Yérémia
18 Iki sing diomongké Yéhuwah marang Yérémia: 2 ”Lungaa menyang omahé pengrajin tanah liat.+ Ana sing arep Tak omongké marang kowé ing kana.”
3 Terus aku lunga menyang omahé pengrajin tanah liat. Dhèwèké lagi nggawé wadhah saka tanah liat nganggo alaté.* 4 Ning, jebulé wadhah sing digawé mau ora sesuai karo sing dikarepké. Mula, tanah liat kuwi digawé manèh dadi wadhah liyané lan dibentuk kaya sing dikarepké.
5 Terus Yéhuwah kandha marang aku, 6 ”’Hé wong Israèl,+ nurutmu apa Aku ora isa tumindak kaya pengrajin kuwi?’ kandhané Yéhuwah. ’Ing tangan-Ku, kowé kuwi kaya tanah liat ing tangané pengrajin. 7 Saben Aku ngomong nèk Aku arep nyabut, ngremuk, lan nyingkirké salah siji bangsa utawa kerajaan,+ 8 ning bangsa kuwi ora nindakké manèh kejahatan sing Tak omongké, Aku bakal berubah pikiran* soal bencana sing arep Tak wènèhké kanggo bangsa kuwi.+ 9 Tapi saben Aku ngomong nèk arep mbangun lan nandur salah siji bangsa utawa kerajaan, 10 ning bangsa kuwi malah nindakké sing èlèk nurut pandhangan-Ku lan ora manut omongan-Ku, Aku ya bakal berubah pikiran* soal apa sing apik sing wis Tak rencanakké kanggo bangsa kuwi.’
11 ”Mula saiki tulung kandhanana wong-wong lanang Yéhuda lan penduduk Yérusalèm, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Aku wis nyiapké bencana lan mikirké soal piyé carané ngukum kowé. Mula tulung mertobata saka tumindakmu sing èlèk. Kelakuan lan tumindakmu ya kudu mbok ubah.”’”+
12 Ning wong-wong kuwi kandha, ”Wegah!+ Aku arep nuruti pikiranku dhéwé lan arep tumindak nuruti kepénginan atiku sing ndableg lan jahat.”+
13 Mula iki sing diomongké Yéhuwah:
”Coba takona ing antarané bangsa-bangsa,
Sapa sing tau krungu kaya ngéné iki?
Wong Israèl wis nindakké sing bejat banget.+
14 Apa tau lèrèng-lèrèng watu ing pegunungan Lébanon ora ana saljuné?
Utawa apa tau kali-kaliné sing banyuné adhem dadi garing?
15 Ning umat-Ku wis nglalèkké Aku.+
Wong-wong kuwi mènèhké korban* marang brahala sing ora ana gunané+
Lan nggawé wong dadi kesandhung ing dalan kuna.+
Terus, wong-wong kuwi nyimpang menyang dalan-dalan cilik sing ora rata lan ora alus.
16 Kuwi sebabé tanahé wong-wong kuwi bakal dadi panggonan sing medèni,+
Saben wong sing liwat ing kono bakal wedi ndelok kuwi lan gèdhèg-gèdhèg.+
17 Wong-wong kuwi bakal Tak pencarké ing ngarepé mungsuh-mungsuhé, kaya debu sing kabur kena angin wétan.
Pas padha ngalami bencana, Aku bakal ninggalké wong-wong kuwi.”+
18 Terus wong-wong kuwi kandha, ”Ayo awaké dhéwé nggawé siasat nglawan Yérémia,+ merga sing bakal terus ngandhani awaké dhéwé soal hukum* kuwi para imamé awaké dhéwé, sing bakal terus mènèhi awaké dhéwé naséhat kuwi wong wicaksana, lan sing bakal terus ngumumké omongané Gusti Allah marang awaké dhéwé kuwi para nabi. Mula ayo nudhuh dhèwèké, lan aja nggatèkké omongané.”
19 Gatèkna aku, oh Yéhuwah,
Lan rungokna omongané wong-wong sing nglawan aku.
20 Apa pantes nèk tumindak apik dibales nganggo tumindak jahat?
Wong-wong kuwi nggali lubang kanggo matèni aku.+
Élinga piyé aku ngadeg ing ngarep-Mu kanggo ngomongké sing apik soal wong-wong kuwi,
Bèn Njenengan ora nesu manèh marang wong-wong kuwi.
21 Mula, bèn waé anak-anaké padha mati merga kelaparan.
Bèn waé wong-wong kuwi dipatèni nganggo pedhang.+
Bèn waé bojoné kélangan anak-anaké lan dadi randha.+
Bèn waé wong-wongé lanang padha mati merga penyakit sing parah
Lan cah-cah lanangé padha dipatèni nganggo pedhang pas perang.+
22 Pas Njenengan nggawé grombolan rampok ujug-ujug teka,
Bèn waé ana swara bengok-bengok saka omahé wong-wong kuwi,
Sebab wong-wong kuwi nggali lubang kanggo nangkep aku
Lan masang jebakan kanggo aku.+
23 Ning Njenengan, oh Yéhuwah,
Njenengan ngerti tenan siasaté wong-wong kuwi kanggo matèni aku.+
Aja ngapura kesalahané wong-wong kuwi,
Lan aja nglalèkké dosané wong-wong kuwi.