Wahyu
10 Banjur aku ndelok malaékat liyané sing kuwat, mudhun saka swarga, kemulan méga lan ana pelangi ing ndhuwur sirahé. Rupané malaékat kuwi kaya srengéngé, lan sikilé kaya cagak geni. 2 Dhèwèké nyekel gulungan cilik sing kebukak. Sikilé sing tengen napak ing laut, lan sikilé sing kiwa napak ing daratan. 3 Banjur dhèwèké mbengok nganggo swara seru kaya singa sing nggero. Wektu dhèwèké mbengok, aku krungu pitung gludhug ngomong.
4 Wektu pitung gludhug kuwi ngomong, aku wis siap-siap arep nulis, nanging ana swara saka langit sing ngongkon aku, ”Dhelikna bab-bab sing diomongké pitung gludhug kuwi, lan aja kok tulis.” 5 Malaékat sing tak delok ngadeg ing laut lan daratan kuwi ngangkat tangané tengen ing langit. 6 Lan dhèwèké sumpah demi Pribadi sing urip langgeng saklawas-lawasé, sing nggawé langit lan sak isiné, bumi lan sak isiné, uga laut lan sak isiné. Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah ora bakal ngundur-undur manèh. 7 Nanging wektu malaékat sing kapitu mèh nyebul trompèté, rahasia suciné Gusti Allah bakal bener-bener kelakon. Iki rahasia suci sing Gusti Allah wartakké dadi kabar apik marang budhak-budhaké, yaiku para nabi.”
8 Banjur aku krungu ana swara saka langit sing ngomong marang aku, ”Lungaa, jupuken gulungan sing kebukak, sing ana ing tangané malaékat sing ngadeg ing laut lan ing daratan mau.” 9 Banjur aku lunga nemoni malaékat kuwi lan njaluk gulungan cilik kuwi. Dhèwèké kandha, ”Jupuken lan panganen nganti entèk. Kuwi bakal nggawé wetengmu lara,* nanging ing cangkemmu kuwi bakal legi kaya madu.” 10 Aku njupuk gulungan cilik kuwi saka tangané malaékat mau, banjur tak pangan. Ing cangkemku, kuwi rasané legi kaya madu, nanging pas aku wis mangan kuwi, wetengku lara.* 11 Banjur aku diwènèhi préntah iki, ”Kowé kudu ngramal bab wong-wong, bangsa-bangsa, basa-basa, lan akèh raja.”