PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
Wacan Basa Jawa (2013-2026)
Metu
Mlebu
PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
Pengumuman
Basa sing lagi waé ditambahké: Shilluk, Tsimihety
  • Dina Iki

Rebo, 22 April

Kristus . . . ngalami kesusahan demi kowé. Dhèwèké dadi conto bèn isa bener-bener mbok tiru.—1 Ptr. 2:21.

Soal kudu piyé wektu diperlakukan ora adil, awaké dhéwé isa niru Yésus. Dhèwèké kerep diperlakukan ora adil karo akèh wong, termasuk karo keluargané. Keluargané nudhuh dhèwèké édan. Para pemimpin agama nudhuh dhèwèké nduwé kuwasa saka hantu-hantu. Terus, tentara Romawi ngécé, nganiaya, bahkan matèni dhèwèké. (Mrk. 3:​21, 22; 14:55; 15:​16-20, 35-37) Tapi wektu ngalami kuwi kabèh, Yésus ora mbales. Apa pelajarané? (1 Ptr. 2:​21-23) Yésus ngekèki conto sing paling apik soal tanggepan wektu diperlakukan ora adil. Yésus ngerti kapan wektuné kudu ngomong lan kapan wektuné kudu meneng. (Mat. 26:​62-64) Kadhang bahkan Yésus ora njawab apa-apa wektu ditudhuh. (Mat. 11:19) Wektu ngomong, Yésus ora tau ngrèmèhké utawa ngancem wong-wong sing nganiaya dhèwèké. w24.11 4-5 ¶9-10

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Kemis, 23 April

Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa.—1 Tim. 1:15.

Bayangna wektu njenengan ngekèki wong hadiah. Njenengan wis milihké hadiah sing paling apik lan mesthi bermanfaat kanggo dhèwèké. Tapi, wektu ngerti nèk ternyata hadiahé kuwi ora dienggo lan mung disimpen thok, njenengan mesthi sedhih, ta? Tapi, nèk hadiahé kuwi dienggo lan dhèwèké ya ngomong maturnuwun karo njenengan, njenengan mesthi seneng banget. Nah merga sayang awaké dhéwé, Yéhuwah wis ngekèki Anaké bèn mati dadi tebusan. Yéhuwah bakal seneng banget nèk awaké dhéwé menghargai tebusan kuwi. (Yoh. 3:16; Rm. 5:​7, 8) Tapi suwé-suwé, hadiah sing istiméwa saka Yéhuwah kuwi isa waé dianggep biasa waé, seolah-olah kaya mung disimpen thok. Nah bèn isa terus bersyukur lan menghargai, kudu kerep-kerep mikirké sing wis dilakukan Yéhuwah lan Yésus. w25.01 26 ¶1-2

Nliti Alkitab Saben Dina—2026

Jumat, 24 April

Kowé kudu mikirké tenanan soal kuwi lan ngupaya tenanan nindakké kuwi bèn kabèh wong isa ndelok nèk kowé kuwi wong Kristen sing déwasa.—1 Tim. 4:15.

Sedulur lanang sing péngin nglayani dadi pinituwa kuwi ya ”dudu wong sing lagi waé dadi wong Kristen”. Kuwi ora berarti kudu wis dibaptis bertaun-taun, tapi sing penting kudu wis dadi wong Kristen sing déwasa. Kaya Yésus, njenengan ya kudu rendah hati lan siap dikèki tugas apa waé ing jemaat. Terus ya kudu sabar lan gelem nunggu nganti mengko dikèki tugas ing jemaat. (Mat. 20:23; Flp. 2:​5-8) Nèk ”setya” karo Yéhuwah, ya bakal selalu manut pathokané Yéhuwah lan petunjuk saka organisasiné. Ing Alkitab jelas disebutké nèk para pengawas kuwi kudu ”trampil wektu mulang”. Apa kuwi berarti meréka kudu pinter banget ceramah? Ora. Ora kabèh pinituwa pinter ceramah. Tapi wektu nginjil lan kunjungan penggembalaan, pinituwa kudu isa mulang lan nguwatké para sedulur nganggo ayat ing Alkitab. w24.11 23-24 ¶14-15

Nliti Alkitab Saben Dina—2026
Sugeng Rawuh.
Nganggo situs iki, njenengan isa nggolèk keterangan luwih akèh saka publikasiné Seksi-Seksi Yéhuwah.
Kanggo download publikasi, bukaken jw.org.
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2026 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim