Wahyu
14 Banjur aku ndelok Cempé kuwi ngadeg ing Gunung Zion bareng karo 144.000 wong. Ing bathuké wong-wong kuwi katulis jenengé Cempé kuwi lan asmané Bapaké. 2 Aku krungu swara saka langit sing kaya swarané grojogan sing gedhé lan gludhug sing banter. Swara sing tak rungokké mau kaya swarané wong sing nyanyi karo main harpa.* 3 Wong-wong kuwi nyanyèkké lagu sing kétoké lagu anyar, ing ngarep tahta lan kerub papat lan para pinituwa. Sing isa nyanyi lagu kuwi mung 144.000 wong sing dituku saka bumi. 4 Wong-wong kuwi ora tau najiské awaké karo wong wadon. Sakjané wong-wong kuwi murni.* Wong-wong kuwi terus ngetutké Cempé kuwi ing ngendi waé lungané. Wong-wong kuwi dituku saka antarané manungsa dadi kaya hasil panèn sing kapisan* sing diwènèhké marang Gusti Allah lan Cempé kuwi. 5 Wong-wong kuwi ora tau ngapusi lan tanpa cacad.
6 Banjur aku ndelok malaékat liyané sing mabur ing langit, lan dhèwèké nduwé kabar apik sing langgeng sing diwartakké marang kabèh wong ing bumi, marang kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa. 7 Dhèwèké kandha nganggo swara seru, ”Wedia marang Gusti Allah lan luhurna Panjenengané, merga wis tekan wektuné kanggo Gusti Allah ngadili manungsa. Sembahen Pribadi sing nggawé langit, bumi, laut, lan sumber-sumber banyu.”
8 Sakwisé kuwi, malaékat kapindho teka lan kandha, ”Dhèwèké wis rubuh! Babilon Gedhé wis rubuh! Dhèwèké wis nggawé kabèh bangsa ngombé angguré, yaiku nafsuné kanggo hubungan sèks sing ora sah!”*
9 Malaékat katelu banjur teka lan kandha nganggo swara seru, ”Nèk ana sing nyembah kéwan buas kuwi lan patungé lan nampa tandha ing bathuké utawa ing tangané, 10 wong kuwi ya bakal ngombé anggur murkané Gusti Allah. Kuwi anggur murni sing disokké ing cawan murkané Panjenengané. Wong-wong kuwi bakal dihukum nganggo geni lan belérang ing ngarepé para malaékat suci lan ing ngarepé Sang Cempé. 11 Lan kebulé geni kuwi munggah kanggo saklawas-lawasé. Lan sapa waé sing nyembah kéwan buas kuwi lan patungé lan sing nampa tandha sing wujudé jenengé kéwan buas, bakal dihukum awan lan bengi tanpa mandheg. 12 Kuwi sebabé para wong suci kudu tekun, yaiku wong-wong sing terus manut préntahé Gusti Allah lan terus nduwé iman marang Yésus.”
13 Banjur aku krungu swara saka langit sing kandha, ”Tulisen iki: Wiwit saiki, murid-muridé Gusti* sing wis mati bakal bungah. Roh suci kandha, ejarna wong-wong kuwi istirahat saka gawéané sing mempeng, merga kabèh sing ditindakké wong-wong kuwi ora bakal dilalèkké.”
14 Banjur aku weruh méga putih, lan sing lungguh ing méga kuwi kaya putrané manungsa. Dhèwèké nganggo mahkota emas ing sirahé lan nyekel arit sing landhep.
15 Malaékat liyané metu saka panggonan suci* ing bait, lan kandha nganggo swara seru marang dhèwèké sing lungguh ing méga kuwi, ”Sabetna aritmu lan panènen, merga wis tekan wektuné kanggo manèn. Panènan ing bumi wis bener-bener mateng.” 16 Banjur dhèwèké sing lungguh ing méga kuwi nyabetké arité, lan panènan ing bumi dipanèn.
17 Banjur malaékat sing liyané manèh metu saka panggonan suci ing bait sing ana ing swarga, lan dhèwèké uga nyekel arit sing landhep.
18 Ana malaékat liyané manèh metu saka mésbah, lan dhèwèké nduwé kuwasa marang geni. Dhèwèké kandha nganggo swara seru marang malaékat sing nyekel arit landhep kuwi, ”Sabetna aritmu sing landhep lan klumpukna tanduran anggur ing bumi merga wohé wis mateng.” 19 Malaékat kuwi banjur nyabetké arité lan nglumpukké tanduran anggur ing bumi. Banjur dhèwèké nguncalké kuwi ing panggonan gedhé kanggo meres anggur, sing nggambarké murkané Gusti Allah. 20 Woh anggur kuwi diidak-idak ing njaba kutha, lan saka panggonan kanggo meres anggur kuwi metu getih sing dhuwuré nganti sak cangkemé* jaran, sing mili adohé nganti 1.600 setadi.*