Kisah
16 Paulus tekan ing Dèrbé lan Listra. Ing kono ana murid sing jenengé Timotius. Ibuné Timotius kuwi wong Yahudi sing percaya, nanging bapaké wong Yunani. 2 Sedulur-sedulur ing Listra lan Ikonium padha ngomong nèk Timotius kuwi wong sing apik. 3 Paulus kandha nèk dhèwèké péngin dikancani Timotius. Paulus banjur nggawa lan nyunat Timotius merga wong-wong Yahudi ing kabèh kutha kuwi ngerti nèk bapaké Timotius kuwi wong Yunani. 4 Karo njlajahi kutha-kutha kuwi, Paulus lan kanca-kancané martakké keputusané para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm marang sedulur-sedulur supaya ditindakké. 5 Banjur, jemaat-jemaat terus dadi saya kuwat imané lan saben dina jumlahé wong-wong sing percaya saya akèh ing jemaat-jemaat.
6 Sakliyané kuwi, Paulus lan kanca-kancané njlajahi Frigia lan dhaérah Galatia, merga wong-wong kuwi dilarang roh suci kanggo martakké pangandikané Gusti Allah ing Provinsi Asia. 7 Banjur sakwisé tekan ing Misia, wong-wong kuwi ngupaya lunga menyang Bitinia, nanging rohé Yésus* nglarang wong-wong kuwi mrana. 8 Mula wong-wong kuwi ngliwati* Misia, banjur tekan ing Troas. 9 Ing wengi kuwi, Paulus éntuk wahyu: Ana sawijiné wong lanang saka Makédonia ngadeg karo nyuwun, ”Lungaa menyang Makédonia lan tulungana aku kabèh.” 10 Sakwisé éntuk wahyu kuwi, aku kabèh langsung ngupaya lunga menyang Makédonia, merga aku kabèh nggawé kesimpulan nèk Gusti Allah wis ngundang aku kabèh kanggo martakké kabar apik marang wong-wong ing kana.
11 Mula saka Troas, aku kabèh langsung numpak kapal menyang Samotraké, lan ing dina sakbanjuré menyang Néapolis. 12 Lan saka kana, aku menyang Filipi, yaiku sawijiné kutha Romawi* sing penting ing dhaérah* Makédonia. Aku kabèh manggon ing kana kanggo sawetara dina. 13 Ing dina Sabat, aku kabèh lunga metu saka gerbang kutha menyang pinggir kali, merga aku kabèh mikir nèk ing kono ana panggonan kanggo ndonga. Aku kabèh lungguh lan mulai ngomong marang para wong wadon sing ngumpul ing kono. 14 Ana wong wadon saka Tiatira sing jenengé Lidia, sing mèlu ngrungokké. Dhèwèké kuwi bakul kain* ungu lan uga abdiné Gusti Allah, lan Yéhuwah mbantu dhèwèké* nggatèkké lan nampa apa sing diomongké Paulus. 15 Sakwisé dhèwèké lan keluargané dibaptis, dhèwèké nyuwun tenanan marang aku kabèh, ”Nèk panjenengan nganggep aku setya marang Yéhuwah, maraa lan nginepa ing omahku.” Dhèwèké terus-terusan nyuwun supaya aku kabèh teka.
16 Ing sawijiné dina, wektu aku kabèh arep lunga menyang panggonan kanggo ndonga, aku ketemu karo pembantu wadon sing kesurupan roh jahat. Dhèwèké isa ngramal urip mbésuk lan nganggo cara kuwi dhèwèké isa mènèhi para majikané keuntungan gedhé. 17 Pembantu wadon iki terus ngetutké Paulus lan aku kabèh, karo mbengok-mbengok, ”Wong-wong iki abdiné Gusti Allah Sing Mahaluhur lan lagi martakké carané kowé bakal dislametké.” 18 Dhèwèké terus nindakké kuwi nganti pirang-pirang dina. Akiré Paulus dadi jèngkèl lan kandha marang roh jahat kuwi, ”Nganggo jenengé Yésus Kristus, aku ngongkon kowé metua saka dhèwèké!” Ing wektu kuwi uga, roh jahat kuwi metu.
19 Wektu ngerti nèk ora isa éntuk keuntungan manèh saka pembantu wadon kuwi, para majikané nangkep Paulus lan Silas, banjur wong loro kuwi disèrèd menyang pasar marang para panguwasa. 20 Para majikan kuwi nggawa Paulus lan Silas marang para pejabat pengadilan, lan kandha, ”Wong-wong iki nggawé gègèr kuthané awaké dhéwé. Wong-wong iki wong Yahudi, 21 lan padha mulangké kebiasaan-kebiasaan sing ora éntuk awaké dhéwé tampa utawa tindakké, merga awaké dhéwé wong Romawi.” 22 Kumpulan wong ing kana uga padha nglawan Paulus lan Silas mau, banjur para pejabat pengadilan nyuwèk klambi njabané wong loro kuwi, uga mréntahké kanggo nggebugi wong loro kuwi nganggo tongkat. 23 Sakwisé digebugi ping bola-bali, wong loro kuwi dilebokké penjara, banjur penjaga penjara dipréntahké kanggo njaga tenanan wong loro kuwi. 24 Merga éntuk préntah kuwi, dhèwèké nglebokké Paulus lan Silas ing kamar penjara sing paling njero lan sikilé wong loro kuwi dipasung.*
25 Nanging kira-kira ing tengah wengi, Paulus lan Silas ndonga lan nyanyi lagu pamuji marang Gusti Allah, lan wong-wong liyané sing dipenjara uga padha ngrungokké. 26 Ujug-ujug ana gempa sing gedhé lan nggawé pondhasiné penjara kuwi goncang. Ing wektu kuwi uga, lawang-lawangé penjara padha menga lan ranténé saben wong sing dipenjara padha ucul. 27 Wektu penjaga penjara tangi lan ndelok lawang-lawangé penjara padha menga, dhèwèké ngetokké pedhangé lan arep bunuh dhiri, merga ngira nèk wong-wong sing dipenjara wis padha mlayu. 28 Nanging Paulus mbengok, ”Aja bunuh dhiri! Aku kabèh ana ing kéné!” 29 Mula penjaga penjara kuwi njaluk lampu lan mlayu mlebu ing njero. Dhèwèké ndredheg lan sujud ing ngarepé Paulus lan Silas. 30 Penjaga penjara banjur nggawa Paulus lan Silas metu, terus takon, ”Bapak-Bapak, apa sing kudu tak tindakké supaya isa dislametké?” 31 Paulus lan Silas njawab, ”Percayaa marang Gusti Yésus, supaya kowé lan keluargamu dislametké.” 32 Banjur Paulus lan Silas martakké pangandikané Yéhuwah marang penjaga penjara kuwi uga marang kabèh wong sing ana ing omahé. 33 Ing wengi kuwi uga, penjaga penjara mau nggawa Paulus lan Silas menyang sawijiné panggonan kanggo nambani tatu-tatuné. Banjur tanpa mbuwang-mbuwang wektu, penjaga penjara mau lan keluargané dibaptis. 34 Penjaga penjara kuwi banjur nggawa Paulus lan Silas menyang omahé, terus nyuguhké panganan kanggo wong-wong kuwi. Dhèwèké lan kabèh keluargané padha bungah merga saiki wis percaya marang Gusti Allah.
35 Ing dina sakbanjuré, para pejabat pengadilan ngutus sapérangan petugas kanggo kandha, ”Bébasna wong-wong kuwi.” 36 Mula penjaga penjara kuwi neruské omongan mau marang Paulus, ”Para pejabat pengadilan wis ngutus wong supaya kowé kabèh dibébaské. Mula saiki metua lan lungaa kanthi tentrem rahayu.” 37 Nanging Paulus kandha, ”Wong-wong kuwi wis nggebugi aku kabèh ing ngarepé wong akèh, tanpa diadili, padahal aku kabèh wong Romawi, banjur aku dilebokké penjara. Saiki, meneng-meneng wong-wong kuwi arep mbébaské aku? Ora isa! Wong-wong kuwi dhéwé sing kudu teka mréné lan ngeterké aku metu saka kéné.” 38 Mula para petugas mau banjur nglaporké bab kuwi marang para pejabat pengadilan. Wektu krungu nèk Paulus lan Silas kuwi wong Romawi, para pejabat kuwi dadi ngrasa wedi. 39 Dadi para pejabat kuwi banjur teka lan njaluk ngapura marang Paulus lan Silas. Lan sakwisé ngeterké metu, para pejabat kuwi njaluk supaya wong loro kuwi lunga saka kutha kuwi. 40 Nanging sakwisé metu saka penjara, Paulus lan Silas lunga menyang omahé Lidia. Wektu ketemu karo sedulur-sedulur, Paulus lan Silas nguwatké sedulur-sedulur kuwi, banjur mangkat.