Matius
23 Yésus banjur omongan marang wong akèh lan murid-muridé. Yésus kandha, 2 ”Para ahli Taurat lan wong-wong Farisi percaya nèk wong-wong kuwi nduwé wewenang sing padha karo Musa. 3 Mula, tindakna kabèh sing wis diwulangké, nanging aja niru kelakuané, merga wong-wong kuwi mung ngomong nanging ora nglakoni. 4 Wong-wong kuwi nggawé beban sing abot lan ndèlèhké ing pundhaké wong, nanging wong-wong kuwi dhéwé ora gelem ndemèk nganggo drijiné. 5 Kabèh tumindaké mau mung supaya didelok wong. Wong-wong kuwi nggawé luwih gedhé kothak-kothak sing isiné ayat,* sing dienggo dadi jimat, lan pucuk jubahé uga digawé luwih dawa. 6 Wong-wong kuwi seneng lungguh ing panggonan kanggo tamu penting ing pésta, lan lungguh ing kursi sing ngarep dhéwé* ing sinagogé.* 7 Wong-wong kuwi uga padha seneng nampa salam hormat ing panggonan-panggonan umum* lan seneng disebut Rabi.* 8 Nanging, kowé aja disebut Rabi,* merga Gurumu mung siji, lan kowé kabèh kuwi sedulur. 9 Uga, aja nyebut sapa waé ing bumi bapak, merga Bapakmu mung siji yaiku sing ana ing swarga. 10 Uga, kowé aja disebut pemimpin merga Pemimpinmu mung siji yaiku Kristus. 11 Nanging sapa sing paling utama ing antaramu kudu ngladèni liyané. 12 Sapa waé sing ngunggulké dhèwèké dhéwé bakal diasorké, lan sapa waé sing ngasorké dhèwèké dhéwé bakal diunggulké.
13 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nutup lawangé Kraton swarga ing ngarepé wong-wong. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé uga ngalang-alangi wong sing arep mlebu. 14 *——
15 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé lunga adoh nganti nyabrang laut lan njlajahi daratan kanggo nggawé wong siji mlebu agamamu.* Nanging sakwisé wong kuwi mlebu ing agamamu, kowé malah ndadèkké dhèwèké luwih jahat ketimbang kowé, lan pantes dihukum ing Géhéna.*
16 ”Cilaka kowé, penuntun-penuntun wuta. Merga kowé kandha, ’Nèk ana wong sumpah demi bait, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi emas sing ana ing bait, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’ 17 Wong-wong bodho lan wuta! Endi sing luwih penting, emas utawa bait sing nggawé emas kuwi suci? 18 Kowé uga mulang ngéné, ’Nèk ana wong sumpah demi mésbah, sumpahé kuwi ora ana artiné. Nanging nèk wong sumpah demi kurban sing ana ing mésbah mau, wong kuwi wajib nindakké sumpahé.’ 19 Wong-wong wuta! Endi sing sakjané luwih penting, kurban utawa mésbah sing nggawé kurban kuwi suci? 20 Sakjané, wong sing sumpah demi mésbah ora mung sumpah demi mésbah kuwi, nanging uga demi kabèh sing dikurbanké ing ndhuwuré. 21 Lan wong sing sumpah demi bait, ora mung sumpah demi bait kuwi, nanging uga demi Gusti Allah sing manggon ing kono. 22 Lan wong sing sumpah demi swarga ora mung sumpah demi tahtané Gusti Allah, nanging uga demi Panjenengané sing lungguh ing tahta kuwi.
23 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, adas, lan jinten putih, nanging kowé nyepèlèkké bab-bab sing luwih penting ing hukum Taurat, yaiku kaadilan, welas asih, lan kasetyan. Mènèhi persepuluhan pancèn penting, nanging sing liyané kuwi ora olèh disepèlèkké. 24 Penuntun-penuntun wuta! Nyamuk kok saring saka ombèn-ombènmu, nanging unta malah kok eleg.
25 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé ngresiki bagéan njabané cangkir lan piring, nanging bagéan njeroné kebak keserakahan* lan pepénginan sing ora isa dikendhalèni. 26 Wong Farisi sing wuta, resikana dhisik bagéan njeroné cangkir lan piring kuwi, supaya bagéan njabané uga dadi resik.
27 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé kaya kuburan sing dilabur putih, saka njaba pancèn kétok apik, nanging ing njeroné kebak balungé wong mati lan kabèh sing najis. 28 Semono uga kowé, saka njaba kowé kétok bener ing ngarepé manungsa, nanging ing njero atimu kebak kemunafikan lan kejahatan.
29 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong-wong Farisi. Kowé munafik! Merga kowé nggawé kuburan sing apik kanggo para nabi lan mènèhi hiasan ing makamé wong-wong sing bener, 30 lan kowé padha kandha, ’Umpama aku urip ing jamané para leluhurku, aku mesthi ora bakal mèlu matèni para nabi.’ 31 Dadiné, kowé dhéwé padha ngakoni nèk kowé keturunané wong-wong sing matèni para nabi. 32 Mula saiki, rampungna apa sing wis diwiwiti* para leluhurmu.
33 ”Ula-ula, keturunané ula sing ana racuné, piyé kowé bakal bébas saka hukuman Géhéna?* 34 Kuwi sebabé, aku bakal ngutus nabi-nabi, wong-wong wicaksana, lan guru-guru kanggo marani kowé. Ana sing bakal kok patèni lan ana sing bakal kok hukum ing cagak, ana sing bakal kok pecuti ing sinagogé lan ana uga sing bakal kok aniaya saka kutha siji menyang kutha sijiné. 35 Nganggo cara kuwi kowé bakal nanggung getihé kabèh wong bener sing wis diwutahké ing bumi, wiwit saka getihé Habèl yaiku wong sing bener nganti Zakharia anaké Barakhia, sing kok patèni ing antarané panggonan suci lan mésbah. 36 Saktenané aku kandha, hukuman kanggo kabèh dosa kuwi bakal ditanggung karo wong-wong jaman iki.*
37 ”Yérusalèm, Yérusalèm, sing matèni para nabi lan mbandhemi watu wong-wong sing diutus marang kowé, wis ping bola bali aku ngupaya nglumpukké anak-anakmu kaya pitik babon nglumpukké anak-anaké ing ngisor swiwiné. Nanging kowé padha ora gelem. 38 Mula, baitmu* bakal ditinggal dadi kosong lan sepi. 39 Kowé kabèh tak kandhani, wiwit saiki kowé ora bakal ndelok aku manèh nganti kowé kandha, ’Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah!’”