Lukas
4 Banjur Yésus, sing kapenuhan roh suci, lunga saka Kali Yordan. Dhèwèké dituntun roh suci wektu ana ing padhang belantara 2 suwéné 40 dina, lan digodha Iblis. Yésus ora mangan apa-apa saksuwéné dina-dina kuwi, mula sakwisé kuwi, dhèwèké ngrasa luwé. 3 Banjur Iblis kandha marang Yésus, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu iki dadi roti.” 4 Nanging Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ʼManungsa ora urip mung saka roti waé.ʼ”
5 Mula Iblis nggawa Yésus ing panggonan sing dhuwur, lan ing sak kedhèpé mata, Iblis nduduhké marang Yésus kabèh pamréntahan donya. 6 Banjur Iblis kandha marang Yésus, ”Aku bakal mènèhi kowé wewenang kanggo kabèh pamréntahan iki lan kamulyané. Kabèh iki wis dipasrahké marang aku, lan aku isa mènèhké marang sapa waé sing tak karepké. 7 Mula nèk kowé nyembah aku sepisan waé, kuwi kabèh bakal dadi duwèkmu.” 8 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ʼMung Yéhuwah Gusti Allahmu sing kudu kok sembah, lan mung marang Panjenengané kowé kudu ngabekti.ʼ”*
9 Banjur Iblis nggawa Yésus menyang Yérusalèm, ing bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait, lan kandha, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, anjloga saka kéné, 10 merga Kitab Suci kandha, ʼGusti Allah bakal mréntahké para malaékaté kanggo ngayomi kowé,ʼ 11 lan, ʼPara malaékat kuwi bakal nampani kowé supaya aja nganti sikilmu kesandhung watu.ʼ” 12 Yésus njawab, ”Kitab Suci kandha, ʼAja nguji Yéhuwah, Gusti Allahmu.ʼ” 13 Mula Iblis, sakwisé nggodha Yésus, ninggalké dhèwèké lan nunggu nganti ana kesempatan liya sing cocog.
14 Saiki Yésus sing kapenuhan roh suci, bali menyang Galiléa. Laporan apik bab dhèwèké wis nyebar ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi. 15 Yésus uga mulai mulang ing sinagogé-sinagogé,* lan dhèwèké diajèni kabèh wong.
16 Banjur Yésus lunga menyang Nazarèt. Yésus gedhéné ing kutha kuwi. Kaya sing biasa ditindakké pas dina Sabat, Yésus mlebu ing sinagogé. Wektu Yésus ngadeg kanggo maca, 17 gulungan tulisan Nabi Yésaya diserahké marang Yésus. Yésus banjur mbukak gulungan kuwi lan nemokké ayat sing kandha, 18 ”Roh Yéhuwah ana ing aku, merga Panjenengané wis nglantik aku kanggo martakké kabar apik marang wong miskin. Panjenengané ngutus aku kanggo martakké nèk wong-wong sing ditawan bakal dibébaské lan wong wuta bakal ndelok manèh, uga kanggo mbébaské wong sing ketindhes, 19 lan kanggo martakké bab taun welas asihé Yéhuwah.” 20 Banjur Yésus nggulung manèh gulungan kuwi, mbalèkké marang petugas, lan lungguh. Kabèh wong ing sinagogé padha nyawang Yésus. 21 Yésus banjur kandha, ”Dina iki, ayat sing lagi waé kok rungokké wis kelakon.”
22 Wong-wong kuwi mulai muji-muji Yésus lan nggumun krungu omongané Yésus sing nyenengké, sing metu saka tutuké. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi anaké Yusuf, ta?” 23 Mula Yésus kandha, ”Kowé mesthi bakal nggunakké umpama iki kanggo aku, ʼDokter, marèkna awakmu dhéwé,ʼ lan kowé kabèh bakal kandha, ʼAku kabèh wis krungu apa sing kok tindakké ing Kapernaum, tindakna uga kuwi ing kéné, ing dhaérah asalmu.ʼ” 24 Yésus neruské omongané, ”Saktenané aku kandha, nabi ora ditampa ing dhaérah asalé. 25 Contoné, ana akèh randha ing Israèl pas jamané Élia, wektu ora ana udan telung taun setengah lan ana kurang pangan sing parah ing negara kuwi. 26 Nanging Élia ora diutus marang wong-wong wadon ing Israèl kuwi. Dhèwèké mung diutus marang randha siji ing Zaréfat, ing tanah Sidon. 27 Uga, ana akèh wong lara kusta ing Israèl pas jamané Nabi Élisa, nanging ing antarané wong-wong kuwi ora ana siji-sijia sing dimarèkké,* sakliyané Naaman, wong Siria.” 28 Krungu kuwi, kabèh wong ing sinagogé dadi nesu banget. 29 Wong-wong kuwi banjur ngadeg lan cepet-cepet nggawa Yésus menyang njabané kutha, sing ana ing ndhuwur gunung. Lan wong-wong kuwi nyèrèd Yésus ing pinggir jurang, kanggo nguncalké dhèwèké saka kono. 30 Nanging Yésus nrobos kumpulan wong kuwi lan ngalih saka kono.
31 Yésus banjur lunga menyang kutha Kapernaum, ing Galiléa. Dhèwèké mulang wong-wong pas dina Sabat. 32 Wong-wong nggumun karo carané Yésus mulang, merga sing diwulangké asalé saka Gusti Allah. 33 Ing sinagogé, ana wong sing kesurupan roh najis. Dhèwèké mbengok, 34 ”Apa urusanku karo kowé, Yésus wong Nazarèt? Apa kowé mréné arep nyirnakké aku kabèh? Aku ngerti tenan sapa kowé, Sing Suci saka Gusti Allah.” 35 Nanging Yésus nggetak roh najis kuwi, ”Menenga, metua saka wong iki!” Mula sakwisé mbanting wong mau ing ngarepé wong akèh, roh najis kuwi banjur metu tanpa nggawé lara wong mau. 36 Kabèh wong padha nggumun, banjur kandha marang siji lan sijiné, ”Omongan apa iki? Nganggo wewenang lan kuwasa, dhèwèké mréntahké roh-roh najis metu, lan roh najis kuwi metu.” 37 Mula kabar bab Yésus terus nyebar ing ngendi-endi ing sakiwa-tengené dhaérah kuwi.
38 Saka sinagogé kuwi, Yésus lunga menyang omahé Simon. Wektu kuwi, ibu maratuwané Simon lagi demam, panasé dhuwur banget, lan wong-wong njaluk supaya Yésus nulungi ibu maratuwané Simon. 39 Yésus banjur ngadeg ing sisihé wong wadon kuwi, lan marèkké wong wadon kuwi saka demamé. Wong wadon kuwi langsung tangi lan mulai ngladèni wong-wong kuwi.
40 Wektu srengéngé wis angslup, kabèh wong nggawa wong lara sing ana ing omahé marang Yésus, ora soal apa penyakité. Yésus marèkké wong-wong kuwi nganggo cara numpangké tangané ing ndhuwuré wong-wong kuwi siji-siji. 41 Yésus uga ngusir roh-roh jahat saka wong akèh. Roh-roh jahat kuwi mbengok, ”Kowé Putrané Gusti Allah.” Nanging Yésus nggetak lan nglarang roh-roh jahat kuwi ngomong, merga roh-roh jahat kuwi ngerti nèk Yésus kuwi Kristus.
42 Nanging wektu srengéngé wis mlethèk, Yésus lunga ing panggonan sing sepi. Akèh wong mulai nggolèki Yésus, lan wektu wis ketemu, wong-wong kuwi ngupaya ngalang-alangi Yésus supaya ora ninggalké wong-wong kuwi. 43 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Aku uga kudu martakké kabar apik bab Kratoné Allah ing kutha-kutha liya, merga ya kanggo kuwi aku diutus.” 44 Mula Yésus martakké kabar apik ing sinagogé-sinagogé ing Yudéa.