Yohanes
8 12 Yésus kandha manèh marang wong-wong kuwi, ”Aku iki pepadhangé donya. Sapa waé sing dadi pengikutku ora bakal mlaku ing pepeteng, nanging bakal nduwèni pepadhangé urip.” 13 Wong-wong Farisi kandha marang Yésus, ”Kowé mènèhi kesaksian bab awakmu dhéwé. Kesaksianmu kuwi ora bener.” 14 Yésus njawab, ”Senajan aku mènèhi kesaksian bab awakku dhéwé, kesaksianku kuwi bener, merga aku ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga menyang ngendi. Nanging kowé ora ngerti asalku saka ngendi lan aku arep lunga menyang ngendi. 15 Kowé ngadili miturut pikirané manungsa, nanging aku ora ngadili sapa-sapa. 16 Lan senajan aku ngadili, aku nindakké kuwi nganggo cara sing bener, merga aku ora dhèwèkan, nanging Bapak sing ngutus aku ana bareng karo aku. 17 Apa manèh, hukum Taurat uga kandha, ’Nèk ana wong loro sing mènèhi kesaksian, kesaksian kuwi bener.’ 18 Aku mènèhi kesaksian bab awakku dhéwé, lan Bapak sing ngutus aku uga mènèhi kesaksian bab aku.” 19 Banjur wong-wong kuwi kandha, ”Bapakmu ing ngendi?” Yésus njawab, ”Kowé ora kenal aku utawa Bapakku. Nèk kowé kenal aku, kowé ya mesthi kenal Bapakku.” 20 Yésus ngomongké bab-bab kuwi ing cedhak kothak sumbangan wektu mulang ing bait. Nanging ora ana wong siji-sijia sing nangkep dhèwèké, merga pancèn durung wektuné.
21 Yésus neruské omongané marang wong-wong kuwi, ”Aku arep lunga, lan kowé bakal nggolèki aku, nanging kowé bakal mati nggawa dosamu. Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana.” 22 Banjur wong-wong Yahudi mulai kandha, ”Apa dhèwèké arep bunuh dhiri, kok dhèwèké kandha, ’Ing panggonan sing arep tak parani, kowé ora bakal isa mrana’?” 23 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Asalmu saka ngisor, aku saka ndhuwur. Kowé saka donya iki, nanging aku ora saka donya iki. 24 Kuwi sebabé aku kandha marang kowé: Kowé bakal mati nggawa dosa-dosamu. Merga kowé ora percaya nèk aku iki wong sing bakal teka, kowé bakal mati nggawa dosa-dosamu.” 25 Mula wong-wong kuwi takon marang Yésus, ”Kowé kuwi sapa?” Yésus njawab, ”Kanggo apa manèh aku omongan karo kowé? 26 Ana akèh perkara sing kudu tak omongké bab kowé lan akèh perkara sing kudu tak adili. Saktenané, Panjenengané sing ngutus aku kuwi bener, lan bab-bab sing tak rungokké saka Panjenengané, yakuwi sing tak omongké ing donya iki.” 27 Wong-wong kuwi ora paham nèk Yésus lagi ngomongké bab Bapak. 28 Yésus banjur kandha, ”Sakwisé kowé ngangkat Putrané manungsa, kowé bakal ngerti nèk aku iki wongé, lan nèk aku ora nindakké apa-apa manut karepku dhéwé. Nanging, aku ngomongké apa sing diwulangké Bapak marang aku. 29 Panjenengané sing ngutus aku ana bareng karo aku. Panjenengané ora ninggalké aku dhèwèkan, merga aku mesthi nindakké perkara-perkara sing nyenengké Panjenengané.” 30 Wektu Yésus ngomongké bab-bab iki, akèh wong sing dadi nduwé iman marang dhèwèké.
31 Yésus banjur kandha marang wong-wong Yahudi sing wis percaya marang dhèwèké, ”Nèk kowé terus percaya marang omonganku, kowé bener-bener muridku, 32 lan kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” 33 Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh iki keturunané Abraham lan ora tau dadi budhaké sapa-sapa. Kok isa kowé ngomong nèk aku kabèh bakal bébas?” 34 Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha marang kowé, saben wong sing nindakké dosa kuwi budhaké dosa. 35 Sakliyané kuwi, budhak ora manggon saklawasé ing omahé juragané, nanging anaké juragané sing tetep manggon ing kono saklawasé. 36 Dadi nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas. 37 Aku ngerti nèk kowé keturunané Abraham. Nanging kowé péngin matèni aku, merga kowé ora nampa omonganku. 38 Aku ngomongké perkara-perkara sing tak delok wektu aku bareng karo Bapakku, nanging kowé nindakké perkara-perkara sing kok rungokké saka bapakmu.” 39 Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku kuwi Abraham.” Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk kowé anak-anaké Abraham, kowé bakal nindakké apa sing ditindakké Abraham. 40 Aku wis ngandhani kowé apa sing bener sing tak rungokké saka Gusti Allah, nanging kowé malah arep matèni aku. Abraham ora tau nindakké sing kaya ngono. 41 Kowé nindakké apa sing ditindakké bapakmu.” Wong-wong kuwi njawab, ”Aku kabèh dudu anak sing lair merga hubungan sèks sing ora sah.* Bapakku mung siji, yaiku Gusti Allah.”
42 Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk Gusti Allah kuwi Bapakmu, kowé bakal nresnani aku. Aku ana ing kéné merga diutus Gusti Allah. Aku teka ora merga karepku dhéwé, nanging merga Panjenengané sing ngutus aku. 43 Kowé ora paham apa sing tak omongké iki merga kowé ora gelem nampa omonganku. 44 Bapakmu kuwi Iblis, lan kowé péngin nindakké karepé bapakmu. Dhèwèké kuwi tukang matèni wiwit dhèwèké mulai mbrontak, lan dhèwèké nyimpang saka apa sing bener, merga apa sing bener ora ana ing njero atiné. Nèk dhèwèké ngapusi, kuwi pancèn wataké, merga dhèwèké tukang ngapusi lan bapaké wong-wong sing seneng ngapusi. 45 Nanging, aku ngandhani kowé apa sing bener, lan merga kuwi kowé ora percaya karo aku. 46 Sapa ing antaramu sing isa mbuktèkké nèk aku tumindak dosa? Nèk aku ngomongké apa sing bener, ngapa kowé ora percaya marang aku? 47 Anak-anaké Gusti Allah ngrungokké pangandikané Gusti Allah. Nanging kowé ora ngrungokké, merga kowé dudu anak-anaké Gusti Allah.”
48 Wong-wong Yahudi njawab, ”Pancèn bener omonganku, ’Kowé kuwi wong Samaria lan kesurupan roh jahat.’” 49 Yésus njawab, ”Aku ora kesurupan. Aku ngajèni Bapakku, nanging kowé ora ngajèni aku. 50 Aku ora nggolèk kamulyan kanggo awakku dhéwé. Nanging, ana sing péngin supaya aku dimulyakké, lan Panjenengané kuwi hakimé. 51 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing manut marang omonganku, wong kuwi ora bakal mati.” 52 Wong-wong Yahudi kuwi kandha marang Yésus, ”Saiki aku ngerti nèk kowé kuwi kesurupan tenan. Abraham wis mati, semono uga para nabi, nanging kowé kandha, ’Sapa waé sing manut marang omonganku, wong kuwi ora bakal mati.’ 53 Kowé kan ora ngungkuli bapakku Abraham, sing wis mati, ta? Para nabi uga wis mati. Rumangsamu kowé kuwi sapa?” 54 Yésus njawab, ”Nèk aku mulyakké awakku dhéwé, kamulyanku kuwi ora ana gunané. Bapakku, yaiku sing kok sebut Gusti Allahmu, kuwi sing mulyakké aku. 55 Kowé ora kenal Panjenengané, nanging aku kenal Panjenengané. Lan nèk aku kandha ora kenal Panjenengané, aku bakal dadi tukang ngapusi kaya kowé. Aku pancèn kenal Panjenengané, lan manut marang pangandikané. 56 Bapakmu Abraham seneng banget merga nduwé pangarep-arep isa ndelok wektu aku teka. Dhèwèké mbayangké* kuwi, lan kuwi nggawé dhèwèké bungah.” 57 Wong-wong Yahudi kandha marang Yésus, ”Umurmu durung nganti 50, nanging kowé wis tau ndelok Abraham?” 58 Yésus kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, sakdurungé Abraham lair, aku wis ana.” 59 Mula wong-wong kuwi njupuk watu kanggo mbandhemi Yésus, nanging Yésus ndhelik lan metu saka bait.