Purwaning Dumadi
37 Yakub tetep manggon ing tanah Kanaan. Mbiyèn bapaké manggon dadi wong asing+ ing tanah kuwi.
2 Iki sejarahé Yakub.
Wektu Yusuf+ umur 17 taun, dhèwèké njaga ternak+ karo anak-anaké lanang Bilha+ lan anak-anaké lanang Zilpa,+ bojo-bojoné bapaké. Yusuf ngandhani bapaké soal tumindaké kakang-kakangé sing ora bener. 3 Israèl luwih sayang karo Yusuf timbang karo anaké sing liyané,+ merga Yusuf lair pas Israèl wis tuwa. Israèl nggawèkké jubah sing apik banget kanggo Yusuf. 4 Kakang-kakangé Yusuf ndelok nèk bapaké luwih sayang karo Yusuf. Mula, kakang-kakangé dadi sengit karo Yusuf lan mesthi ngomong kasar karo Yusuf.
5 Terus, Yusuf ngimpi, lan dhèwèké crita soal mimpi kuwi marang kakang-kakangé.+ Mula, kakang-kakangé saya sengit karo Yusuf. 6 Yusuf kandha, ”Aku ngimpi. 7 Awaké dhéwé lagi nalèni gandum ing tengah-tengah ladhang. Terus gandumku ngadeg, lan gandum-gandummu ngubengi lan mbungkuk marang gandumku.”+ 8 Kakang-kakangé kandha, ”Maksudmu kowé bakal dadi rajaku lan nguwasani aku?”+ Sakwisé krungu critané Yusuf, kakang-kakangé dadi saya sengit karo Yusuf.
9 Sakwisé kuwi, Yusuf ngimpi manèh, terus dhèwèké crita soal mimpi kuwi marang kakang-kakangé, ”Aku ngimpi manèh. Matahari, bulan, lan 11 bintang mbungkuk marang aku.”+ 10 Wektu Yusuf crita karo bapaké lan kakang-kakangé soal mimpi kuwi, bapaké nyenèni dhèwèké, ”Apa maksudé mimpimu? Apa aku, ibumu, lan kakang-kakangmu bakal sujud marang kowé?” 11 Kakang-kakangé dadi iri karo Yusuf,+ ning bapaké terus mikirké omongané Yusuf.
12 Wektu kakang-kakangé Yusuf lagi njaga ternaké bapaké ing padhang rumput cedhak Syikhèm,+ 13 Israèl kandha karo Yusuf, ”Coba kowé marani kakang-kakangmu sing lagi njaga ternak ing cedhak Syikhèm.” Yusuf njawab, ”Ya, Pak.” 14 Israèl ya kandha, ”Tulung deloken apa kakangmu lan ternaké apik-apik waé, terus balia lan ngomong karo Bapak.” Mula, Yusuf lunga saka Lembah Hébron+ menyang Syikhèm. 15 Terus, ana wong lanang sing ndelok Yusuf wira-wiri ing padhang. Wong kuwi takon, ”Kowé nggolèki sapa?” 16 Yusuf njawab, ”Aku nggolèki kakang-kakangku. Apa njenengan ngerti kakang-kakangku njaga ternak ing endi?” 17 Wong kuwi njawab, ”Wong-wong kuwi wis lunga kèt mau. Aku mau krungu nèk wong-wong kuwi arep lunga menyang Dotan.” Mula, Yusuf lunga menyang Dotan lan ketemu kakang-kakangé ing kana.
18 Wektu ndelok Yusuf saka kadohan, kakang-kakangé mulai nggawé rencana kanggo matèni Yusuf. 19 Wong-wong kuwi kandha, ”Lha kaé si tukang ngimpi+ teka. 20 Ayo bocah kuwi dipatèni waé, terus diuncalké ing lubang sing biasa dienggo nampung banyu. Terus, mengko ngomong waé nèk dhèwèké dipangan kéwan buas. Delok waé mimpiné kuwi kelakon tenan apa ora.” 21 Wektu krungu kuwi, Rubèn+ nggolèk cara kanggo nylametké Yusuf. Rubèn kandha, ”Bocah kuwi aja dipatèni.”+ 22 Rubèn kandha manèh, ”Bocah kuwi diuncalké waé ing lubang sing biasa dienggo nampung banyu ing padhang belantara, ning aja diapak-apakké.”+ Rubèn péngin nylametké Yusuf lan nggawa dhèwèké bali marang bapaké.
23 Pas Yusuf teka, kakang-kakangé langsung nyopot jubahé Yusuf sing apik banget.+ 24 Terus, Yusuf diuncalké ing lubang, tapi pas kuwi lubangé ora ana banyuné.
25 Wektu lagi lungguh lan mangan, kakang-kakangé ndelok ana rombongan wong Ismaèl+ sing teka saka Giléad. Unta-untané rombongan kuwi nggawa getah wangi, balsam,* lan kulit kayu.*+ Wong-wong kuwi arep lunga menyang Mesir. 26 Terus Yéhuda kandha, ”Ora ana gunané matèni adhiné awaké dhéwé lan nutup-nutupi tumindaké awaké dhéwé.+ 27 Mendhing dhèwèké diedol+ waé marang wong Ismaèl. Dhèwèké aja diapak-apakké merga dhèwèké kan isih adhiné awaké dhéwé.” Terus sing liyané padha setuju. 28 Wektu wong Ismaèl mau, yaiku para pedagang Midian,+ liwat kono, kakang-kakangé Yusuf ngetokké Yusuf saka lubang mau, terus ngedol Yusuf marang wong Ismaèl kuwi. Regané 20 dhuwit pérak.+ Terus Yusuf digawa ing Mesir.
29 Wektu Rubèn bali menyang lubang kuwi, Yusuf wis ora ana ing kono. Mula, Rubèn nyuwèk klambiné. 30 Wektu marani adhi-adhiné, Rubèn kandha, ”Bocah kuwi wis ora ana. Aku kudu piyé?”
31 Terus, kakang-kakangé Yusuf mbelèh kambing lanang lan nyelupké jubahé Yusuf ing getihé kambing kuwi. 32 Sakwisé kuwi, kakang-kakangé ngirim jubah kuwi marang bapaké lan kandha, ”Aku nemu iki. Tulung didelok dhisik apa bener iki jubahé anaké Bapak.”+ 33 Wektu ndelok jubah kuwi, Yakub kandha, ”Iki jubahé anakku. Dhèwèké mesthi wis dipatèni lan dipangan kéwan buas.” 34 Terus, Yakub nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni ing pinggangé. Yakub nangisi anaké nganti pirang-pirang dina. 35 Kabèh anaké Yakub wis ngupaya bèn Yakub ora sedhih manèh, ning Yakub ora gelem ngrungokké. Yakub kandha, ”Aku bakal nangisi anakku nganti aku mati.”*+ Yakub terus nangisi anaké.
36 Ing Mesir, rombongané wong Ismaèl* mau ngedol Yusuf marang Potifar. Potifar kuwi pejabat istanané Firaun+ lan kepalané para penjaga.+