Pangentasan
5 Sakwisé kuwi, Musa lan Harun ngadhep Firaun lan kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl kandha, ’Umat-Ku bèn lunga menyang padhang belantara bèn isa nggawé perayaan kanggo Aku.’” 2 Ning Firaun kandha, ”Sapa Yéhuwah+ kuwi? Ngapa kok aku kudu manut omongané lan ngéntukké wong Israèl lunga?+ Aku babar blas ora kenal karo Yéhuwah, lan aku ora bakal ngéntukké wong Israèl lunga.”+ 3 Musa lan Harun kandha, ”Gusti Allahé wong Ibrani wis ngomong karo aku. Tulung, mbok aku kabèh éntuk lunga menyang padhang belantara kanggo mènèhké korban marang Yéhuwah Gusti Allahku.+ Butuh wektu telung dina bèn isa tekan kana. Nèk ora, Gusti Allah bakal nggawé aku kabèh kena penyakit utawa matèni aku kabèh nganggo pedhang. 4 Raja Mesir njawab, ”Musa lan Harun, ngapa kowé péngin nggawé wong-wong kuwi mandheg kerja? Kerja manèh kana!”+ 5 Firaun kandha, ”Wong sing kerja ing tanah iki akèh banget. Ning, kowé malah péngin nggawé wong-wong kuwi mandheg kerja.”
6 Dina kuwi, Firaun mréntahké para pengawas lan wong Israèl sing dadi mandor, 7 ”Wong-wong kuwi aja diwènèhi jerami manèh,+ bèn padha nggolèk dhéwé. 8 Ning, kowé kudu tetep ngongkon wong-wong kuwi nggawé bata sing jumlahé padha kaya sakdurungé. Aja dikurangi. Wong-wong kuwi kesèd, mulané padha kandha, ’Aku péngin lunga mènèhké korban marang Gusti Allahku.’ 9 Wènèhna wong-wong kuwi gawéan sing luwih akèh bèn ora ana wektu kanggo mikirké omongan sing ora bener.”
10 Mula, para pengawas+ lan para mandor kandha marang wong Israèl, ”Iki sing diomongké Firaun, ’Kowé ora bakal tak wènèhi jerami manèh. 11 Golèka dhéwé jeraminé. Kowé isa nggolèk ing endi waé. Ning, jumlah bata sing mbok gawé ora bakal dikurangi.’” 12 Terus, wong Israèl padha mencar kanggo ngumpulké jerami ing ladhang sing wis dipanèn ing kabèh wilayah ing tanah Mesir.* 13 Para pengawas terus meksa wong-wong kuwi, ”Ndang kerja! Kowé kabèh kudu kerja! Jumlah bata sing mbok gawé saben dina kudu padha kaya pas isih disedhiani jerami.” 14 Para pengawas sing dipilih Firaun nggebugi+ wong Israèl sing dadi mandor. Para pengawas kuwi takon, ”Ngapa kok jumlahé bata ora padha kaya biasané? Wingi wis kurang, dina iki ya kurang.”
15 Mula, wong Israèl sing dadi mandor kuwi nemoni Firaun lan sambat, ”Ngapa kok njenengan kaya ngono karo para abdimu iki? 16 Aku ora diwènèhi jerami manèh, tapi tetep dikongkon nggawé bata. Aku ya digebugi, padahal para pengawas kuwi dhéwé sing salah.” 17 Ning Firaun kandha, ”Kowé males-malesan!+ Mulané kowé kandha, ’Aku péngin lunga mènèhké korban marang Yéhuwah.’+ 18 Lunga kana! Ndang kerja manèh! Kowé ora bakal diwènèhi jerami, ning kowé kudu tetep nggawé bata sing jumlahé padha.”
19 Para mandor Israèl kuwi dadi ngerti nèk lagi ngalami masalah sing gedhé, merga jumlah bata sing kudu digawé ora éntuk kurang. 20 Sakwisé ngadhep Firaun, wong-wong kuwi ketemu karo Musa lan Harun sing lagi ngadeg karo ngentèni wong-wong kuwi. 21 Wong-wong kuwi kandha, ”Muga-muga Yéhuwah ndelok kelakuanmu lan ngukum kowé. Kowé wis nggawé Firaun lan para abdiné sengit karo aku lan wong Israèl. Gara-gara kowé, wong-wong kuwi dadi nduwé alesan kanggo matèni aku lan wong Israèl.”+ 22 Terus Musa kandha karo Yéhuwah, ”Yéhuwah, ngapa Njenengan nggawé umat-Mu susah? Ngapa Njenengan ngutus aku? 23 Kèt pertama aku ngadhep Firaun dadi wakil-Mu,+ Firaun saya jahat karo umat-Mu.+ Ning, Njenengan babar blas ora nylametké umat-Mu.”+