Ayub
6 Terus Ayub njawab,
2 ”Nèk sengsara+ sing tak alami isa ditimbang
Lan didèlèhké ing timbangan bareng karo musibah sing tak alami,
3 Kuwi luwih abot timbang pasir ing laut.
Kuwi sebabé, omonganku ngawur.*+
4 Aku ngrasa nèk aku dipanah Gusti Allah sing Mahakuwasa nganggo panah beracun,
Terus racuné nyebar ing awakku.+
Gusti Allah nyerang aku, lan aku wedi banget.
5 Apa keledai+ liar bakal nyuwara merga ngelih* nèk ana suket,
Utawa apa sapi lanang bakal nyuwara merga susah nèk ana panganan?
6 Apa kowé isa mangan panganan sing ora ana rasané tanpa uyah,
Utawa apa putihan endhog ana rasané?
7 Aku ora gelem ndemèk panganan kaya ngono,
Merga kuwi njijiki banget.*
8 Muga-muga sing tak jaluk isa kelakon,
Lan Gusti Allah nuruti kepénginanku.
9 Muga-muga Gusti Allah gelem ngremuk aku
Lan gelem matèni aku.+
10 Kuwi sing nggawé aku ayem.
Aku bakal mlumpat merga seneng senajan terus ngrasakké lara,
Merga aku ora tau nolak omongané Gusti Allah sing Suci.+
11 Apa aku isa tetep kuwat ngentèni?+
Apa aku isih nduwé harapan, kok aku kudu terus urip?
12 Apa kekuwatanku kaya watu?
Apa dagingku kaya tembaga?
13 Apa aku isa nulungi awakku dhéwé,
Padahal ora ana sing ndhukung aku?
15 Kanca-kancaku dhéwé ora isa dipercaya,+ kaya kali saka salju sing mencair,
Sing akhiré dadi garing.
16 Kali kuwi dikebaki
Ès lan salju sing mencair.
17 Ning, pas musim panas, kali kuwi dadi ora ana banyuné lan ilang.
Wektu hawané panas, kali kuwi garing.
18 Alirané ménggok
Menyang padhang gurun, terus ilang.
19 Rombongan pedagang saka Téma+ nggolèki kali kuwi,
Lan para pengembara saka Syéba+ ya nggolèki kali kuwi.
20 Wong-wong kuwi isin merga yakin nèk bakal nemokké banyu.
Wong-wong kuwi gela wektu tekan kono.
21 Kowé ya kaya wong-wong kuwi.+
Kowé wis ndelok kesusahanku, terus kowé wedi.+
22 Apa aku tau njaluk-njaluk marang kowé,
Utawa apa aku tau njaluk barang saka hartamu?
23 Apa aku tau njaluk tulung bèn kowé nylametké aku saka mungsuh,
Utawa nylametké* aku saka wong-wong sing nindhes aku?
24 Tulung kandhani aku, lan aku bakal meneng.+
Tulung kandhani aku bèn aku ngerti salahku.
25 Omongan sing bener ora nglarani ati.+
Ning, apa naséhatmu kuwi ana gunané?+
26 Apa kowé arep nyalahké omonganku,
Omongané wong sing putus asa,+ sing omongané kaya angin?
28 Saiki deloken aku,
Aku ora bakal ngapusi kowé.
29 Tulung dipikirké manèh, aja sembarangan nudhuh aku.
Tulung dipikirké manèh, merga aku ora nindakké sing salah.*
30 Apa mbok pikir aku ngapusi?
Mbok pikir aku ora ngerti apa sebabé aku susah?