1 Para Raja
1 Saiki Raja Daud wis tuwa banget.+ Senajan wis dikemuli, ning Daud isih kadhemen. 2 Mula para abdiné kandha marang dhèwèké, ”Tulung ijinké aku kabèh nggolèk prawan kanggo rajaku. Dhèwèké bakal ngladèni lan ngrawat Raja. Dhèwèké bakal turon ing cedhaké Raja bèn rajaku dadi anget.” 3 Wong-wong kuwi lunga menyang kabèh dhaérah Israèl kanggo nggolèk cah wédok sing ayu, lan akhiré ketemu karo Abisyag,+ cah wédok saka Syunem.+ Terus, cah wédok kuwi digawa marang Raja. 4 Cah wédok kuwi ayu banget. Dhèwèké ngrawat lan ngladèni Raja, ning Raja ora nindakké hubungan sèks karo dhèwèké.
5 Wektu kuwi, Adoniya+ anaké Hagit dadi sombong. Dhèwèké kandha, ”Aku bakal dadi raja.” Dhèwèké ngongkon wong nyiapké kréta perang lan pasukan sing numpak jaran kanggo dhèwèké. Dhèwèké ya ngongkon wong 50 mlayu ing ngarepé.+ 6 Ning bapaké ora tau nyenèni* dhèwèké. Bapaké ora tau kandha, ”Mbok kowé aja ngono.” Adoniya kuwi nggantheng banget, lan ibuné nglairké dhèwèké sakwisé Absalom. 7 Adoniya omong-omongan karo Yoab anaké Zéruya lan Imam Abiatar.+ Wong-wong kuwi ndhukung lan mbantu dhèwèké.+ 8 Ning Imam Zadok,+ Bénaya+ anaké Yéhoyada, Nabi Natan,+ Syiméi,+ Rèi, lan para prajurité Daud sing hébat+ ora ndhukung Adoniya.
9 Akhiré Adoniya mènèhké korban+ domba, sapi, lan kéwan sing lemu-lemu ing watu Zohèlèt, cedhak Èn-rogèl. Dhèwèké ngundang kabèh seduluré lanang, yaiku anak-anaké Raja, lan kabèh wong Yéhuda sing nglayani Raja. 10 Ning dhèwèké ora ngundang Nabi Natan, Bénaya, para prajurité Daud sing hébat, lan Salomo seduluré. 11 Terus Natan+ kandha marang Bat-syéba+ ibuné Salomo,+ ”Apa kowé ora krungu nèk Adoniya+ anaké Hagit wis dadi raja, lan Daud rajané awaké dhéwé ora ngerti apa-apa soal kuwi? 12 Mula, tulung rungokna saranku, bèn kowé isa nylametké nyawamu lan nyawané Salomo anakmu.+ 13 Kowé kudu lunga marang Raja Daud lan ngomong ngéné, ’Rajaku, njenengan kan wis sumpah marang abdimu iki, ”Anakmu Salomo bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku”?+ Terus, ngapa kok saiki Adoniya sing dadi raja?’ 14 Mengko pas kowé isih omongan karo Raja, aku bakal mlebu lan ngandhani Raja nèk omonganmu kuwi bener.”
15 Mula, Bat-syéba marani Raja ing kamaré. Raja wis tuwa banget, lan Abisyag+ cah wédok Syunem kuwi lagi njaga Raja. 16 Bar kuwi Bat-syéba sujud ing ngarepé Raja, terus Raja kandha, ”Kowé arep njaluk apa?” 17 Bat-syéba kandha, ”Rajaku, njenengan kan wis sumpah marang abdimu iki demi Yéhuwah Gusti Allahmu, ’Anakmu Salomo bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku.’+ 18 Ning saiki Adoniya sing dadi raja, lan rajaku ora ngerti apa-apa soal kuwi.+ 19 Dhèwèké mènèhké korban sapi lanang, kéwan sing lemu-lemu, lan domba sing akèh banget. Dhèwèké ya ngundang kabèh anaké Raja, Imam Abiatar, lan Yoab pemimpin pasukan,+ ning ora ngundang Salomo abdimu.+ 20 Rajaku, kabèh wong Israèl lagi nunggu njenengan ngumumké sapa sing bakal lungguh ing takhtané njenengan. 21 Nèk rajaku ora nindakké kuwi, mengko sakwisé njenengan mati,* aku lan Salomo anakku bakal dianggep pengkhianat.”
22 Wektu Bat-syéba isih omongan karo Raja, Nabi Natan teka.+ 23 Raja langsung dikandhani, ”Ana Nabi Natan.” Nabi Natan terus ngadhep lan sujud ing ngarepé Raja. 24 Bar kuwi, Nabi Natan kandha, ”Rajaku, apa njenengan tau kandha, ’Adoniya bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku’?+ 25 Dina iki dhèwèké mènèhké korban+ sapi lanang, kéwan sing lemu-lemu, lan domba sing akèh banget. Dhèwèké ya ngundang kabèh anaké Raja, para pemimpin pasukan, lan Imam Abiatar.+ Wong-wong kuwi padha mangan lan ngombé bareng dhèwèké karo kandha, ’Muga-muga Raja Adoniya diberkahi.’ 26 Ning, dhèwèké ora ngundang aku, Imam Zadok, Bénaya+ anaké Yéhoyada, utawa Salomo abdimu. 27 Apa rajaku wis setuju lan ora ngandhani aku soal sapa sing kuduné lungguh ing takhtané njenengan?”
28 Raja Daud kandha, ”Tulung undangen* Bat-syéba.” Terus Bat-syéba mara lan ngadeg ing ngarepé Raja. 29 Raja sumpah, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing wis nylametké aku* saka kabèh kesusahan,+ 30 dina iki aku bakal nepati apa sing wis tak janjèkké marang kowé demi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Salomo anakmu bakal dadi raja sakwisé aku, lan dhèwèké kuwi wong sing bakal lungguh ing takhtaku kanggo nggantèni aku.’” 31 Terus, Bat-syéba sujud ing ngarepé Raja karo kandha, ”Muga-muga Raja Daud dawa umuré!”
32 Raja Daud langsung kandha, ”Tulung undangen* Imam Zadok, Nabi Natan, lan Bénaya+ anaké Yéhoyada.”+ Mula, wong-wong kuwi teka ngadhep Raja. 33 Raja kandha marang wong-wong kuwi, ”Para abdiku ya ajaken, terus Salomo anakku kongkonen numpak keledaiku,*+ lan gawanen dhèwèké menyang Gihon.+ 34 Ing kana, Imam Zadok lan Nabi Natan bakal nglantik+ dhèwèké dadi rajané Israèl. Terus, kowé kabèh kudu nyebul trompèt* lan kandha, ’Muga-muga Raja Salomo diberkahi.’+ 35 Bar kuwi, kowé kudu ngancani dhèwèké bali mréné. Dhèwèké bakal lungguh ing takhtaku kanggo dadi Raja nggantèni aku, lan aku bakal ndadèkké dhèwèké pemimpiné Israèl lan Yéhuda.” 36 Bénaya anaké Yéhoyada langsung njawab, ”Amin! Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan setuju karo njenengan. 37 Kaya Yéhuwah wis ndhukung rajaku, muga-muga Gusti Allah ya ndhukung Salomo.+ Muga-muga Gusti Allah ndadèkké takhtané Salomo luwih gedhé timbang takhtané Daud Rajaku.”+
38 Terus Imam Zadok, Nabi Natan, Bénaya+ anaké Yéhoyada, wong Khèrèti lan wong Pèlèti*+ padha lunga, lan Salomo ditumpakké keledainé* Raja Daud.+ Wong-wong kuwi nggawa Salomo menyang Gihon.+ 39 Bar kuwi, Imam Zadok njupuk wadhah* sing isiné minyak+ saka kémahé,+ terus ngesokké minyak kuwi ing ndhuwur sirahé Salomo+ kanggo nglantik dhèwèké. Wong-wong padha nyebul trompèt* lan mulai padha mbengok, ”Muga-muga Raja Salomo diberkahi.” 40 Sakwisé kuwi, kabèh wong lunga ngetutké Salomo karo nyuling lan sorak-sorak. Swarané banter banget nganti buminé goncang.*+
41 Adoniya lan kabèh wong sing diundang krungu swara kuwi pas wis padha rampung mangan.+ Wektu krungu swara trompèt* kuwi, Yoab langsung kandha, ”Ngapa ta kok ana ramé-ramé ing kutha?” 42 Pas Yoab isih omongan, Yonatan+ anaké Imam Abiatar teka. Terus Adoniya kandha, ”Mrénéa, kowé kuwi wong apik. Kowé mesthi nggawa kabar apik.” 43 Terus Yonatan njawab Adoniya, ”Ora! Daud rajané awaké dhéwé wis nglantik Salomo dadi raja. 44 Raja ngutus Imam Zadok, Nabi Natan, Bénaya anaké Yéhoyada, wong Khèrèti lan wong Pèlèti* kanggo lunga bareng Salomo, lan Salomo ditumpakké keledainé* Raja.+ 45 Terus, Imam Zadok lan Nabi Natan nglantik Salomo ing Gihon dadi raja. Bar kuwi, wong-wong mau lunga karo sorak-sorak, mula kuthané dadi ramé banget. Kuwi swara sing mbok rungokké. 46 Salomo saiki wis lungguh ing takhta kerajaan. 47 Sakliyané kuwi, para abdiné Raja wis padha teka kanggo ngucapké slamet marang Daud rajané awaké dhéwé, kandhané, ’Muga-muga Gusti Allahmu nggawé jenengé Salomo luwih luhur timbang jenengmu, lan ndadèkké takhtané luwih gedhé timbang takhtamu!’ Terus, Raja ndhingkluk ing kasuré. 48 Raja ya kandha, ’Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji. Dina iki Dhèwèké wis nglantik wong kanggo lungguh ing takhtaku, lan ngijinké aku kanggo ndelok kuwi!’”
49 Kabèh sing diundang Adoniya padha kewedèn, terus padha bubar dhéwé-dhéwé. 50 Adoniya ya wedi karo Salomo, mula dhèwèké ngadeg. Bar kuwi, dhèwèké lunga menyang mézbah lan nyekel sungu-sunguné mézbah.+ 51 Salomo éntuk laporan, ”Adoniya wedi karo Raja Salomo. Dhèwèké nyekel sungu-sunguné mézbah karo kandha, ’Aku njaluk supaya Raja Salomo sumpah dhisik marang aku nèk dhèwèké ora bakal matèni abdiné iki nganggo pedhang.’” 52 Salomo kandha, ”Nèk dhèwèké isa dipercaya, rambuté sak ler waé ora bakal tiba ing lemah. Ning, nèk dhèwèké tumindak èlèk,+ dhèwèké kudu mati.” 53 Mula, Raja Salomo ngutus wong kanggo nggawa dhèwèké saka mézbah kuwi. Terus, Adoniya mara lan sujud ing ngarepé Raja Salomo. Salomo kandha, ”Balia menyang omahmu.”