apa sing kok péngini?” Wong wadon kuwi njawab, ”Ing Kratoné panjenengan, aku nyuwun supaya anakku loro iki isa lungguh cedhak panjenengan, siji ing sisih tengen, lan sijiné ing sisih kiwané panjenengan.” 22 Yésus njawab, ”Kowé ora ngerti apa sing kok jaluk kuwi. Apa kowé isa ngombé saka cawan sing arep tak ombé?” Wong-wong kuwi njawab, ”Isa.” 23 Yésus kandha, ”Kowé pancèn bakal ngombé saka cawanku, nanging aku ora nduwé wewenang kanggo nemtokké sapa sing bakal lungguh ing sisih kiwa utawa tengenku. Panggonan-panggonan kuwi wis disiapké kanggo wong-wong sing wis ditemtokké Bapakku.”
24 Wektu krungu bab kuwi, sepuluh murid liyané nesu marang Yakobus lan Yohanes. 25 Banjur Yésus nyeluk murid-muridé lan kandha, ”Kowé ngerti nèk para pemimpin ing donya iki padha mréntah rakyaté, lan para pejabat uga nguwasani rakyaté. 26 Nanging kowé aja kaya ngono. Sapa waé sing péngin dadi sing utama kudu ngladèni liyané, 27 lan sapa waé sing péngin dadi nomer siji ing antaramu, kudu dadi budhakmu. 28 Kaya Putrané manungsa teka, ora kanggo diladèni, nanging kanggo ngladèni lan masrahké uripé* dadi tebusan kanggo wong akèh.”
29 Wektu Yésus lan murid-muridé ninggalké kutha Yérikho, ana akèh wong sing ngetutké. 30 Ing pinggir dalan, ana wong wuta loro sing lagi lungguh lan krungu Yésus lagi liwat. Wong-wong wuta kuwi mbengok, ”Gusti, Putrané Daud, welasana aku!” 31 Akèh wong padha nyenèni wong wuta loro kuwi lan ngongkon supaya meneng. Nanging wong wuta loro kuwi malah mbengok saya banter, ”Gusti, Putrané Daud, welasana aku!” 32 Yésus banjur mandheg, nyeluk wong wuta loro kuwi, lan kandha, ”Kowé péngin aku nindakké apa?” 33 Wong-wong kuwi njawab, ”Gusti, tulung, aku péngin mripatku isa ndelok.” 34 Merga mesakké, Yésus ndemèk mripaté wong-wong kuwi. Ing wektu kuwi uga, wong loro mau langsung isa ndelok. Banjur wong-wong kuwi ngetutké Yésus.