Ibrani
2 Kuwi sebabé kita perlu luwih tenanan manèh ketimbang biasané anggon kita nggatèkké perkara-perkara sing wis kita rungokké, supaya kita ora kèli.* 2 Nèk pangandika sing diwènèhké liwat para malaékat kuwi kebukti isa dipercaya, lan nèk saben wong sing nglanggar hukum lan sing ora manut nampa hukuman sing sak mesthiné, 3 piyé kita isa luput nèk kita ora nggatèkké keslametan sing hébat banget iki? Gusti kita sing sepisanan martakké bab keslametan kuwi, lan wong-wong sing ngrungokké dhèwèké mbuktèkké marang kita nèk warta kuwi bener. 4 Sakliyané kuwi, Gusti Allah uga maringi kesaksian liwat mukjijat,* perkara-perkara sing ajaib, tumindak-tumindak sing kebak kuwasa, lan liwat roh suci sing dibagèkké manut kersané.
5 Gusti Allah ora nundhukké donya sing bakal teka, yaiku donya sing lagi tak omongké iki, marang para malaékat. 6 Nanging, ana sawijiné seksi sing tau nulis, ”Sapa ta manungsa kuwi kok nganti Panjenengan ngéling-éling dhèwèké, utawa sapa ta putrané manungsa kuwi kok nganti Panjenengan nggatèkké dhèwèké? 7 Panjenengan nggawé dhèwèké luwih asor sithik ketimbang para malaékat. Panjenengan maringi dhèwèké mahkota yaiku kamulyan lan kaurmatan, lan maringi dhèwèké kuwasa tumrap gawéan astané Panjenengan. 8 Kabèh perkara wis Panjenengan tundhukké ing ngisor sikilé.” Nganggo cara kuwi, yaiku nggawé kabèh perkara tundhuk marang dhèwèké, ora ana sing Gusti Allah ejarké ora tundhuk marang dhèwèké. Saiki, kita pancèn durung ndelok kabèh tundhuk marang dhèwèké, 9 nanging kita ndelok Yésus, sing digawé luwih asor sithik ketimbang malaékat, diwènèhi mahkota yaiku kamulyan lan kaurmatan merga dhèwèke wis sengsara nganti séda, lan liwat welas asihé Gusti Allah sing nggumunké,* dhèwèké ngalami pati demi kabèh wong.
10 Samubarang kabèh ana kanggo kamulyané Gusti Allah lan liwat Gusti Allah. Mula, kanggo mulyakké para putrané sing cacahé akèh, pancèn cocog nèk Gusti Allah ndadèkké sampurna Wakil Utama keslametané putra-putra kuwi liwat kasangsaran. 11 Sing nyucèkké lan sing disucèkké asalé saka Bapak sing padha, kuwi sebabé dhèwèké ora isin nyebut wong-wong kuwi sedulur. 12 Dhèwèké kandha, ”Aku bakal martakké bab asmané Panjenengan marang sedulur-sedulurku. Aku bakal nyanyi kanggo muji Panjenengan ing tengah-tengahé jemaat.” 13 Dhèwèké uga kandha, ”Aku bakal ngendelké Panjenengané.” Sakliyané kuwi, dhèwèké kandha, ”Iki aku lan bocah-bocah cilik sing diparingké Yéhuwah marang aku.”
14 Mula, merga ”bocah-bocah cilik” kuwi manungsa,* dhèwèké uga dadi manungsa, supaya liwat patiné, dhèwèké isa nyirnakké sing nyebabké pati, yaiku Iblis. 15 Lan isa mbébaské* kabèh wong sing saksuwéné uripé dadi budhaké rasa wedi marang pati. 16 Merga sing dibantu kuwi dudu para malaékat, nanging keturunané* Abraham. 17 Mula, dhèwèké kudu dadi padha kaya sedulur-seduluré kuwi ing sakabèhé perkara, supaya dhèwèké isa dadi imam agung sing kebak welas asih lan setya ngabdi marang Gusti Allah, supaya dhèwèké isa dadi kurban kanggo dosa-dosané wong-wong, sing ngrukunké wong-wong kuwi karo Gusti Allah. 18 Merga dhèwèké dhéwé wis tau sengsara wektu diuji, dadi dhèwèké isa mbantu wong-wong sing lagi diuji.