Matius
27 Wektu wis ésuk, kabèh imam kepala lan pemimpin bangsa kuwi padha rembugan bab piyé carané Yésus isa dihukum mati. 2 Sakwisé mbanda* Yésus, wong-wong kuwi nggawa lan nyerahké Yésus marang Gubernur Pilatus.
3 Wektu Yudas, wong sing ngianati Yésus, weruh nèk Yésus wis divonis mati, dhèwèké ngrasa gela banget lan mbalèkké 30 dhuwit pérak kuwi marang para imam kepala lan pemimpin. 4 Yudas kandha, ”Aku wis dosa merga wis ngianati wong* sing ora salah.” Wong-wong kuwi kandha, ”Apa urusané karo aku? Kuwi urusanmu!” 5 Mula, Yudas nguncalké dhuwit-dhuwit pérak kuwi ing njero bait. Banjur dhèwèké lunga lan nggantung dhiri. 6 Para imam kepala njupuk dhuwit-dhuwit pérak kuwi lan kandha, ”Miturut hukum, iki ora éntuk didèlèhké ing panggonan sing suci kanggo nyimpen dhuwit, merga iki dhuwit getih.” 7 Sakwisé rembugan, wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau kanggo tuku tanah tukang grabah. Tanah kuwi dienggo ngubur wong-wong sing ora dikenal. 8 Kuwi sebabé nganti saiki tanah kuwi disebut Tanah Getih. 9 Mula, apa sing dikandhakké liwat Nabi Yérémia kelakon: ”Wong-wong kuwi njupuk 30 dhuwit pérak mau, yaiku rega sing wis disetujoni wong-wong Israèl kanggo mbayar wong kuwi. 10 Lan wong-wong kuwi nggunakké dhuwit mau kanggo tuku tanah tukang grabah, miturut apa sing wis dipréntahké Yéhuwah marang aku.”
11 Saiki, Yésus ngadeg ing ngarepé gubernur, lan gubernur takon marang Yésus, ”Apa kowé Rajané Wong Yahudi?” Yésus njawab, ”Kowé dhéwé sing ngomong.” 12 Nanging wektu Yésus ditudhuh karo para imam kepala lan pemimpin, Yésus ora njawab. 13 Banjur Pilatus takon marang Yésus, ”Apa kowé ora krungu tudhuhan-tudhuhané wong-wong kuwi marang kowé?” 14 Nanging Yésus ora njawab, sak kecap waé ora, lan kuwi nggawé gubernur nggumun.
15 Ing saben Riyaya Paskah, gubernur biasané mbébaské tahanan siji sing dipilih wong akèh. 16 Wektu kuwi, ana penjahat terkenal sing lagi ditahan, jenengé Barabas. 17 Dadi, wektu wong-wong ngumpul, Pilatus kandha marang wong akèh kuwi, ”Kowé péngin aku mbébaské sapa, Barabas utawa Yésus sing disebut Kristus?” 18 Pilatus ngerti nèk wong akèh kuwi nyerahké Yésus merga iri. 19 Apa manèh, wektu Pilatus lagi lungguh ing kursi pengadilan, bojoné ngirim pesen iki marang dhèwèké: ”Ora usah mèlu-mèlu urusan karo wong bener kuwi, merga dina iki aku mimpi bab dhèwèké lan mimpi kuwi marakké aku kewedèn.” 20 Nanging para imam kepala lan pemimpin ngojok-ojoki wong akèh kuwi supaya njaluk Barabas dibébaské, lan Yésus dihukum mati. 21 Mula, gubernur kandha, ”Ing antarané wong loro iki, kowé péngin aku mbébaské sing endi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Barabas.” 22 Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Nèk ngono, Yésus sing disebut Kristus kudu tak apakké?” Kabèh wong kuwi njawab, ”Patènana wong kuwi ing cagak!” 23 Pilatus takon, ”Apa sebabé? Kejahatan apa sing wis dhèwèké tindakké?” Nanging wong-wong kuwi mbengok saya banter, ”Patènana wong kuwi ing cagak!”
24 Sakwisé ngerti nèk upayané ora ana gunané, malah nggawé wong-wong kuwi saya gègèr, Pilatus njupuk banyu lan ngwijiki tangané ing ngarepé wong-wong kuwi banjur kandha, ”Aku ora tanggung jawab marang getihé wong iki. Kowé kabèh sing kudu tanggung jawab.” 25 Kabèh wong kuwi njawab, ”Aku lan anak-anakku sing tanggung jawab marang getihé wong kuwi.” 26 Banjur Pilatus mbébaské Barabas kanggo wong-wong kuwi, nanging ngongkon supaya Yésus dipecuti lan masrahké Yésus kanggo dihukum mati ing cagak.
27 Sakwisé kuwi, para prajurité gubernur nggawa Yésus menyang omahé gubernur lan ngundang kabèh pasukan kanggo nglumpuk ing sakiwa-tengené Yésus. 28 Para prajurit kuwi nyopot klambiné Yésus, banjur nganggokké jubah abang marang dhèwèké, 29 uga nggawé mahkota saka tanduran eri lan nganggokké kuwi ing sirahé, uga ndèlèhké sak lonjor kayu ing tangané tengen. Banjur wong-wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus, karo ngécé, ”Salam, hé Rajané Wong Yahudi!” 30 Para prajurit kuwi uga ngidoni Yésus, terus njupuk kayu kuwi lan mulai menthungi sirahé Yésus. 31 Akiré, sakwisé ngécé Yésus, wong-wong kuwi nyopot jubahé Yésus lan nganggokké klambi njabané, banjur nggawa Yésus kanggo dipaku ing cagak.
32 Wektu mlaku metu, para prajurit kuwi ketemu karo wong Kiréné sing jenengé Simon. Terus Simon dipeksa ngangkat cagak paukumané* Yésus. 33 Lan wektu wong-wong kuwi tekan ing panggonan sing disebut Golgota, sing artiné Panggonan Tengkorak, 34 para prajurit kuwi mènèhi Yésus anggur sing dicampur empedu.* Nanging sakwisé ngicipi, Yésus ora gelem ngombé. 35 Sakwisé maku Yésus ing cagak, para prajurit ngedum-edum klambi njabané Yésus nganggo cara nguncalké undhi, 36 lan lungguh ing kana kanggo njaga Yésus. 37 Para prajurit uga masang papan ing ndhuwur sirahé Yésus, sing tulisané tudhuhan marang Yésus, ”Iki Yésus, Rajané Wong Yahudi.”
38 Ana rampok loro uga dihukum mati ing cagak ing sisihé Yésus, siji ing sisih tengen lan siji ing sisih kiwa. 39 Wong-wong sing liwat padha ngécé Yésus lan gèdhèg-gèdhèg 40 karo kandha, ”Kowé sing jaréné arep ngambrukké bait lan mbangun manèh ing wektu telung dina, slametna awakmu dhéwé! Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, mudhuna saka cagak paukuman!”* 41 Semono uga para imam kepala lan para ahli Taurat, uga para pemimpin, mulai ngécé Yésus, kandhané, 42 ”Wong liya dislametké, nanging ora isa nylametké dhèwèké dhéwé! Dhèwèké kan Raja Israèl, kuduné isa mudhun saka cagak paukuman* lan kita bakal percaya karo dhèwèké. 43 Dhèwèké percaya marang Gusti Allah, mula bèn Gusti Allah sing nylametké, nèk pancèn Gusti Allah tresna marang dhèwèké. Merga dhèwèké ngomong, ’Aku Putrané Gusti Allah.’” 44 Malah, para rampok sing ana ing cagak ing sisihé Yésus uga ngécé kaya ngono.
45 Wiwit jam 12 awan,* kabèh dhaérah ing kono dadi peteng nganti jam 3 soré.* 46 Kira-kira jam telu soré, Yésus mbengok, ”Eli, Eli, lama sabakhtani?” sing tegesé, ”Allahku, Allahku, ngapa Panjenengan ninggalké aku?” 47 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngadeg ing kono mulai kandha, ”Wong iki nyeluki Élia.” 48 Lan salah siji wong ing kono langsung mlayu njupuk kembang karang, ngekum kuwi ing anggur kecut, banjur ndèlèhké ing sak lonjor kayu, lan diwènèhké Yésus supaya diombé. 49 Nanging sing liyané kandha, ”Ejarna waé dhèwèké! Ayo didelok apa Élia bakal teka kanggo nylametké dhèwèké.” 50 Banjur Yésus mbengok manèh lan séda.*
51 Ujug-ujug geber* ing bait suwèk dadi loro, saka ndhuwur tekan ngisor, lan bumi goncang uga bukit-bukit watu bengkah. 52 Kuburan-kuburan padha kebukak, lan akèh mayit para wong suci sing wis mati* padha mencelat metu 53 lan akèh wong sing weruh. (Sakwisé Yésus diuripké manèh, wong-wong sing ana ing dhaérah kuburan-kuburan mau padha mlebu menyang kutha suci.) 54 Wektu perwira lan wong-wong sing njaga Yésus ndelok gempa kuwi lan kabèh sing wis kedadéan, wong-wong kuwi dadi kewedèn lan kandha, ”Wong iki mesthi Putrané Gusti Allah.”
55 Ing kono, ana akèh wong wadon sing nyawang saka kadohan, sing wis ngancani Yésus saka Galiléa kanggo ngurus kebutuhané. 56 Ing antarané wong-wong kuwi ana Maria Magdaléna, Maria ibuné Yakobus lan Yosès, uga ibuné anak-anaké Zébédéus.
57 Wektu wis soré, ana wong lanang sugih saka Arimatéa teka, jenengé Yusuf, lan dhèwèké uga wis dadi muridé Yésus. 58 Dhèwèké nemoni Pilatus kanggo njaluk mayité Yésus. Banjur Pilatus ngongkon supaya mayit kuwi diserahké marang Yusuf. 59 Yusuf njupuk lan mbungkus mayité Yésus nganggo kain linen sing alus lan resik. 60 Mayité Yésus mau banjur dipapanké ing kuburan anyar duwèké Yusuf, ing bukit watu sing wis digrowongi. Sakwisé ngglundhungké watu gedhé kanggo nutup kuburan kuwi, Yusuf banjur lunga. 61 Nanging Maria Magdaléna lan Maria liyané tetep ana ing kono, lungguh ing ngarep kuburan kuwi.
62 Kedadéan-kedadéan kuwi kelakon pas dina Persiapan Sabat. Ing dina sakbanjuré, para imam kepala lan wong-wong Farisi ngumpul ing ngarepé Pilatus. 63 Wong-wong kuwi kandha, ”Pak, aku kabèh kèlingan wektu tukang ngapusi kuwi isih urip, dhèwèké kandha, ’Sakwisé telung dina, aku bakal diuripké manèh.’ 64 Mula, préntahna supaya kuburan kuwi dijaga tenanan nganti dina katelu, supaya murid-muridé ora teka lan nyolong mayité terus kandha marang wong-wong, ’Dhèwèké wis diuripké manèh saka ing antarané wong mati!’ Nèk kuwi kelakon, apus-apus sing pungkasan iki bakal luwih parah ketimbang sing sakdurungé.” 65 Pilatus kandha marang wong-wong kuwi, ”Lungaa karo para penjaga iki lan jaganen tenanan kuburané.” 66 Mula wong-wong kuwi lunga banjur nutup rapet kuburan kuwi nganggo watu, lan ngongkon penjaga kanggo njaga ing kono.