Lukas
24 Ing dina kapisan minggu kuwi, wektu isih ésuk banget, wong-wong wadon mau teka ing kuburan karo nggawa rempah-rempah sing wis disiapké. 2 Nanging wong-wong wadon mau ndelok watu sing nutupi kuburan kuwi wis diglundhungké. 3 Wektu mlebu ing kuburan, wong-wong mau ora nemokké mayité Gusti Yésus. 4 Banjur dadi padha bingung, lan ujug-ujug ana wong lanang loro sing nganggo jubah putih sing mengkilap lagi ngadeg ing cedhaké wong-wong mau. 5 Para wong wadon kuwi dadi kewedèn lan ndhingkluk terus. Mula wong lanang loro kuwi kandha, ”Ngapa kok kowé nggolèki wong urip ing kuburan? 6 Dhèwèké ora ana ing kéné merga wis diuripké manèh. Éling-élingen apa sing wis dhèwèké kandhakké marang kowé wektu isih ing Galiléa, 7 yaiku nèk Putrané manungsa kudu diserahké menyang tangané wong-wong dosa lan dihukum mati ing cagak, banjur diuripké manèh ing dina katelu.” 8 Wong-wong wadon mau dadi padha kèlingan omongané Yésus, 9 banjur padha lunga saka kuburan lan nglaporké kabèh kedadéan kuwi marang 11 rasul lan kabèh murid liyané. 10 Sing nyritakké kedadéan kuwi marang para rasul yaiku Maria Magdaléna, Yohana, Maria ibuné Yakobus, lan wong wadon liyané sing bebarengan karo wong-wong mau. 11 Nanging para rasul lan murid-murid liyané ora percaya critané para wong wadon kuwi, lan nganggep nèk kuwi mung digawé-gawé.
12 Nanging Pétrus langsung mlayu menyang kuburan. Wektu dhèwèké mbungkuk lan ndelok ing njeroné kuburan, sing ana mung kain linen. Mula dhèwèké lunga karo mikir apa sing bar kedadéan.
13 Ing dina kuwi, ana loro muridé Yésus sing lagi mlaku menyang désa sing jenengé Émaus, kira-kira adohé 11 kilomèter* saka Yérusalèm. 14 Murid-murid kuwi lagi rembugan bab apa sing wis kedadéan.
15 Wektu lagi padha omong-omongan lan rembugan bab kuwi kabèh, Yésus mara nyedhak lan mlaku bareng karo murid-muridé. 16 Nanging murid-murid mau ora ngerti nèk kuwi Yésus. 17 Yésus takon, ”Kowé kabèh lagi padha ngrembug apa?” Murid-murid mau banjur padha mandheg lan kétok sedhih. 18 Salah sijiné sing jenengé Kléopas kandha, ”Apa kowé kuwi wong asing sing manggon dhèwèkan ing Yérusalèm kok nganti ora ngerti apa-apa bab sing kedadéan pirang-pirang dina iki?” 19 Banjur Yésus takon, ”Ana kedadéan apa?” Murid-murid mau njawab, ”Kedadéan sing ana hubungané karo Yésus wong Nazarèt. Ing ngarsané Gusti Allah lan manungsa, dhèwèké kebukti dadi nabi sing nduwé kuwasa, ora mung ing tumindaké nanging uga ing omongané. 20 Para imam kepala lan para panguwasa nyerahké dhèwèké kanggo dihukum mati lan dipaku ing cagak. 21 Padahal aku kabèh ngarep-arep wong iki bakal mbébaské Israèl. Sakliyané kuwi, saiki wis dina katelu wiwit kabèh kedadéan kuwi kelakon. 22 Apa manèh, ana laporan saka sapérangan wong wadon ing antarané aku kabèh, sing nggawé kagèt. Wektu para wong wadon kuwi lunga menyang kuburan ésuk-ésuk banget, 23 wong-wong wadon mau ora nemokké mayité. Wong-wong kuwi uga crita nèk padha ndelok malaékat-malaékat sing kandha nèk Yésus wis urip manèh. 24 Sapérangan wong saka antaraku banjur lunga menyang kuburan kuwi, lan jebulé critané para wong wadon mau pancèn bener, nanging ora ana sing ketemu dhèwèké.”
25 Mula Yésus kandha, ”Ngapa kok kowé kabèh ora gelem mikir lan ora langsung percaya karo kabèh sing wis dikandhakké para nabi? 26 Kristus kan pancèn kudu ngalami kasangsaran kuwi supaya dhèwèké dimulyakké, ta?” 27 Yésus banjur nerangké marang wong loro mau kabèh sing wis ditulis ing Kitab Suci bab dhèwèké, yaiku wiwit saka tulisané Musa lan kabèh Tulisan Para Nabi.
28 Akiré, wektu wong-wong kuwi tekan ing cedhaké désa sing dadi tujuané, Yésus kaya-kaya arep neruské perjalanané. 29 Nanging wong loro mau padha ngalang-alangi, kandhané, ”Mèlua aku, merga iki wis arep wengi lan sedhéla manèh peteng.” Yésus banjur mèlu wong loro kuwi. 30 Wektu mangan bareng wong-wong kuwi, Yésus njupuk roti, banjur ndonga,* nyuwil-nyuwil roti kuwi, terus diwènèhké marang wong-wong kuwi. 31 Wektu kuwi, wong loro mau dadi sadhar lan ngerti nèk kuwi Yésus. Nanging, Yésus banjur ngilang saka ngarepé wong-wong mau. 32 Wong-wong mau banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Pantes waé atiné awaké dhéwé semangat banget, wektu dhèwèké omong-omongan karo awaké dhéwé ing dalan lan nerangké isiné Kitab Suci.” 33 Ing wektu kuwi uga, wong loro mau bali menyang Yérusalèm. Ing kana, wong loro mau ketemu karo 11 rasul lan murid-murid liyané 34 sing kandha, ”Gusti pancèn wis urip manèh lan dhèwèké nemoni Simon.” 35 Banjur wong loro mau nyritakké apa sing kedadéan ing dalan, lan piyé wong loro mau akiré ngerti nèk wong kuwi Yésus wektu dhèwèké nyuwil-nyuwil roti.
36 Wektu isih padha ngomongké bab-bab kuwi, Yésus njedhul ing tengahé wong-wong kuwi lan kandha, ”Muga-muga kowé tentrem rahayu.” 37 Nanging wong-wong kuwi kagèt lan kewedèn merga ngira nèk sing didelok kuwi makhluk roh. 38 Mula Yésus kandha, ”Ngapa kowé padha bingung, lan ngapa atimu ragu-ragu? 39 Iki aku! Deloken tangan lan sikilku, lan demoken aku. Makhluk roh ora nduwé daging lan balung kaya sing kok delok ana ing aku.” 40 Yésus ngomongké kuwi karo nduduhké tangan lan sikilé. 41 Nanging saking senengé lan nggumun, wong-wong kuwi nganti ora percaya. Yésus banjur kandha, ”Apa kowé nduwé panganan?” 42 Wong-wong kuwi banjur mènèhi iwak bakar sak iris, 43 lan Yésus maem kuwi ing ngarepé murid-muridé.
44 Yésus banjur kandha, ”Wektu aku isih bareng karo kowé, aku tau kandha nèk kabèh sing ditulis bab aku ing Hukum Musa, Tulisan Para Nabi, lan Mazmur kudu kelakon.” 45 Banjur Yésus mbantu* wong-wong kuwi kanggo ngerti tenan maknané Kitab Suci, 46 lan kandha manèh, ”Kitab Suci kandha nèk Kristus bakal sengsara, mati, lan urip manèh ing dina katelu. 47 Lan atas dhasar asmané, warta bab pertobatan kanggo pangapurané dosa bakal diwartakké ing kabèh bangsa, wiwit saka Yérusalèm. 48 Kowé kudu dadi seksi kanggo kuwi kabèh. 49 Aku bakal ngirimi kowé apa sing wis dijanjèkké Bapakku. Nanging, manggona ing kutha iki nganti kowé kabèh éntuk kuwasa saka swarga.”
50 Yésus banjur ngajak murid-muridé metu nganti tekan Bétani. Yésus ngangkat tangané lan mberkahi murid-muridé. 51 Wektu lagi mberkahi murid-muridé, Yésus keangkat menyang swarga lan ninggalké murid-muridé. 52 Banjur murid-murid padha sujud lan bali menyang Yérusalèm kanthi bungah banget. 53 Saben dina, murid-murid ana ing bait kanggo ngluhurké Gusti Allah.