Matius
17 Nem dina sakbanjuré, Yésus ngajak Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré menyang gunung sing dhuwur. Mung Yésus lan wong telu kuwi sing ana ing kono. 2 Banjur, wong telu kuwi ndelok wajahé Yésus malih.* Wajahé Yésus mancarké sinar kaya srengéngé, lan klambi njabané dadi padhang njingglang. 3 Ujug-ujug, wong telu kuwi padha ndelok Musa lan Élia lagi omong-omongan karo Yésus. 4 Pétrus banjur kandha marang Yésus, ”Gusti, aku kabèh seneng ana ing kéné. Nèk panjenengan gelem, aku arep ngedegké telung téndha. Siji kanggo panjenengan, siji kanggo Musa, lan sijiné kanggo Élia.” 5 Wektu Pétrus isih ngomong, ujug-ujug ana méga sing padhang nutupi wong-wong kuwi. Banjur, ana swara saka méga mau, ”Iki Putra-Ku sing Tak tresnani, sing nggawé senengé ati-Ku. Rungokna dhèwèké.” 6 Merga krungu kuwi, murid-murid langsung sujud lan wedi banget. 7 Yésus nyedhak lan ndemèk murid-muridé, terus kandha, ”Padha ngadega lan aja wedi.” 8 Wektu murid-murid ndhangak, sing kétok mung gari Yésus dhéwé lan ora ana liyané. 9 Wektu mudhun saka gunung kuwi, Yésus mréntahké murid-muridé, ”Aja ngandhani sapa-sapa bab iki nganti Putrané manungsa diuripké manèh saka antarané wong mati.”
10 Nanging murid-muridé takon marang Yésus, ”Apa sebabé para ahli Taurat kandha nèk Élia kudu teka dhisik sakdurungé Kristus?” 11 Yésus njawab, ”Élia pancèn bakal teka lan dhèwèké bakal nyiapké sakabèhé. 12 Aku kandha marang kowé nèk sakjané Élia wis teka, nanging wong-wong kuwi ora ngerti, malah wong-wong kuwi tumindak sakarepé dhéwé marang dhèwèké. Nganggo cara sing padha, Putrané manungsa iya bakal ngalami sengsara ing tangané wong-wong kuwi.” 13 Murid-muridé akiré ngerti nèk sing dimaksud kuwi Yohanes Pembaptis.
14 Wektu Yésus lan para muridé marani kumpulan wong, ana wong lanang sing nyedhaki Yésus, banjur sujud lan kandha, 15 ”Gusti, welasana anakku lanang. Dhèwèké lara ayan, lan kahanané parah. Dhèwèké kerep tiba ing geni lan kecemplung banyu. 16 Aku wis nggawa dhèwèké marang murid-muridé panjenengan, nanging murid-muridé panjenengan ora isa marèkké anakku.” 17 Yésus kandha, ”Kowé kabèh kuwi wong-wong* sing ora nduwé iman lan kebak dosa, nganti kapan aku kudu ana ing antaramu? Nganti kapan aku kudu sabar karo kowé kabèh? Gawanen dhèwèké mréné.” 18 Banjur Yésus tegas ngongkon roh jahat kuwi metu saka bocah lanang mau, lan roh jahat kuwi metu. Ing wektu kuwi uga, bocah kuwi mari. 19 Terus wektu ora ana wong liya ing kono, murid-muridé marani Yésus lan takon, ”Apa sebabé aku ora isa ngusir roh jahat kuwi?” 20 Yésus njawab, ”Merga imanmu cilik. Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé nduwé iman senajan gedhéné mung sak wiji sesawi waé, kowé bakal isa ngongkon gunung iki, ’Pindhaha mrana,’ lan gunung kuwi bakal pindhah. Ora ana sing mustahil kanggo kowé.” 21 *——
22 Wektu Yésus lan murid-muridé lagi ngumpul ing Galiléa, Yésus kandha, ”Putrané manungsa bakal diserahké* menyang tangané manungsa, 23 lan bakal dipatèni. Nanging ing dina katelu, dhèwèké bakal diuripké manèh.” Murid-muridé dadi sedhih banget.
24 Wektu tekan ing Kapernaum, Pétrus dicedhaki para petugas pajeg sing njaluk pajeg rong drakhma. Wong-wong kuwi takon, ”Apa gurumu mbayar pajeg rong drakhma?” 25 Pétrus njawab, ”Iya.” Nanging sakwisé Pétrus mlebu ing omah, Yésus langsung takon marang Pétrus, ”Simon, nèk miturutmu, sapa sing kudu mbayar béa utawa pajeg marang para raja ing donya iki? Anak-anaké utawa wong-wong liya?” 26 Pétrus njawab, ”Wong liya.” Mula Yésus kandha, ”Dadi, sakjané anak-anaké bébas pajeg. 27 Nanging supaya awaké dhéwé ora nyebabké masalah,* lungaa menyang laut, lan mancinga. Iwak sing kena dhisik dhéwé kuwi cekelen. Pas kowé mbukak cangkemé, kowé bakal nemokké dhuwit rècèh pérak siji.* Jupuken lan bayaren pajeg kanggo aku lan kowé.”