Kisah
2 Ing dina Riyaya Péntakosta,* murid-murid ngumpul ing sawijiné panggonan. 2 Wektu lagi padha lungguh, ujug-ujug para murid krungu swara banter sing mbrebegi saka langit, kaya angin gedhé, lan swara kuwi ngebaki omah sing dienggo ngumpul. 3 Banjur murid-murid weruh ana wewujudan kaya geni-geni cilik* sing nyebar lan méncok ing ndhuwur sirahé saben wong ing kono. 4 Banjur murid-murid kapenuhan roh suci lan mulai ngomong nganggo basa-basa liya, kaya tuntunané roh suci kuwi.
5 Wektu kuwi, wong-wong Yahudi sing salèh saka saben bangsa ing donya* lagi ana ing Yérusalèm. 6 Mula wektu krungu swara kuwi, wong akèh mau banjur padha ngumpul lan bingung, merga saben wong kuwi krungu murid-muridé Yésus ngomong nganggo basa asliné wong-wong kuwi. 7 Wong-wong kuwi nggumun banget lan kandha, ”Deloken, kabèh wong sing ngomong kuwi kan wong Galiléa, ta? 8 Terus, kok isa awaké dhéwé krungu basa asliné* awaké dhéwé? 9 Awaké dhéwé kan wong Partia, wong Média, wong Élam, penduduk Mésopotamia, Yudéa, Kapadokia, Pontus, Provinsi Asia, 10 Frigia lan Pamfilia, Mesir lan dhaérah Libia sing cedhak Kiréné, wong sing teka saka Roma, wong Yahudi lan proselit Yahudi,* 11 wong Kréta, lan wong Arab, nanging awaké dhéwé krungu wong-wong Galiléa kuwi ngomong nganggo basané awaké dhéwé bab perkara-perkara sing nggumunké sing ditindakké Gusti Allah.” 12 Wong-wong kuwi nggumun lan kandha marang siji lan sijiné, ”Apa ta maksudé kabèh iki?” 13 Senajan ngono, ana uga sing ngécé lan kandha, ”Wong-wong kuwi padha mendem.”
14 Nanging Pétrus ngadeg karo 11 rasul liyané lan kandha nganggo swara banter, ”Wong-wong Yudéa lan kabèh penduduk Yérusalèm, tulung gatèkna omonganku. 15 Wong-wong iki sakjané ora mendem kaya sing kok kira, merga saiki isih jam sanga ésuk.* 16 Nanging, iki sing tau diomongké Nabi Yoèl, 17 ’”Ing dina-dina pungkasan,” Gusti Allah ngendika, ”Aku bakal ngesokké sebagéan saka roh-Ku marang sakabèhé wong. Anak-anakmu lanang lan anak-anakmu wadon bakal mènèhi ramalan, wong-wong enom ing antaramu bakal éntuk wahyu, lan wong-wong tuwa ing antaramu bakal éntuk mimpi, 18 lan malah marang budhak-Ku lanang lan budhak-Ku wadon, Aku bakal ngesokké sebagéan saka roh-Ku ing wektu kuwi, lan wong-wong kuwi bakal mènèhi ramalan. 19 Lan Aku bakal nduduhké perkara ajaib ing langit lan mukjijat* ing bumi. Bakal ana getih, geni, lan kebul. 20 Srengéngé bakal dadi peteng, lan bulan bakal dadi abang kaya getih sakdurungé dinané Yéhuwah sing mulya lan nggumunké teka. 21 Lan saben wong sing nyebut asmané Yéhuwah bakal dislametké.”’
22 ”Wong-wong Israèl, rungokna iki: Yésus wong Nazarèt kuwi utusané Gusti Allah. Iki kétok cetha saka tumindak-tumindak sing kebak kuwasa, perkara ajaib, lan mukjijat* sing ditindakké Gusti Allah ing antaramu liwat Yésus, kaya sing wis kok ngertèni. 23 Wong iki, sing diserahké manut karo apa sing wis Gusti Allah temtokké lan ngertèni sakdurungé, wis kok paku ing cagak liwat tangané wong-wong dosa, lan kok patèni. 24 Nanging Gusti Allah nguripké dhèwèké nganggo cara mbébaské dhèwèké saka cengkeremané pati,* merga pati ora nduwé kuwasa kanggo nyengkerem dhèwèké. 25 Daud kandha bab Yésus, ’Aku tansah mandeng Yéhuwah ing ngarepku.* Aku ora bakal goyah, merga Panjenengané ana ing sisih tengenku.* 26 Merga kuwi, atiku dadi seneng, lan omonganku kebak rasa bungah. Lan uripku bakal kebak pangarep-arep. 27 Merga Panjenengan ora bakal ninggalké aku ing Kuburan,* utawa ngejarké abdi Panjenengan sing setya ngalami karusakan. 28 Panjenengan wis ngandhani aku dalané urip. Panjenengan nggawé aku bungah banget ing ngarsané Panjenengan.’
29 ”Sedulur-sedulur, ijinké aku isa bébas ngomong marang kowé bab leluhuré kita, yaiku Daud. Dhèwèké mati lan dikubur, lan kuburané isih ana nganti saiki. 30 Merga dhèwèké kuwi nabi, lan ngerti nèk Gusti Allah wis sumpah marang dhèwèké kanggo nggawé salah siji keturunané lungguh ing tahtané, 31 dhèwèké wis ngerti sakdurungé lan ngomongké bab Kristus sing diuripké manèh. Dhèwèké kandha nèk Kristus ora ditinggalké ing Kuburan* lan badané ora ngalami karusakan.* 32 Gusti Allah nguripké manèh Yésus iki, lan aku kabèh iki seksiné. 33 Mula, merga dhèwèké wis diluhurké ing sisih tengené Gusti Allah lan nampa roh suci sing wis dijanjèkké Bapak, dhèwèké ngesokké kuwi marang aku kabèh, kaya sing wis kok delok lan kok rungokké iki. 34 Daud ora munggah menyang swarga, nanging dhèwèké dhéwé kandha, ’Yéhuwah ngendika marang Gustiku, ”Lungguha ing sisih tengen-Ku, 35 nganti Aku nggawé mungsuh-mungsuhmu ana ing sakngisoré sikilmu.”’ 36 Dadi, muga-muga kabèh wong Israèl yakin nèk Yésus iki, sing kok patèni ing cagak, wis Gusti Allah dadèkké Gusti lan Kristus.”
37 Wektu krungu kuwi, wong-wong kuwi getun banget, mula wong-wong kuwi kandha marang Pétrus lan rasul-rasul liyané, ”Sedulur-sedulur, terus aku kabèh kudu piyé?” 38 Pétrus njawab, ”Mertobata. Saben wong ing antaramu kudu dibaptis ing jenengé Yésus Kristus supaya dosa-dosamu diapura, lan kowé bakal éntuk anugrah, yaiku roh suci. 39 Merga janji kuwi kanggo kowé lan anak-anakmu, lan kanggo kabèh wong sing ana ing panggonan sing adoh, yaiku kabèh sing dipilih Yéhuwah, Gusti Allah kita.” 40 Lan ana akèh manèh sing diomongké Pétrus kanggo mènèhi kesaksian kanthi tliti. Dhèwèké uga terus ngongkon wong-wong kuwi, ”Slametna awakmu saka generasi sing jahat iki.” 41 Mula wong-wong sing nampa omongan kuwi kanthi bungah banjur padha dibaptis, lan ing dina kuwi jumlahé murid nambah kira-kira 3.000 wong. 42 Wong-wong kuwi terus nggatèkké tenanan piwulangé para rasul, srawung bareng,* mangan bareng, lan ndonga kanthi tekun.
43 Para rasul mulai nindakké akèh perkara ajaib lan mukjijat,* lan kabèh wong mulai ngajèni Gusti Allah.* 44 Kabèh murid-murid anyar padha ngumpul bebarengan lan padha mbagi marang liyané kabèh sing diduwèni. 45 Wong-wong kuwi ngedol lemahé lan kabèh sing diduwèni, lan ngedum-edumké hasilé marang kabèh wong miturut kebutuhané dhéwé-dhéwé. 46 Saben dina wong-wong kuwi ajeg ngumpul bareng ing bait, mangan bareng ing omahé sedulur-sedulur, lan mbagi panganané kanthi bungah lan tulus ati, 47 karo muji Gusti Allah. Wong-wong kuwi uga saya disenengi kabèh wong. Saben dina Yéhuwah nggawé jumlahé murid-murid saya akèh nganggo cara nambahké wong-wong sing bakal dislametké.