Yohanes
5 Sakwisé kuwi, ana riyaya wong Yahudi, lan Yésus lunga menyang Yérusalèm. 2 Ing Yérusalèm ing cedhaké Gerbang Wedhus Gèmbèl, ana kolam sing ing basa Ibrani disebut Bètzata, lan kolam kuwi diubengi limang serambi. 3 Akèh wong sing lara, wuta, pincang, lan lumpuh sing nggléthak ing serambi-serambi kuwi. 4 *—— 5 Ing kono, ana wong lanang sing wis lara suwéné 38 taun. 6 Yésus weruh wong kuwi nggléthak, lan merga ngerti nèk dhèwèké wis suwé lara, Yésus takon, ”Apa kowé péngin séhat?” 7 Wong lara kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing mbantu aku nyemplung menyang kolam kuwi wektu banyuné kocak. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.” 8 Yésus kandha, ”Ngadega! Angkaten klasamu* lan mlakua.” 9 Ing wektu kuwi uga, wong sing lara mau mari lan dhèwèké banjur ngangkat klasané lan mulai mlaku.
Dina kuwi dina Sabat. 10 Mula, wong-wong Yahudi padha ngomong marang wong kuwi, ”Saiki dina Sabat. Miturut hukum, kowé ora éntuk ngangkat klasamu.” 11 Wong lanang mau njawab, ”Wong sing marèkké aku, ngongkon aku, ’Angkaten klasamu lan mlakua.’” 12 Wong-wong Yahudi kuwi takon, ”Sapa sing ngongkon kowé, ’Angkaten klasamu lan mlakua’?” 13 Nanging wong lanang mau ora ngerti sapa sing marèkké dhèwèké, merga Yésus wis lunga saka kono lan mlebu ing antarané kumpulan wong akèh ing kono.
14 Sakwisé kuwi, Yésus ketemu karo wong lanang mau ing bait lan kandha, ”Saiki kowé wis mari. Aja nindakké dosa manèh, supaya kowé ora ngalami sing luwih parah.” 15 Banjur wong lanang mau lunga lan ngandhani wong-wong Yahudi nèk sing marèkké dhèwèké kuwi Yésus. 16 Kuwi sebabé wong-wong Yahudi mulai nentang Yésus, merga Yésus nindakké perkara-perkara kuwi ing dina Sabat. 17 Nanging Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Bapakku terus nyambut gawé nganti saiki, mula aku uga terus nyambut gawé.” 18 Kuwi sebabé, wong-wong Yahudi saya ngupaya matèni Yésus. Miturut wong-wong kuwi, Yésus ora mung nglanggar dina Sabat, nanging uga nganggep dhèwèké padha karo Gusti Allah merga nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké.
19 Mula Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Saktenané aku kandha marang kowé, Putra ora isa nindakké apa-apa miturut karepé dhéwé. Putra mung nindakké apa sing wis dhèwèké delok ditindakké Bapak. Apa waé sing ditindakké Bapak, kuwi uga sing ditindakké Putra nganggo cara sing padha. 20 Bapak nresnani Putra lan nduduhké marang Putra kabèh perkara sing Panjenengané dhéwé tindakké. Panjenengané uga bakal nduduhké marang Putra perkara-perkara sing luwih gedhé manèh ketimbang iki, supaya kowé padha nggumun. 21 Padha kaya Bapak nangèkké wong mati lan nguripké manèh wong-wong kuwi, Putra uga bakal nguripké manèh sapa waé sing dikarepké. 22 Bapak ora ngadili sapa-sapa, nanging maringi kuwasa marang Putra kanggo ngadili sakabèhé, 23 supaya kabèh wong ngajèni Putra kaya wong-wong kuwi ngajèni Bapak. Sapa waé sing ora ngajèni Putra ora ngajèni Bapak sing ngutus Putra. 24 Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya marang Bapak sing ngutus aku bakal nampa urip saklawasé. Dhèwèké ora bakal diadili nanging dhèwèké wis luput saka pati lan nampa urip.
25 ”Saktenané aku kandha marang kowé, wektuné bakal teka, lan malah saiki wis teka, wong mati bakal krungu swarané Putrané Gusti Allah, banjur wong sing padha nggatèkké bakal urip. 26 Bapak nduwé kuwasa kanggo maringi urip,* lan Panjenengané uga wis maringi kuwasa marang Putra kanggo mènèhi urip. 27 Bapak wis maringi dhèwèké kuwasa kanggo ngadili, merga dhèwèké kuwi Putrané manungsa. 28 Aja nggumun karo bab kuwi, merga bakal tekan wektuné kabèh wong sing ana ing njero kuburan* bakal ngrungokké swarané 29 lan metu. Wong-wong sing tumindaké apik bakal diuripké manèh kanggo urip saklawasé, nanging sing tumindaké èlèk bakal diuripké manèh kanggo diadili. 30 Aku ora isa nindakké apa-apa sakarepku dhéwé. Aku ngadili wong-wong miturut apa sing Bapak ngendikakké marang aku. Aku ngadili kanthi bener, merga aku ora nuruti karepku dhéwé, nanging aku nindakké kersané Bapak sing ngutus aku.
31 ”Nèk mung aku dhéwé sing mènèhi kesaksian bab aku, kesaksianku kuwi ora bener. 32 Nanging ana liyané manèh* sing mènèhi kesaksian bab aku, lan aku ngerti nèk kesaksiané Panjenengané bab aku kuwi bener. 33 Kowé wis ngutus wong-wong marang Yohanes, lan dhèwèké wis mènèhi kesaksian sing bener. 34 Sakjané aku ora perlu kesaksian saka manungsa, nanging aku ngomongké bab-bab iki supaya kowé kabèh isa dislametké. 35 Yohanes kuwi kaya lampu sing murub lan madhangi, lan mung kanggo sawetara mangsa, kowé kabèh péngin ngrasakké pepadhangé. 36 Nanging aku nduwé kesaksian sing luwih penting ketimbang kesaksiané Yohanes, yaiku gawéan sing Bapakku paringké kanggo tak rampungké, lan gawéan iki sing lagi tak tindakké. Gawéan kuwi sing mènèhi kesaksian nèk Bapak ngutus aku. 37 Bapak sing ngutus aku uga wis maringi kesaksian bab aku. Kowé kabèh ora tau krungu swarané utawa ndelok pasuryané, 38 lan pangandikané ora kesimpen ing atimu, merga kowé kabèh ora percaya marang wong sing wis diutus Panjenengané.
39 ”Kowé kabèh nliti Kitab Suci merga kowé mikir nèk bakal éntuk urip saklawasé nganggo cara kuwi. Kitab Suci kuwi dhéwé mènèhi kesaksian bab aku, 40 nanging kowé padha ora gelem teka marang aku kanggo éntuk urip kuwi. 41 Aku ora nggolèk kamulyan saka manungsa, 42 nanging aku ngerti tenan nèk ing njero atimu ora ana rasa tresna marang Gusti Allah. 43 Aku teka nganggo asmané Bapakku, nanging kowé kabèh ora nampa aku. Nèk wong liya teka nganggo jenengé dhéwé, kowé padha gelem nampa wong kuwi. 44 Piyé kowé bakal isa percaya nèk kowé padha nampa kamulyan saka siji lan sijiné lan ora ngupaya nggolèk kamulyan saka siji-sijiné Gusti Allah? 45 Aja mikir nèk aku bakal nudhuh kowé ing ngarsané Bapak, sing nudhuh kowé kuwi Musa, yaiku wong sing kok percayani. 46 Sakjané nèk kowé percaya marang Musa, kowé uga bakal percaya marang aku, merga Musa nulis bab aku. 47 Nanging nèk kowé ora percaya marang tulisané, apa mungkin kowé percaya marang omonganku?”