Kisah Para Rasul
15 Ana wong-wong sing teka saka Yudéa menyang Antiokhia. Wong-wong kuwi mulai mulang sedulur-sedulur, ”Nèk kowé ora disunat kaya sing dipréntahké Hukum Musa,+ kowé ora isa dislametké.” 2 Kuwi marakké wong-wong saka Yudéa mau padu lan debat karo Paulus lan Barnabas. Mula, para sedulur ngatur supaya Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané lunga marang para rasul lan para pinituwa ing Yérusalèm+ kanggo takon soal masalah iki.
3 Sedulur-sedulur ing jemaat ngeterké wong-wong kuwi nganti tekan sebagéan perjalanan, terus sedulur-sedulur kuwi bali. Ning Paulus, Barnabas, lan sedulur-sedulur liyané mau neruské perjalanané liwat Fénisia lan Samaria. Ing kana, wong-wong kuwi nyritakké kabèh pengalaman soal piyé wong-wong saka bangsa-bangsa liya mulai ngibadah marang Gusti Allah. Wektu krungu kuwi, kabèh sedulur dadi seneng. 4 Sakwisé tekan Yérusalèm, para rasul, para pinituwa, lan jemaat ing Yérusalèm seneng banget wektu wong-wong kuwi teka. Terus, wong-wong kuwi nyritakké akèh perkara sing ditindakké Gusti Allah liwat wong-wong kuwi. 5 Ing kono, ana sedulur-sedulur sing mbiyèné saka sèkte Farisi, ning wis dadi muridé Yésus Kristus. Wong-wong kuwi ngadeg, terus kandha, ”Wong-wong percaya sing dudu wong Yahudi kuwi kudu disunat lan dipréntahké kanggo nindakké Hukum Musa.”+
6 Terus, para rasul lan para pinituwa ngumpul lan mbahas masalah iki. 7 Sakwisé diskusi suwé,* Pétrus ngadeg lan kandha, ”Sedulur-sedulur, kowé kabèh wis ngerti ta nèk ing antarané awaké dhéwé, aku sing pertama dipilih Gusti Allah lan dikongkon nyampèkké kabar apik marang bangsa-bangsa liya supaya wong-wong kuwi dadi percaya.+ 8 Gusti Allah, sing ngerti isi atiné manungsa,+ ya wis mbuktèkké nèk Dhèwèké nampa wong-wong kuwi. Buktiné, wong-wong kuwi diwènèhi roh suci+ kaya sing wis diwènèhké marang awaké dhéwé. 9 Gusti Allah blas ora mbédak-bédakké awaké dhéwé karo wong-wong kuwi.+ Dhèwèké malah nggawé suci atiné wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi nduwé iman.+ 10 Mula, ngapa kok kowé nggawé Gusti Allah dadi ora sabar karo awaké dhéwé merga kowé meksa murid-murid dadi nduwé beban,*+ padahal awaké dhéwé utawa nènèk moyangé awaké dhéwé waé ora bakal kuwat mikul beban kuwi?+ 11 Kaya awaké dhéwé wis dislametké,+ awaké dhéwé ya nduwé iman sing ngomong nèk wong-wong kuwi ya dislametké liwat sifat apikané Gusti Yésus.”+
12 Wektu krungu kuwi, wong-wong sing ngumpul ing kono padha meneng kabèh. Terus, wong-wong kuwi ngrungokké Barnabas lan Paulus nyritakké akèh mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah liwat wong loro kuwi ing antarané wong-wong saka bangsa liya. 13 Sakwisé rasul loro kuwi rampung ngomong, Yakobus kandha, ”Sedulur-sedulur, tulung rungokna aku. 14 Kaya sing bar awaké dhéwé rungokké mau, Siméon*+ wis nyritakké kabèh soal piyé Gusti Allah wis nggatèkké wong-wong saka bangsa liya lan milih saka antarané wong-wong kuwi umat sing disebut nganggo jenengé.+ 15 Iki sesuai karo sing diomongké ing Tulisané Para Nabi, yaiku, 16 ’Sakwisé kabèh kuwi, Aku bakal bali lan mbangun manèh kémahé* Daud sing ambruk. Reruntuhané bakal Tak bangun manèh lan Tak dandani. 17 Supaya wong-wong sing isih urip ing antarané wong-wong kuwi padha nggolèki Aku, Yéhuwah,* bareng karo wong-wong saka kabèh bangsa, umat sing disebut nganggo jeneng-Ku. Aku, Yéhuwah,* sing ngomongké iki, sing nindakké iki kabèh.+ 18 Aku wis mutuské kanggo nindakké iki kèt mbiyèn.’+ 19 Mula, menurut pendapatku, ora apik nèk awaké dhéwé nyusahké wong-wong saka bangsa-bangsa liya sing wis gelem nglayani Gusti Allah.+ 20 Ning, luwih apik awaké dhéwé nulis surat waé kanggo ngandhani wong-wong kuwi bèn nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala,+ saka hubungan sèks sing ora pantes,*+ saka daging kéwan sing mati ditekak,* lan saka getih.+ 21 Kèt mbiyèn nganti saiki, ana wong-wong sing nyampèkké omongané Musa ing saben kutha, merga saben dina sabat,+ tulisané diwacakké nganggo swara seru ing sinagogé-sinagogé* bèn dirungokké wong-wong.”
22 Terus, para rasul, para pinituwa, lan kabèh jemaat, mutuské kanggo milih sedulur loro lan ngutus wong-wong kuwi menyang Antiokhia bareng karo Paulus lan Barnabas. Sedulur loro sing dipilih kuwi nduwé tanggung jawab ing jemaat. Sing siji jenengé Yudas sing ya disebut Barsabas, lan sing siji jenengé Silas.+ 23 Surat sing ditulis lan arep dikirimké kuwi isiné kaya ngéné:
”Aku, sedulur-sedulurmu, yaiku para rasul lan para pinituwa, nulis surat kanggo kowé, yaiku sedulur-sedulur sing dudu wong Yahudi sing manggon ing Antiokhia,+ Siria, lan Kilikia: Salam kanggo kowé kabèh. 24 Aku krungu nèk ana wong-wong saka kéné sing omongané nyebabké kowé bingung.+ Wong-wong kuwi ngupaya ngrusak imanmu, padahal aku blas ora mènèhi petunjuk marang wong-wong kuwi. 25 Mula, aku mutuské kanggo ngutus sedulur loro marang kowé, bareng karo Barnabas lan Paulus sing tak tresnani 26 lan sing wis toh nyawa kanggo jenengé Gustiné awaké dhéwé, Yésus Kristus.+ 27 Aku ngutus Yudas lan Silas supaya isa nyritakké langsung apa sing ditulis ing surat iki.+ 28 Roh suci+ wis mbantu aku nggawé kesimpulan bèn ora nambahi beban manèh kanggo kowé, ning ngandhani kowé bèn nindakké perkara-perkara sing penting iki waé: 29 Kowé kudu terus nyingkir saka kabèh sing ana hubungané karo penyembahan brahala,+ saka getih,+ saka daging kéwan sing mati ditekak,*+ lan saka hubungan sèks sing ora pantes.*+ Nèk kowé tenanan njaga awakmu saka kabèh kuwi, keadaanmu bakal dadi apik. Muga-muga kowé terus séhat.”
30 Terus, sedulur-sedulur kuwi mangkat menyang Antiokhia. Sakwisé tekan, sedulur-sedulur kuwi ngumpulké kabèh murid ing kana lan nyerahké surat kuwi. 31 Sakwisé surat sing isiné nguwatké kuwi diwacakké, murid-murid dadi seneng banget. 32 Bar kuwi, Yudas lan Silas, sing loro-loroné nabi, nyampèkké akèh ceramah kanggo nguwatké sedulur-sedulur.+ 33 Sedulur loro kuwi manggon pirang-pirang dina ing kono. Pas sedulur loro kuwi arep bali, para murid ing Antiokhia ndongakké bèn perjalanané sedulur loro kuwi lancar lan ora ana apa-apa. 34 *—— 35 Ning, Paulus lan Barnabas tetep manggon ing Antiokhia. Bareng karo sedulur-sedulur liyané, Paulus lan Barnabas mulang lan martakké kabar apik soal omongané Yéhuwah.*
36 Sakwisé pirang-pirang dina, Paulus ngomong karo Barnabas, ”Ayo awaké dhéwé marani manèh para sedulur ing saben kutha sing wis awaké dhéwé kabari soal omongané Yéhuwah* bèn awaké dhéwé ngerti piyé keadaané para sedulur kuwi.”+ 37 Barnabas péngin banget ngejak Yohanes, sing ya disebut Markus.+ 38 Ning, Paulus ora seneng nèk Markus dijak merga Markus wis tau ninggalké Paulus lan Barnabas ing Pamfilia lan ora mèlu nginjil bareng karo sedulur loro kuwi.+ 39 Kuwi marahi Paulus karo Barnabas padu nganti wong loro kuwi pisah. Barnabas+ ngejak Markus lan numpak kapal menyang Siprus. 40 Ning, Paulus ngejak Silas lan mangkat sakwisé sedulur-sedulur ndongakké bèn Paulus dilindhungi karo Yéhuwah.*+ 41 Paulus lunga menyang Siria lan Kilikia kanggo nguwatké jemaat-jemaat ing kana.