Minggu, 30 Agustus
Yéhuwah cedhak karo wong sing atiné susah.—Mzm. 34:18.
Meskipun njenengan disia-sia wong liya, Yéhuwah sayang lan nganggep njenengan berharga. Nèk njenengan ”putus asa”, élinga nèk Yéhuwah ndelok apiké njenengan lan péngin cedhak karo njenengan. (Yoh. 6:44) Dhèwèké selalu siap nulungi merga sayang banget karo njenengan. Nèk ndelok contoné Yésus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nganggep berharga lan ndeloki apiké awaké dhéwé. Selama ing bumi, Yésus nggatèkké lan apikan karo wong-wong sing dirèmèhké wong liya. (Mat. 9:9-12) Wektu ana wong wédok sing lara parah ndemèk klambiné Yésus merga péngin mari, Yésus ora nyenèni, tapi malah muji dhèwèké merga nduwé iman. (Mrk. 5:25-34) Sifat-sifaté Yésus persis kaya Yéhuwah. (Yoh. 14:9) Dadi, njenengan isa yakin nèk iman lan rasa sayangé njenengan mesthi digatèkké Yéhuwah. w24.10 7 ¶4-5
Senèn, 31 Agustus
Air mataku mbok simpen ing wadhah banyu.—Mzm. 56:8.
Ana akèh kesulitan sing diadhepi Daud sakjegé uripé, sing marakké dhèwèké nangis. Dhèwèké dimungsuhi akèh wong lan bahkan dikhianati karo kanca lan keluargané. (1 Sam. 19:10, 11; 2 Sam. 15:10-14, 30) Daud tau ngomong, ”Aku wis kesel sambat. Sewengi aku nangis terus nganti panggonanku turu dadi teles. Panggonanku turu kebak banyu merga tangisanku.” (Mzm. 6:6) Meskipun ngadhepi akèh kesulitan, Daud yakin nèk Yéhuwah sayang karo dhèwèké. Daud nulis, ”Yéhuwah bakal ngrungokké swara tangisku.” (Mzm. 6:8) Daud ngomong nèk Yéhuwah seolah-olah nyimpen air matané Daud ing wadhah, utawa nulis kuwi ing buku. Daud yakin nèk Yéhuwah nggatèkké lan éling karo kesusahané Daud. Daud ya yakin nèk Yéhuwah ora mung ngerti masalahé, tapi ya memahami sing dhèwèké rasakké. Dadi liwat kata-kata kuwi, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Yéhuwah paham perasaané awaké dhéwé. w24.12 22 ¶11-12
Selasa, 1 September
Kowé kudu terus mriksa apa uripmu wis cocog karo iman Kristen.—2 Kor. 13:5.
Sing kudu diupayakké kuwi ora mung bèn dadi wong Kristen sing déwasa, tapi piyé bèn isa terus dadi wong Kristen sing déwasa. Mulané ora éntuk ngrasa puas. (1 Kor. 10:12) Awaké dhéwé kudu ”terus mriksa” apa isih terus nggawé kemajuan. Ing suraté kanggo wong Kristen ing Kolose, Rasul Paulus nyebutké manèh soal dadi wong Kristen sing déwasa. Meskipun meréka wis dadi wong Kristen sing déwasa, Paulus ngélingké meréka bèn ngati-ati aja nganti pikirané terpengaruh karo pandhangané wong-wong ing donya. (Kol. 2:6-10) Épafras, sing ngerti banget soal sedulur-sedulur ing jemaat Kolose, ya terus ndongakké bèn meréka ”tetep nduwé iman sing kuwat” utawa ”tetep déwasa”. (Kol. 4:12, lan cathetan ngisor) Paulus lan Épafras ngerti bèn isa tetep dadi wong Kristen sing déwasa kuwi kudu berupaya lan butuh bantuané Yéhuwah. Meréka péngin wong Kristen ing Kolose terus nggawé kemajuan meskipun ngadhepi tantangan. w24.04 6-7 ¶16-17